Basa Sunda Cirebon

Basa Sunda Cirebon atawa Sunda dialék Cirebon kuen rupa dialék basa Sunda kang ana ning wewengkon eks karesidenan Cirebon. Sekien karesidenan Cirebon iku ana ning kutha Cirebon. kabupatén Cirebon, Majaléngka, Kuningan, lan Indramayu, provinsi Jawa Kulon.

Sajarah

besut

Wewengkon Cirebon (Cerbon) ana ning pérangan wétan laut Provinsi Jawa Kulon. Wewengkon iki duwé sajarah kang wigati sebabé pernah dadi pusat sumebaré syiar agama Islam ning tanah Pasundan. Sotén ning Cerbon dadi pelabuhan kang gedé nemen ning pantai lor Jawa Kulon. Ning budayaé, Cerbon duwé rong corak kabudayan ya iku kabudayan Sunda lan kabudayan Jawa Cirebon. Sedurungé Islam, wewengkon Cirebon iku manjing karajan Galuh. Seterusé, ning carita lésan lan tulisan, Cerbon manjing ning wewengko karajan Sunda Pajajaran lan didadinang pelabuhan karajan Sunda ning pantai lor (Pelabuhan Muara Jati) kang ramé karo pedagang. Ning jaman Islam, Sunan Gunung Jati duwé peran kanggo nyebaraken Islam lan ngerewangi pamané, Pangéran Cakrabuana, kanggo ngadegaken karajan Cerbon kang coraké Islam dan Jawa.

Wilayah basa Sunda Cirebon

besut

Masarakat Cerbon sekien cacahé 4.415.658 wong kang kesebar ning kabupatén-kabupatén mau. Sing cacah mau, penutur basa Sunda Cerbon kira-kira 60%, karo daerah penutur utama kabéh masarakat kabupatén Kuningan, sapérangan gedé masarakat kabupatén Majaléngka, sebagain masarakat kabupatén Cirebon, lan sapérangan cilik masarakat kabupatén Indramayu. Khusus ning wewengkon tingkat loro Kotamadya Cirebon kang cacah masarakaté 200.000 wong lewih, ning kenyataané akèh sing golongan bebrayan Sunda. Déwéké ora manggon ning gena kang kepisah. Sebab iku, sadina-dinaé bias keding nganggo basa Jawa Cerbon (Cerbonan). Mung ning kulawarga lan acara-acara mirunggan baé tetep nganggo basa Sunda.

Ning Dermayu (Indramayu), penutur Basa Sunda Cirebon sanajan cacahé setitik nanging duwé keistimewaan utamaé ning daérah Lelea lan Paréan Ilir kang ngerupanang daérah (enclave) kantong basa Sunda Cirebon. Ning kana masih akèh jinis-jinis tembung kang nedahaken ciri-ciri kang pada karo basa Sunda ning Banten, ya iku masih anaé /o/-/u/ sing sekien dadi /i/-/u kaya déné dotu-ditu "kana", oncu-incu "cucu', tolu-tilu "telu", nonun-ninun "nenun", tomu-timu "temu", lan douk-diuk "ndodok". Sanajan basa Sunda Cirebon ana sing séjén karo basa Sunda Lulugu (Priangan), utamaé ning hal intonasi lan tembung, penutur basa Sunda Cirebon ora ana kangélan baka ngomong karo penutur basa Sunda dialék séjéné. Basa Sunda Cirebon tetep dadi pérangan kang padu minangka basa Sunda lumrahé.

Fungsi basa Sunda Cirebon

besut

Basa Sunda Cirebon dienggo ning sakabéh aspék urip wong Sunda. Ning daérah-daérah kang wates langsung karo basa Jawa Cirebon lumrahé bisa nguasani rong basa iku atawa bisa ngerti basa-basa iku. Basa Sunda Cirebon gan fungsié minangka basa ning kulawarga lan masarakat. Toli basa Sunda Cirebon kanggo basa pengantar ning sekola-sekola dhasar nganti kelas telu. Basa Sunda Cirebon tetep dipiara lan tumuwuh.

Undak-usuk basa

besut

Ning basa Sunda Cirebon gan ana undak-usuk basa kaya déné ning basa Sunda Lulugu nanging beli luas ning sakabéh lapisan masarakat. Penutur basa Sunda Cirebon sing golongan wong tani kang urip ning désa lumrahé ora nganggo undak-usuk basa. Tembung-tembung Sunda lemes "alus'' setitik pisan. Yén ana undak-usuk basa gan beli konsistén (teteg) karo sistem undak-usuk basa Sunda Lulugu (Priangan). Penutur basa Sunda Cirebon kang nganggo undak-usuk basa gan kegantung karo pendidikan, pagawéan, lan pergaulané karo wong-wong sing status sosialé dhuwur.

Rujukan

besut
  • Abdurrachman, O. S. Umsari dan R. Zarkasih. 1985. Struktur Bahasa Sunda Dialek Cirebon. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
  • Ayatrohaedi. 1985. Bahasa Sunda di Daerah Cirebon. Jakarta: Balai Pustaka