Basa Malayu Pontianak
Basa Malayu Pontianak ya iku dhialék basa Malayu sing dicaturaké ing Kutha lan Kabupatén Pontianak, Mempawah, Kubu Raya lan sekitaré ing Provinsi Kalimantan Kulon[1]. Basa Malayu ing Kalimantan Kulon iku basa kang paling gedé lan akèh panyaturé. Ing kutha Pontianak basa iki dituturké ing Kacamatan Pontianak Kulon, Pontianak Wétan, Pontianak Lor lan Pontianak Kidul. Basa Malayu Pontianak (BMP) iki mirib karo basa Malayu ing laladan Johor-Riau. BMP uga kadayan karo basa Dayak saka rumpun Klemantan lan tetembungé arep padha dèné basa Malayu ing Ketapang[2]. Dhialék basa iki duwé ciri khas ya iku cara ngecapkaé huruf /r/ iku anuswara. Uga ana tambahan partikel “bah” minangka partikel tegas. Ing BMP ora ana basa unggah-ungguh sanadyan ing wewengkon iki pernah ana sistem Kasultanan Pontianak.
Basa Melayu Dhialèk Pontianak | ||
---|---|---|
Bahase Melayu | ||
Dituturaké ing | Indonésia | |
Wilayah | Kutha Pontianak, Kabupatèn Mempawah, Kabupatèn Kubu Raya, Kabupatèn Ketapang, lan sekitaré Kalimantan Kulon | |
Gunggung panutur | ||
Rumpun basa | Cithakan:Infobox Language/genetic2
| |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | –
| |
ISO 639-3 | – | |
|
Conto tembung
besutIng sistem sesebutan kulawarga ana istilah 'membase' nalika ngudang wong cocok kaliyan tata urutan ing kulawarga atawa tandha mirunggan ing wong iku:
- Sulung = Along ; Long ,
- Tengah = Angah ; Ngah ,
- Bungsu = Usu ; Su ,
- Ireng = Itam ; Tam ,
- Putih = Utéh ; Téh ,
- Dhuwur = Anjjang ; Njang ,
- Enom = Ude ; Nde ,
- Cilik = Acik ; Cik
Rujukan
besut- ↑ Kamal, Mustafa (1986). Mortologi dan Sintaksis Bahasa Melayu Pontianak. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
- ↑ Martina, Martina; Irmayani, Irmayani; Ida, Herawati (2010). PENELITIAN KEKERABATAN DAN PEMETAAN BAHASA-BAHASA DAERAH DI KALIMANTAN BARAT. Pontianak: KEMENTERIAN PENDIDIKAN NASIONAL PUSAT BAHASA BALAI BAHASA PROVINSI KALIMANTAN BARAT.