Bakukaraning Mis Suci

Bakukaraning Mis Suci (Basa Latin: Canon Missae) kang uga karanan Bakukaraning Mis Suci Romà[1] [2] [3] lan ing Mis Suci Paulus VI karanan Bakukaraning Romà utawa Pangajab Pasamuwan Suci I, yaiku Pangajabing Pisungsung kang paling atuwa ing Pujakrama Romà. Jênêng Canon Missae dianggo ing Tata Mis Suci Tridentum saka wêton kapisan dening Paus Piyus V (Pope Pius V) ing taun 1570 M nganti wêton dening Paus Yohanes XXIII (Pope John XXIII) ing taun 1962 M kanggo peranganing Mis Suci sabubaring Trisuci (Sanctus) kang kawiwitan dening têmbung Te igitur. Kabeh wêton sadurunging taun 1962 M[4] anulisi "Canon Missae" ing kono mau nganti pungkasaning Mis Suci. Dene, wêton taun 1962 M namung katulis kaya mangkono nganti ing pangajab Rama Kawula (Pater Noster) lan perangan sabubare katulis "Ordo Missae"[5].

Sawang uga besut

Paripustaka besut

  1. Dobszay, Laszlo (2010-01-17). The Restoration and Organic Development of the Roman Rite (ing basa Inggris). A&C Black. ISBN 978-0-567-44154-6.
  2. Garipzanov, Ildar (2008-05-31). The Symbolic Language of Authority in the Carolingian World (c.751-877) (ing basa Inggris). BRILL. ISBN 978-90-474-3340-8.
  3. Ferguson, Everett (1993). Personalities of the Early Church (ing basa Inggris). Taylor & Francis. ISBN 978-0-8153-1061-7.
  4. Libreria Editrice Vaticana in 1998, ISBN 88-209-2547-8
  5. http://www.musicasacra.com/pdf/missale62.pdf