Basa Sekak
Basa Sekak ya iku salah siji basa daérah sing dianggo déning wong suku Sekak ing Pulo Bangka, Provinsi Kapuloan Bangka-Belitung[1][2]. Basa Sekak kagolong ing golongan kulawarga basa Malayik. Wong Sekak uripé akèh ing sagara. Dhéwéé nganggo prahu layar cilik minangka omahé lan bisa pindhah-pindhah. Dadi wong-wong iki uripé nomaden. Wong Sekak pegawéané dadi warigaluh. Amarga uripé akèh ing sagara dadiné wong-wong iki karan Orang Laut (Jawa: wong sagara). Tembung Sekak iki ndhuwéni teges kang nègatif. Miturut penjelasané wong Bangka, Sekak iku tegesé bandhel. Amarga iku separoh wong-wong iku rumangsa kecenthok[2].
Basa Sekak | ||
---|---|---|
Dituturaké ing | Indonésia | |
Wilayah | Pesisir Bangka lan Belitung | |
Gunggung panutur | 420 (2000) | |
Rumpun basa | Melayu-Polinésia | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | -
| |
ISO 639-2 | -
| |
ISO 639-3 | lce
| |
|
Saiki wong Sekak wis ora pati nutup atawa keisolir temen, akèh wong Sekak sesrawungan karo wong Malayu Bangka lan Cina Bangka. Amarga saka pasrawungan iku ana pangribawa-pangribawa basa Bangka ing basa Sekak. Cacah panyatur basa iki nambah kurang[2].
Conto basa
besutUrang nyeng detang tadiq agiq makan, “Wong kang teka mau lagi mangan”.
Ikoq arus pegiq, “Kowé kudu lunga”.
Ruma nyeng dibengun taun la laluq rusak, “Omah kang dibangun taun wingi bubrah”.
Bile iko neq ciyun, “Kapan kowé arep mrana”[2].