Tembung kriya

golonganing tembung kang, ing sémantik, ngemu surasa tumindak, lelampahan, utawa kaanan, lan ing sintaksis, minangka wasésaning ukara.

Tembung kriya (sajeroning Basa Indonésia: kata kerja utawa verba), iku kabèh tembung kang nyatakaké solah bawa, tingkah laku utawa tumandang gawé, ngayahi pagawéan[1]. Sajeroning tata ukara, tembung kriya iku kang dadi wasesa (predikat). Umpamané lungguh, mangan lan sapanunggalané. Tembung kriya kang isih kudu diwènèhi katrangan supaya dadi cetha diarani 'tembung kriya mawa lèsan' (Basa Indonésia: kata kerja berobjek), tuladhané antarané tembung nabrak, menthung, nyiram, nagih, nuthuk lan sapanunggalané. Déné tembung kriya kang wis cetha tanpa diwènèhi katrangan ingaran tembung kriya tanpa lèsan. Tuladhané: adus, mangan, udud, nulis, nggambar lan sapanunggalané.

Tembung kriya bisa dibédakaké:

  1. Kriya lingga, yaiku tembung kriya kang nalika dadi wasesa ora kudu diowahi utawa ditambah dhisik. Conto: linggih, adus.
  2. Kriya owah, yaiku tembung kriya kang diowahi nalika dadi wasesa. Tembung kriya owah iki antarané awujud:

Rujukan besut

  1. Paramasastra Basa Jawa, DR. Aryo Bimo Setiyanto, S.H.