Tikus
Kalamangsa: Miosen Akir-Saiki
Mencit Mus musculus
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Rodentia
Superfamili: Muroidea
Famili: Muridae
Linnaeus, 1758
tikus

Tikus iku kéwan kang kalebu kulawarganing Rodentia.[1] Saka ukurané ana kang gedhé, lan ana kang cilik.[1] Tikus uripé ing ngendi-ngendi panggonan.[1] Ana kang urip ing got, alas, gladhak kapal, sawah, nganti urip ning omah-omah karo manungsa.[1]

Tikus pakanané rupa-rupa, wiwit saka pari, nganti kadhang daging uga dipangan.[1] Tikus bisa manak nganti puluhan lan angèl dituntaské déning manungsa amarga tikus iku rikat yèn nduwé anak. Anaké tikus diarani cindhil.[1]

Jinis-jinising tikus yaiku:[1]

Tikus saliyané dadi mungsuhing manungsa lan nyebaraké lelara kaya sampar, ing nagara-nagara Walanda akèh kang ndadèkaké tikus minangka kéwan klangenan, malah disayembarakaké kaya Miss Universe, Ratu ayu tikus lan olèh bebungah medali lan dhuwit.[1]

Mbasmi besut

Kanggo mbasmi tikus pancén rada angél.[2] Tikus kalebu kéwan kang pinter lan titèn yèn ngerti racun utawa jebakan.[2] Kajaba iku tikus rikat banget manak saéngga cacahé rikat banget tambah.[2] Yèn ora dibasmi tikus bisa nggawé koloni.[2] Ana cara kang jitu supaya tikus bisa lunga saka omah.[2] Sepisan bisa kanthi cara ngendhalékaké gasangan lan jebakan nganggo piranti lan racun.[2] Cara kang nomer loro yaiku cara kang nggunakaké perangkap kanggo ngusir tikus.[2] Piranti iki bisa nggunakaké aliran listrik utawa setrum.[2] Saben cara ana kaluwihan lan kakurangané.[2]

Gasangan lan jebakan besut

Ana akèh metode utawa cara kanggo matèni ama tikus, cara iku bisa nganggo gasangan utawa jebakan.[2] Kang paling umum yaiku nganggo penjepit, kurungan lan lém tikus.[2]

Jebakan kanthi model kurungan relatif luwih aman amarga ora nggunakaké bahan kimia kang ana racuné.[2] Bathang tikus uga ora angél yèn diluru amarga tikus bakal mati ing njero perangakap, némplék ing lem utawa ing njero kurungan.[2] Saben kurungan bisa dileboni kurang luwih 15-20 tikus.[2] Tikus got kang ukuran awaké 25 cm uga bisa lumebu ing kurungan iki.[2] Kurungan tikus uga duwé kakurangan.[2] Kurungan tikus gampang dititéni tikus.[2] Umpamané ana tikus kang lumebu lan kajebak ing njero kurungan, wayah iku uga tikus liyané bisa ucul saka kurungan.[2] Tikus kang wis bisa metu mau bakal duwé akal lan ora bakal liwat ing area kurungan iku manèh.[2] Racun tikus bisa maténi tikus kanthi rikat.[2] Cara iki éféktif nalika populasi tikus akèh banget cacahé. Racun tikus wujudé bubuk lan duwé warna ireng.[2] Racun iki bisa diwuwurna ing panganan tikus kaya ta keju utawa kacang-kacangan.[2] Tikus banjur mangan panganan kang ana racuné mau banjur klenger yèn wis sakjam. Racun mau bakal ana reaksiné ing awak.[2] Gasangan nganggo racun tikus uga duwé kalemahan.[2] Tikus kadhang-kadhang ora mangan racuné yèn kancan wis mati gara-gara mangan gasangan mau.[2] Kajaba iku, tikus kang wis kena racun bakal mati saenggon-enggon saéngga bathang tikus bakal angél tinemu.[2] Lumrahé bathang tikus tinemu yèn wis bosok lan wis mambu.[2] Nanging yèn ora rikat-rikat tinemu, bathang tikus bakal maragaké lelara.[2]

Racun tikus uga ana kang wujudé bunder lan ana bahan campuran kang disenengi tikus.[2] Racun tikus ngandhut warfarin.[2] Cara kerjané kanthi nggawé pendarahan ing rètina mata tikus.[2] Racun iki bakal ngurangi daya pandang tikus.[2] Saya suwé tikus bakal mati keselen luru panggonan kang padhang supaya bisa ndelok.[2] Tikus mati kurang luwih patang dina sawisé mangan racun.[2]

Perangkap besut

Saliyané piranti kanggo nyekel tikus kanthi konvénsional, ana uga piranti perangkap tikus éléktrik.[2] Piranti iki nggunakaké listrik AC lan uga kena nganggo bateré. Prinsip kerjané padha kaya perangkap tikus biyasa.[2] Tikus dipancing nganggo umpan lan lumebu ing perangkap.[2] Sawisé iku, tikus bakal mati amarga kena setrum listrik saka piranti élektrik iku.[2] Perangkap iki uga ana lampu indikatoré kang murup ijo yèn ana tikus kang lumebu.[2] Lampu indikator iki tujuwane supaya pengguna bisa gampang mangerténi lan mbuang bathang tikus.[2]

Kang dadi kaluwihané piranti iki yaiku ora ana zat kimia kang ngandhut racun ing piranti iki.[2] Bathang tikus uga bisa dibuak lan ora marakaké kecing ambuné.[2] Saliyané nganggo listrik, nyekel tikus uga kena nganggo karbondioksida.[2] Béda karo piranti kang éléktrik, piranti iki nggunakaké gelombang éléktronik.[2] Gelombang ultrasonik iki bisa nganggu saraf ing kuping tikus lan gegremet liyané, ananging bisa aman kanggo manungsa lan kéwan liyané.[2] Sawisé tikus padha mati, resiki omah saéngga tikus ora teka manèh.[2] Kajaba iku tutup dalan tikus kanggo lumebu omah lan resiki panggonan kang bisa dadi sarang tikus.[2]

Racun besut

RatTropik yaiku racun tikus kang biyasa dianggo maténi tikus ing tlatah tropis.[3] Racun iki ngandhut bahan aktif Bromadiolon.[3] Tikus kang wis mangan racun iki, 3-4 dina sawisé mangan racun bakal terus luru banyu ing peceren, got amarga krasa ngorong terus.[3] Tikus bakal metu luru banyu saéngga tikus ora bakal mati ing njero omah, saéngga ora marai kecing ambuné.[3]

Ana uga racun tikus jinis petrokum 0,005 RB.[4] Racun iki bisa maténi tikus ing kebun klapa sawit, ing sawah, utawa tikus omah. Racun iki ora dicampur ing panganan utawa ombénan.[4] Racun iki nggawé tikus mati kanthi cara garing dadi ora mambu kecing.[4]

Penyakit besut

Kuman kang njalari lelara kencing tikus utawa leptospirosis bisa nular saka kéwan ning manungsa.[5]

Miturut Pakar Perunding Veterinar, Dr. Intan Suriati Abdul Manaf, leptospirosis disebabaké bakteria Leptospira sp.[5] Bakteri iki wujudé tipis, lilit-lilitan kaya mata gerudi.[5] Bakteria Leptospira uga bisa urip ing banyu kang tawa nganti sesasi.[5] Bakteri iki uga bisa manak ing banyu masin.[5] Kéwan kang nggawa bakteri Leptospira akèh-akéhé kéwan ingon kaya ta kucing, arnab, sapi, babi, jaran, kirik.[5] Saliyané iki bakteri iki uga bisa ditularaké kéwan alasan kaya ta rakun lan srenggala.[5] Penyakit kencing tikus iki uga diarani lelara Weil, Demam Icterohemorrhage, Penyakit Swineherd's, Demam pesawah (Rice-field fever), Demam Pemotong tebu (Cane-cutter fever), Demam Swamp, Demam Blethok, Jaundis berdarah, Penyakit Stuttgart, Demam Canicola.[6] Penyakit iki nular kanthi banyu kang wis tercemar karo kuping, kulit, iler irung, cangkem lan mata tikus.[6]

Dr Christopher Lee nerangaké yèn lelara iki bisa nyerang ing kabéh tlatah donya mligi ing nagara kang iklimé tropis.[6] Bakteri leptospirosis bakal akèh populasiné nalika wayah udan utawa banjir.[6] Wong kang kerep kerja lan duwé kagiyatan ing jaba luwih gampang kaserang leptospirosis.[6]

Rekod WHO nuduhake kes wabak leptospirosis kang paling akèh maténi wong yaiku nalika jaman Taufan Mitch pada 1995.[6]

Penyakit iki bisa nyerang polo utawa diarani meningitis, kegagalan fungsi hati lan buah pinggang, pendarahan kang ora mandheg-mandheg.[6]

Cathetan suku besut

  1. a b c d e f g h litbang.deptan.go.id Archived 2012-02-07 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as at au ideaonline.co.id Archived 2011-05-28 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  3. a b c d racuntikus.com(dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)
  4. a b c kaskus.us[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)
  5. a b c d e f g kosmo.com.my Archived 2010-04-07 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)
  6. a b c d e f g bharian.com.my(dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)