Basa Jawa ing Lingkup Sekolahan

Basa Jawa minangka basa Ibu masyarakat Jawa ing Indonesia wis kaya-kaya ora dadi basa Ibu. Akeh masyarakat Jawa kang wus nglalekake Basa Jawa kang dadi ciri khas lan warisan budayane dhewe. Babakan iki kedaden merga anane arus globalisasi sansaya ngrembaka ing Indonesia kang ndadekake masyarakat luwih seneng nyinauni budaya manca, kayata basa Korea, basa Jepang, basa Inggris, lan sapiturute. Saliyane iku, ana sumber liya kang nyebutake faktor sansaya ilange basa Jawa kayata status sing ‘rendah’ sing ora terdokumentasikake, ranah panganggone sing kawates, stigma dadi babagan sing ‘kuno’, sarta fakta yen basa minoritas ora digunakake ing pamrintahan, sekolah, lan media. [1]

Antarane yutaan basa ing sajagad dunya, ana basa sing meh ilang merga sing gawe mung sethithik. Atlas interaktif UNESCO ngenani basa dunya ing sajerone wilayah abang nunjukake yen ana 2464 basa ing kabeh dunya sing terancam bakal ilang. Saka jumlah iku, 144 basa (5,8%) ing antarane yaiku basa sing ana ing Indonesia. Status iki ndadekake Indonesia kang dadi negara nomer papat sing paling rentan ing babakan nglestarekake basa daerah sawise India, Amerika Serikat, lan Brazil. [2] Ing basa Jawa dhewe, nalika ngomong karo wong siji lan sijine ora migunakake tembung-tembung basa Jawa sing padha, nanging migunakake tembung-tembung pilihan mungguh tataran unggah-ungguhe. Tataran ungguh-ungguh iku mau digunakake manut sapa sing dijak ngomong. Ing pungkasan, kang dadi warisan budaya, basa Jawa yaiku aset wigati kang kudu dijaga kelestariane amerga akeh mahasiswa asing, budayawan saka manca sing wigati banget marang budaya lan basa Jawa, kayata kawawitan, uga basane. [3]

Pangerten Basa Jawa besut

Basa Jawa yaiku basa Austronesia sing utamane diucapake dening warga suku Jawa ing wilayah bagean tengah lan etan pulau Jawa uga dituturake dening diaspora Jawa ing wilayah liyane, kayata Sumatra lan Kalimantan, uga ing jaba Indonesia, kayata Suriname, Belanda, lan Malaysia. [4] Jumlah wong sing gunakake basa Jawa diperkirakake nganti 75,5 yuta ing taun 2006. Basa Jawa duweni status resmi ing Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) saliyane basa Indonsia. Mula iku ora gumun yen wong-wong sing urip ing Yogyakarta, cara ngomonge alus-alus banget. Saliyane ing Yogyakarta, Jawa Timur uga migunakake basa Jawa. Nanging, isih ana bedane kepriye, cara ngomonge masyarakat ing Yogyakarta lan masyarakat ing Jawa Timur. Masyarakat ing Jawa Timur, mligine ing daerah kulonan, cara ngomonge alus, nanging biasane ing daerah etan kadang isih ana basa kasare.

Basa Jawa duweni tingkatan sing kudu ditrepake nalika cecaturan karo wong liya. Tingkatan unggah-ungguh iki pancen maneka warna, gumantung saka kebutuhan lan tuntutan. Kanggo ngurmati wong utawa golongan sing luwih dhuwur, wong Jawa gunakake basa Krama utawa krama inggil. Panganggone uga ana watesane, tuladhane nalika bocah omong-omongan karo wong tuwa, murid karo gurune, wong sing pangkate rendah marang wong sing pangkate dhuwur, lan sapanunggalane. Babagan iki dikarepake kanggo ngurmati loro karone wong sing dijak omong. Uga suwalike, basa ngoko digunakake nalika omong-omongan karo wong sing sepelantaran utawa luwih enom. Babagan iki dikarepake merga wis ana prepenahan kang wis rumaket banget. Ing tataran tartamtu, sistem tingkatan sing digunakake ing basa Jawa mung mbutuhake otoritas sing beda-beda kanggo saben sing gawe. Kekuatan lan pengaruh saka tembung-tembung tartamtu kaya-kaya gumantung menyang sapa sing ngomong lan kepriye carane ngomong [5]

Pasinaonan Unggah-Ungguh Basa ing Sekolah besut

Wis pirang-pirang taun kepungkur basa Daerah didadekake salah sijine mata pelajaran muatan lokal wajib sing kudu diajarake ing sekolah menengah. Babagan iki padha kaya sing dijlentrehake dening Peraturan Gubernur Jawa Timur Nomor 19 Tahun 2014 ngenani Mata Pelajaran Bahasa Daerah sebagai Muatan Lokal Wajib di Sekolah/Madrasah. [6] Ing kana dijlentrehake yen basa Daerah diajarake kanthi cara dhewe dadi mata pelajaran muatan lokal wajin ing kabeh sekolah/madrasah ing Jawa Timur. Basa-basane yaiku basa Jawa lan basa Madura kanthi kurikulum sing katulis ing lampiran. Ancase utawa maksud diajarake muatan lokal basa Daerah yaiku bisa dadi panggon kanggo nukulake nilai-nilai pendidikan etika, estetika, moral, spiritual, lan karakter. Ancas liyane yaiku kanggo nglestarikake, ngembangake, lan ngreasekake basa lan sastra daerah sing sansaya ilang.

Ing sekolah perlu banget diajarake unggah-ungguh basa Jawa kanggo siswa-siswine. Apa maneh yen ngerteni akeh saiki basa manca kang luwih kondang ing lingkungan siswa. Merga kondange basa manca iku mau, basa Jawa malih ora pati didemeni dening wong enom, akibate saya nang kene, wong enom saiki ora pati duwe unggah-ungguh utawa sopan santun nalika cecaturan karo wong liya sing lagek kenal utawa wong sing luwih tuwa. Sakjane ngunu oleh nyinauni basa manca, ning aja nganti lali karo basane dhewe sing dadi warisane bangsa. Cara sing paling efektif kanggo nglatih wong enom sinambi nyinauni ing sekolah yaiku dianakake literasi basa Jawa. Carane yaiku saben siswa kudu duweni buku literasi basa Jawa dhewe-dhewe sing dibagi dadi pirang-pirang kolom. Kolom kasebut misale isine ana nomer, tanggal, ukara basa Jawa sing diucapake, jenis tataran basa Jawa kang diucapake, ngomong karo sapa, lan tapak astane guru basa Jawa. Literasi iku misal dilakokae seminggu ping pindho. Dadi bocah kudu ngajak ngomong wong-wong sing ana ing sekolah, wiwit saka kancan, guru-gurune, kepala sekolah, pegawai TU, utawa bagean resik-resik. Sawise ngomong tembung sing diucapake, bocah kudu njaluk tapak asta wong sing dijak omong kanggo didadekake bukti yen dheweke wis nganakake cecaturan miturut unggah-ungguhe. Kanthi cara mengkono akeh mupangat sing diolehake siswa uga gurune. Mupangate kanggo siswa yaiku siswa bisa luwih akrab karo warga sekolahe, bisa sinau basa Jawa, bisa praktik langsung ngomong basa Jawa miturut tataran unggah-ungguhe saengga bisa luwih mangerteni apa lan kepriye unggah-ungguh basa Jawa iku. Sawetara iku kanggo guru, bisa kanggo tambahan nilai yen nilaine siswa kasebut kurang, luwih ngerteni kepriye kemampuan unggah-ungguhe saben bocah dideleng saka salah penere pangucapane, lan sapanunggale.

Pratelaning Rujukan besut

  1. "Millenial dan Bahasa Jawa Krama yang Dikhawatirkan Punah".
  2. "Millenial dan Bahasa Jawa Krama yang Dikhawatirkan Punah". Dibukak ing 2021-04-24.
  3. "Bahasa Jawa Mulai Sakit Tergerus Modernisasi".
  4. "Bahasa Jawa". Dibukak ing 2021-04-24.
  5. Indi, Aunullah (2006). Bahasa dan Kuasa Simbolik dalam Pandangan Pierre Bourdieu.
  6. Anonim, Anonim (2014). Peraturan Gubernur Jawa Timur Nomor 19, Mata Pelajaran Bahasa Daerah sebagai Muatan Lokal Wajib di Sekolah/Madrasah. 19, hal. 4. Jakarta. kc. 4.