Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Basa Rumania utawa Limba Română, iku anak cabang paling wétan basa-basa Roman lan siji-sijiné cabang basa Latin kang diubengi déning basa-basa Slavia lan Honggari.

Basa Rumeni
limba română
Dituturaké ing Rumeni, Moldavia, Serbia , Yunani, Bulgaria, Albania lan akèh nagara-nagara liyané
Wilayah Éropa Wétan
Gunggung panutur 28 juta
Ranking 36
Rumpun basa Indo-Éropa
Status resmi
Basa resmi ing Rumeni, Moldavia lan Serbia (Vojvodina)
Regulated by Academia Română
Kodhe basa
ISO 639-1 ro
ISO 639-2 rum (B) / rou (T)Cithakan:Infobox Language/SIL14
ISO 639-3

Basa iki dituturaké d’ening luwih kurang 30 yuta wong kang kasebar ing Rumania, Moldova, Ukraina, Honggari, Bulgaria nganti Serbia.

Basa-basa Rumania iki kap’erang sajeroning sawatara cabang ya iku:

  • Rumania baku (wewengkon Rumania lan Moldova
  • Istro-Rumania (dituturaké ing ujung Istria, Kroasia)
  • Macedo-Rumania (dituturaké ing kawasan Makedonia
  • Arumania (dituturaké ing kawasan lor Yunani)

Fonologi besut

Basa Rumania duwé pitu vokal mawa swara: a /a/, e /e/, i /i/, o /o/, u /u/, ă /ə/, â, î /ı/ lan siji ora mawa swara ("i" ing posisi pungkasan). Basa Rumania Kuna duwé vokal tanpa swara tambahan manèh ("u" ing posisi pungkasan), nanging saiki wis ora dianggo manèh. Banjur ana uga papat semivokal lan rongpuluh konsonan.

Abjad Rumania besut

A, a (a); Ă, ă (ă); â (â din a); B, b (be); C, c (ce); D, d (de); E, e (e); F, f (fe / ef); G, g (ghe / ge); H, h (ha / haş); I, i (i); Î, î (î din i); J, j (je); K, k (ka de la kilogram); L, l (le / el); M, m (me / em); N, n (ne / en); O, o (o); P, p (pe); R, r, (re / er); S, s (se / es); Ş, ş (şe); T, t (te); Ţ, ţ (ţe); U, u (u); V, v (ve); X, x (ics); Z, z (ze / zet).

Gugusan aksara besut

Aksara C lan G duwé cara pangucapan mligi yèn dikombinasi karo sawatara aksara liyan’e, mèmper karo basa Italia.

# Gugusan Uni Conto
1 ge, gi [j] mèmper karo [Jerman] lan [jinak]
2 ghe, ghi [g] mèmper karo [gagap] lan [gugup]
3 ce, ci [c] mèmper karo [catur]
4 che, chi [k] mèmper karo [kaktus]

Diftong besut

ea, ia, oa, ua ie ai, ăi, âi, ei, ii, oi, ui io au, ău, âu, eu, iu, ou

Triftong besut

ioa, eai, iau, eau

Fonem /h/ besut

Basa Rumania minangka siji-sijiné basa Roman kang ngletarèkaké fonem /h/. Dhialèk Norman basa Prancis uga nglestarèkaké fonem /h/. Sajeroning akèh dhialèk basa Spanyol mligi ing Amérika, /j/ dilafazaké minangka [h], nanging iki dudu kasus "palestarèn": fonem asliné ya iku /x/.

Uga delengen besut

Pranala njaba besut