Pluto

planit cilik ing Tata Surya

Pluto (nama resmi: 134340; simbol: ⯓[8] lan ♇[9]) punika satunggilipun planit kerdhil (dwarf planit) ing Tata Surya. Sadèrèngipun 24 Agustus 2006, Pluto ndarbèni status satunggiling planit lan wujud planit paling alit lan paling tebih (urutan nomer sanga) saking Srengéngé.

Pluto  ⯓
Pluto.
Pluto.
Panemon
Panemu Clyde W. Tombaugh
Tanggal ditemokaké 18 Fèbruari 1930
Penamaan
Penamaan MPC 134340 Pluto
Kategori
planet minor
planit katai,
TNO,
plutoid,
KBO,
plutino
Adjektif Plutonian
Epos J2000
Aphelion7.375.927.931 km
49,305 032 87 SA
Perihelion 4.436.824.,613 km
29,658 340 67 SA
Sumbu semi-mayor 5.906.376.272 km
39,481 686 77 SA
Eksentrisitas 0,248 807 66
Periode orbit 90.613,305 hari
248,09 taun
Periode sinodis 366,73 hari
Kecepatan orbit rata-rata 4,666 km/s
Inklinasi 17,141 75°
11,88° ke ekuator Matahari
Bujur node menaik 110,303 47°
Argumen perihelion 113,763 29°
Satelit 3
Ciri-ciri fisik
Jari-jari rata-rata 1.151 km[1]
0,18 Bumi
Luas permukaan 1,665×107 km²[1]
0,033 Bumi
Volume 6.39×109 km³[1]
0,0059  Bumi
Massa (1,305 ± 0,007)×1022 kg[2]
0,002 1 Bumi
0,178 bulan
Kepadatan rata-rata 2,03 ± 0,06 g/cm³[2]
Gravitasi permukaan di khatulistiwa0,81 m/s²[1]
0,059 g
Kecepatan lepas1,27 km/s[1]
Hari sideris −6,387 230 hari
6 hari 9 jam 17 men 36 det
Kecepatan rotasi 47,18 km/jam
Kemiringan sumbu 119,591 ± 0,014° (ke orbit)[2][3]
Asensio rekta bagi kutub utara 133,046 ± 0,014°[2]
Deklinasi -6,145 ± 0,014°[2]
Albedo0,49–0,66 (bervariasi 35%)[4][5]
Suhu permukaan
   Kelvin
minrata-ratamaks
33 K44 K55 K
Magnitudo tampak sampai 13,65 (rata-rata 15,1)[5]
Magnitudo mutlak (H) −0,7[6]
Ukuran sudut 0,065" sampai 0,115"[5][7]
Atmosfer
Tekanan permukaan 0,30 Pa (maksimum mangsa panas)
Komposisi nitrogen, metana
Barkas:Pluto artistimpression.gif
Planit Pluto (warni coklat) kabandingaken kaliyan satelitipun Charon.

Ing 7 September 2006, nama Pluto dipun-gantos kanthi nomer kémawon, inggih punika 134340. Nami punika kaparingaken déning Minor Planit Center (MPC), organisasi resmi ingkang gadhah tanggel waler ngempalaken dhata prakawis asteroid lan komet ing tata surya. [1]

Ing taun 1978 Pluto dipunmangertos ndarbèni satelit ingkang ukuranipun boten tebih alitipun saking Pluto piyambak, namanipun Charon (diameteripun 1.196 km). Salajengipun kapanggih malih satelit sanès, Nix lan Hydra.

Sasampunipun 75 taun kawit dipuntemoaken, Pluto taksih kabalut misteri. Sapunika wahana nirawak New Horizons sampun kaluncuraken kanggé nliti Pluto lan dipunkinten badhé nyelaki Pluto ing let paling alit ing wulan Juli 2015.

Statistik besut

Kawit katemoaken déning Clyde William Tombaugh, astronom anèm ing Observatorium Lowell, tanggal 18 Fèbruari 1930, Pluto salajengipun dados salah satunggilipun anggota saking Tata Surya ingkang paling tebih papanipun.

Let Pluto kaliyan srengéngé punika 5.900,1 yuta kilomèter. Pluto ndarbèni dhiameter dugi 4.862 km lan ndarbèni massa 0,002 massa Bumi. Periode rotasi Pluto punika 6,39 dinten, déné kalamangsa revolusinipun 248,4 taun. Wangun Pluto mèmper kaliyan Bulan kanthi atmosfer ingkang ngandhut metan. Suhu lumah Pluto antawis-233oCelsius dugi-223o Celsius, saéngga sapérangan ageng awujud ès.

Status Pluto dados siji planit besut

Manawi mirsani sajarahipun, Pluto saleresipun katemoaken lantaran wontenipun téyori prakawis planit nomer sanga ing sistem tata surya Bimasakti.

Salajengipun, sasampunipun Clyde saged nedahaken buktos-buktos nyata ing panliténipun, Pluto resmi dados salah satunggiling planit ingkang nemtokaken rotasi galaksi punika.

Ing wekdal Pluto katemoaken, Pluto namung dipunmangertos dados satunggal-satunggaling obyék ngangkasa ingkang wonten sasampunipun Neptunus. Salajengipun, Charon, satelit ingkang nglilingi Pluto naté dipunkinten planit ingkang saleresipun. Wontenipun satelit Charon punika saya ngiyataken status Pluto dados satunggiling planit

Nanging, para astronom salajengipun nemoaken kirang langkung 1.000 obyék alit sanès ing wikingipun Neptunus (kasebat obyék trans-Neptunus) ingkang ugi nglilingi Srengéngé. Ing mrika mbok manawi wonten kirang langkung 100.000 obyék kanthi rupi ingkang mèmper satunggal-satunggalipun ingkang kakenal mawi obyék Sabuk Kuiper (Sabuk Kuiper inggih punika péranganing obyék-obyék trans-Neptunus). Welasan bandha langit kalebet ing Obyék Sabuk Kuiper ing antawisipun Quaoar (1.250 km ing wulan Juni 2002), Huya (750 km ing wulan Maret 2000), Sedna (1.800 km ing wulan Maret 2004), Orcus, Vesta, Pallas, Hygiea, Varuna, lan 2003 EL61 (1.500 km ing wulan Mèi 2004).

Panemon 2003 EL61 cekap ndamel heboh amargi Obyék Sabuk Kuiper punika dipunmangertos ugi ndarbèni satelit ing wulan Januari 2005 éwadéné ukuranipun langkung alit tinimbang Pluto. Lan puncakipun inggih punika panemon UB 313 (2.700 km ing wulan Oktober 2003) ingkang diparingi nama déning panemunipun Xena. Obyék punika langkung ageng tinimbang Pluto lan ugi ndarbèni satelit.

Pluto piyambak, kanthi orbit panjangipun ingkang anéh, ndarbèni prilaku langkung mèmper obyék Sabuk Kuiper tinimbang satunggiling planit, makaten anggepanipun sapérangan astronom. Orbit Pluto ingkang wangunipun elips tumpang tindhih kaliyan orbit Neptunus. Orbitipun tumrap Srengéngé ugi mlengkung sanget kabandingaken 8 obyék ingkang kaklasifikasi dados planit. Ukuran Pluto ugi alit sanget, malah langkung alit tinimbang Bulan, saéngga alit sanget kanggé kasebat planit.

Sasampunipun Tombaugh mangkat taun 1997, sapérangan astronom nyaranaken supados International Astronomical Union, siji badhan ingkang ngurusi penamaan lan panggolongan bandha langit, nurunaken pangkat Pluto boten dados planit malih. Sapérangan astronom ugi wonten ingkang tetep péngén nampi Pluto dados satunggiling planit. Alesanipun, Pluto ndarbèni wangun bunder kados planit, éwadéné komet lan asteroid cenderung ndarbèni wangun boten teratur. Pluto ugi ndarbèni atmosfer lan mangsa kados planit.

Ing tanggal 24 Agustus 2006, ing satunggiling patemon Persatuan Astronomi Internasional, 3.000 ilmuwan astronomi mutusaken kanggé ngéwahi status Pluto dados "planit kerdhil".

Asal-usul nama besut

Perkawis punika ugi naté dados kontrovérsi. Amargi naté ndamel kathah pihak slisih paham. Kathah ingkang nelaaken nama punika asalipun saking karakter asu ing komik Walt Disney. Kasunyatan bilih komik kasebat miwiti dhebutipun ing taun ingkang sami kaliyan panemon bandha ngangkasa kasebat déning manungsa kapitados kathah pihak dados salah satunggal alasanipun.

Nami Pluto ugi dados nama déwa saking kabudayan Romawi ingkang nguwaosi donya kapejahan (Hades ing kabudayan Yunani). Nami punika kaparingaken mbokmanawi amargi bandha ngangkasa punika sami peteng lan asrepipun kaliyan déwa kasebat,ugi misteri ingkang nyingkup.

Pranyata kathah nama sanès ingkang naté katolak kanggé njenengi planit énggal wau. Salah satunggalipun inggih punika Minerva, ingkang ateges dewi ngèlmu kawruh. Alasanipun jelas, amargi nama kasebat sampun kaginaaken kanggé prakawis sanès. Lajeng wonten nama Constante, ngrujuk ing nama pendhiri observatorium papanipun Clyde makarya, Constante Lowell. Nanging pawènèhan nama Lowell ugi katolak kanthi alon-alon.

Kasingkup misteri besut

Ngantos sapunika saged dipuntelaaken Pluto punika salah satunggiling bandha ngangkasa ingkang paling awis-awis katliti manungsa. Kathah alasan njalari kathah proyék kanggé nliti Pluto mandheg.

Wahana panliti besut

Salah satunggiling panlitén ingkang cekap serius pungkasanipun kagelar ugi kanggé mirsani Pluto, inggih punika panlitén NASA saking pihak AS, ingkang ngirimaken satunggal sét pesawat tanpa awak kanggé ndata laladan lumah Pluto, karakteristik géografi lan géomorpologi kanthi global lan madosi dhata struktur atmosfer ingkang nglingkupi Pluto.

Satunggiling èkspédhisi ingkang kanamèken Pluto Express dipunrencanaaken wiwit mluncur tumuju ngangkasa ing wulan Dhésèmber 2004 lan dipunrencanaaken dumugi ing Pluto paling dangu taun 2008, nanging èkspédhisi punika akhiripun kabatalaken taun 2000 amargi masalah dana lan dipun-gantos siji misi énggal kanthi nama New Horizons (kaluncuraken Januari 2006). Pesawat punika badhé nglintasi Pluto lan Charon, satelit alaminipun, lan salajengipun ngirimaken foto-foto tumuju Bumi. Salah satunggiling studi ingkang badhé kaleksanaaken Horizons njangkep masalah atmosfer ingkang wonten ing lapisan satelit Pluto wau. New Horizons ugi dipunrencanaaken badhé mabur tumuju Sabuk Kuiper.

Ngantos sapunika kapitados bilih Pluto ndarbèni sipat atmosfer ingkang paling asli kawit misah saking srengéngé. Lapisan atmosfer punika ugi kaloka lapisan paling asrep ingkang naté dipunlebeti siji pesawat misi ngangkasa luar saking bumi.

Ugi pirsani besut

Cathetan suku besut

  1. a b c d e "Solar System Exploration: Planets: Pluto: Facts & Figures". NASA. 2008-06-13. Diarsip saka sing asli ing 2015-03-19. Dibukak ing 2009-03-09.
  2. a b c d e M. W. Buie, W. M. Grundy, E. F. Young, L. A. Young, S. A. Stern (2006). "Orbits and photometry of Pluto's satellites: Charon, S/2005 P1, and S/2005 P2". Astronomical Journal. 132: 290. doi:10.1086/504422. Cithakan:Arxiv.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  3. Based on the orientation of Charon's orbit, which is assumed the same as Pluto's spin axis due to the mutual tidal locking.
  4. Calvin J. Hamilton (2006-02-12). "Dwarf Planit Pluto". Views of the Solar System. Dibukak ing 2007-01-10.
  5. a b c Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Pluto Fact Sheet
  6. "JPL Small-Body Database Browser: 134340 Pluto". Dibukak ing 2008-06-12.
  7. Based on geometry of minimum and maximum distance from Earth and Pluto radius in the factsheet
  8. JPL/NASA (2015-04-22). "What is a Dwarf Planet?". Jet Propulsion Laboratory. Dibukak ing 2022-01-19.
  9. John Lewis, èd. (2004). Physics and chemistry of the solar system (édhisi ka-2). Elsevier. kc. 64.