Bathik Plumpungan

Bathik Plumpungan inggih punika salah satunggaling motif bathik ingkang asalipun saking Kitha Salatiga.[1] Dhasaring motif bathik punika kajiwani saking sungsunan watu ageng kaliyan watu alit ing Prasasti Plumpungan, prasasti ingkang dipun anggep minangka cikal bakal adeging Kitha Salatiga.[2][3] Ingkang ripta motif bathik Plumpungan inggih punika Bambang Pamulardi ingkang nyambut damel minangka salah satunggal PNS (Pegawé Nagari Sipil) Kitha Salatiga.[4]

Bathik Plumpungan.

Sajarah besut

Bathik Plumpungan minangka salah satunggaling warisan budaya sanès barang Indonésia ingkang saged ingaran karya seni gagrag énggal. Motif bathik punika karipta nalika surya kaping 23 Juli 2004[5][6] déning satunggal PNS aran Bambang Pamulardi[7][8] kaliyan dipun babar nalika warsa 2005 ing ariwarta Jawa Pos.[9][10][11] Motif punika kajiwani saking sungsunan watu ing Prasasti Plumpungan,[12] prasasti saking warsa 672 Saka utawi 750 Masèhi ingkang sinerat mawi aksara Jawi Kina sarta ngginakaken basa Sangsekerta.[13][14] Prasasti punika wonten ing Dhukuh Plumpungan, Kalurahan Kauman Kidul, Kacamatan Sidareja, Kitha Salatiga.[15] Bambang piyambak asalipun saking Dhusun Klasemen, Kalurahan Mangunsari, Kacamatan Sidamukti, Kitha Salatiga. Piyambakipun ugi ingkang ngyasa Pusat Kerajinan Tangan Batik Plumpungan.[16]

Ing jaman sapunika, bathik Plumpungan dipun agem ing sawenèh instansi papréntahan Kitha Salatiga. Para PNS ing kitha punika ngagem bathik Plumpungan saben dinten Kemis.[11][17] Dugi warsa 2020, bathik Plumpungan lajeng dipun usulaken murih dados salah satunggal muatan lokal ing salebeting kurikulum pasinaon, wiwit saking bangku SD (Sekolah Dasar) ngantos SMA (Sekolah Menengah Atas) ing Kitha Salatiga.[12][18] Bab punika katindakaken minangka salah satunggal upaya palestantunan bathik dados warisan budaya sanès barang Indonésia.[19][20]

Motif besut

 
Motif Parang Plumpungan.

Boten sedaya bathik ndarbèni motif tradhisional kaliyan werni lawasan,[a] kados déné bathik Plumpungan ingkang gagragipun kontèmporèr kaliyan werninipun padhang.[21] Ciri khas bathik punika wonten ing motifipun ingkang ndarbèni wujud dhasar sami kaliyan Prasasti Plumpungan, ingkang dumados saking satunggal watu ageng kaliyan satunggal watu alit awujud radi lonjong ingkang nyawiji ing satunggal pakem.[9][22] Motif bathik punika ing sakawit taksih kawates ing gangsal werni, inggih punika Séla Giri, Kupu-Kupu, Kencana Sekar Plumpungan, Sekar Seling Pereng, kaliyan Séla Temata.[11][23] Nanging, sareng kaliyan mindhakipun kréativitas para pengrajin bathik, motifipun saya manéka werni tanpa nilaraken pola dhasar arupi bunderan alit kaliyan bunderan ageng. Dhedhasar pakem motif punika, lajeng kaasilaken manéka ragam motif bathik Plumpungan ingkang dipun damel kados ta rupi kupu, ulam, kura-kura, lan sapanunggalanipun.[10][24]

Pola dhasar bathik Plumpungan gampil dipun ginakaken ing salebeting pandamelan motif bathik.[25] Wonten pengrajin bathik ingkang ngginakaken pola dhasar bathik punika dados klowongan (pola).[b] Pola dhasar bathik punika dados motif utami anggènipun mbentuk rancangan (desain) bathik Plumpungan, kados ta ing bathik Plumpungan motif Semarak. Kajawi punika, ugi wonten pengrajin bathik ingkang ngginakaken pola dhasar bathik Plumpungan minangka isèn-isèn saking sawetawis motif ingkang dipun damel, kados ing bathik Plumpungan motif Merak Plumpungan kaliyan Parang Plumpungan.[6][26]

Sakathahing Bathik Plumpungan ing Pusat Kerajinan Tangan Batik Plumpungan dipun damel kanthi cara manuwal ngagem asta. Bahan ingkang dipun ginakaken ugi manéka jinis, wonten saking katun kaliyan sutra.[24] Bambang nyampur motif bathik Plumpungan kaliyan motif-motif bathik tradhisional kados ta motif bathik kawung. Asil campuranipun lumayan katampi ing bebrayan, nanging wonten alangan ing bab pamasaranipun. Kajawi punika, riyin bebrayan namung anggadhahi sakedhik kawruh babagan kawontenaning prasasti Plumpungan kaliyan sajarahipun, nanging sapréné bebrayan saya sumerep kaliyan mangertosi Prasasti Plumpungan minangka tilaran sajarah ingkang patut dipun opèni kawontenanipun wiwit bathik punika dipun tepangaken.[16]

Motif sanèsipun besut

Ragam sanèsipun saking motif bathik punika ing antawisipun wonten motif Bayang-Bayang, motif Plumpungan, motif Cempaka Mekar, motif Diana Nugroho, motif Eko Peksi, motif Gendongan, motif Genggong, motif Iwak-Iwakan, motif Jagad Plumpungan, motif JM, motif Karangpete, motif Kawung Plumpungan, motif Kembang Srengenge, motif Kenyo Kasmaran, motif Kipas Plumpungan, motif Kupu-Kupu, motif Kuping Gajah, motif Lereng Dersana, motif Lereng Kemiri, motif Manggu Bentik, motif Manggu Jajar, motif Merak Plumpungan, motif Monggo Mumet, motif Palang Sekar Arum, motif Pereng Setro, motif Purnoboyo, motif Plumpungan Kusuma, motif Redi Agung, motif Rossa, motif Selo Argomulyo, motif Selo Giri, motif Selo Sidorejo, motif Selo Sidomukti, motif Selo Temata, motif Selo Tingkir, motif Selotigo, motif Semut Giring, motif Semut Jajar, motif Sido Gandrung, motif Selo Pury, motif Srir Astu, motif Singgi, motif Swiwi Banyak, motif Tunggak Semi, kaliyan motif Waturumpuk Plompongan.[27]

Ugi pirsani besut

Katrangan besut

  1. Limrahipun, bathik pancèn anggadhahi motif lawasan kaliyan tradhisional amergi motif punika ingkang tansah dipun incer déning tiyang-tiyang ingkang badhé tumbas (Wulandari 2011, kc. 8).
  2. Klowongan inggih punika prosès mbathik kerangka pola. Ing prosès punika ngginakaken canthing ingkang ugi ingaran canthing klowongan mawi dhiamèter bunderan sedhengan (Wulandari 2011, kc. 42).

Rujukan besut

  1. "Batik Selotigo dan Batik Plumpungan". Disporapar Provinsi Jawa Tengah. Dibukak ing 24 Fèbruari 2023.
  2. Widyatwati (2015), kc. 28: "Prasasti Plumpungan merupakan satu-satunya sumber tertulis paling tua dan utama yang dapat memberikan gambaran tentang cikal bakal hari lahirnya kota Salatiga."
  3. Widyatwati (2015), kc. 31: "Batik Plumpungan pada setiap motifnya mempunyai ciri-ciri bergambar dua bulatan berukuran besar dan kecil sedikit lonjong dalam satu kesatuan....."
  4. Widyatwati (2015), kc. 29: "Motif Batik Plumpungan pertamakali diciptakan pada tahun 2004 oleh Bambang Pamulardi, Msi., seorang PNS Pemerintah Kota Salatiga warga Dukuh Klasemen, Kelurahan Mangunsari, Salatiga."
  5. Harjanti, Vita. "Seragam Batik Pemkot Salatiga Bukti Walikota Pro UKM". Salatiga City. Diarsip saka sing asli ing 29 Mèi 2020. Dibukak ing 12 Fèbruari 2020.
  6. a b FEDEP Kota Salatiga. "Mengenal Lebih Lanjut Batik Plumpungan". FEDEP (Forum for Economic Development and Employment Promotion) Kota Salatiga. Diarsip saka sing asli ing 5 Dhésèmber 2020. Dibukak ing 21 Fèbruari 2019.
  7. Winata & Prasida (2018), kc. 44: "Pengujian pertama dilakukan kepada Bapak Bambang Pamulardi sebagai perintis sekaligus pemilik bathik Plumpungan Salatiga. Materi yang diujikan kepada Bapak Bambang Pamulardi adalah mengenai konten buku Batik Plumpungan Salatiga dan kecocokan motif bathik yang diaplikasikan ke dalam bentuk 3D di Perancangan Buku Batik Plumpungan Salatiga dengan Teknologi Augmented Reality berbasis Android....."
  8. Octaviany 2009, kc. 3.
  9. a b Supangkat, dkk (1995), kc. 13: "Motif dasarnya ditemukan pada tanggal 23 Juli 2004 yang didesain dari bentuk Prasasti Plumpungan. Di setiap motif batik Plumpungan terdapat ciri gambar dua bulatan berukuran besar dan kecil sedikit lonjong dalam satu kesatuan. Bentuk ini apabila dilihat dari sudut pandang atas menyerupai Prasasti Plumpungan yang berangka tahun 750 Masehi....."
  10. a b Octaviany (2009), kc. 2: "Motif batik Plumpungan ini pertama kali diciptakan pada tahun 2004 dan dipublikasikan pada tahun 2005 di harian Jawa Pos. Pada awalnya motif batik Plumpungan ini diproduksi di Pekalongan dan baru mulai bulan Juli tahun 2008, proses produksi dilakukan di Salatiga. Dari motif dasar dua batu itu dapat dikembangkan menjadi bermacam-macam motif batik....."
  11. a b c Utami, Widi. "Mengenal Batik Plumpungan, Motif Batik Khas Salatiga". Nusagates. Diarsip saka sing asli ing 2022-01-11. Dibukak ing 20 Fèbruari 2019.
  12. a b Radar Semarang (11 Mèi 2017). "Prasasti Plumpungan Bisa Jadi Motif Batik". Radar Semarang. Dibukak ing 30 Maret 2019.
  13. Kartoatmadja, dkk (1995), kc. 48: "Hasil koreksi tersebut menunjuk hari Jumat (Suk) rawara tanggal 31 Asadha atau tanggal 24 Juli 750 M. Prasasti Plumpungan merupakan peresmian Desa Hampra menjadi daerah perdikan....."
  14. Widyatwati (2015), kc. 34: "Kota Salatiga sesuai tanggal yang tertera pada Prasasti Plumpungan yaitu 24 Juli 750 Masehi."
  15. "Jadi Salah Satu Kota Tertua di Indonesia, Ini 3 Fakta Sejarah Salatiga". Merdeka.com. 15 Sèptèmber 2020. Dibukak ing 24 Fèbruari 2023.
  16. a b Pemerintah Kota Salatiga (16 Oktober 2014). "Batik Plumpungan Angkat Nama Salatiga". Pemerintah Kota Salatiga. Diarsip saka sing asli ing 30 Mèi 2020. Dibukak ing 21 Fèbruari 2019.
  17. Kantor Informasi dan Komunikasi Kota Salatiga (2008), kc. 29: "Tahap awal untuk memasarkan dan mengenalkan batik khas Salatiga adalah kewajiban bagi segenap Aparatur Pemerintah Kota Salatiga untuk memakai batik buatan sendiri. Setiap hari Kamis ada sekitar 4000 PNS Pemkot Salatiga memakai seragam kerja batik dengan berbagai corak dan motif....."
  18. "Menumbuhkan Pendidikan Karakter melalui Batik Plumpungan". Radar Semarang. 10 Januari 2022. Dibukak ing 24 Fèbruari 2023.
  19. Rosa, Angga (7 Mèi 2018). "Wali Kota Salatiga Usulkan Membatik Masuk Kurikulum Sekolah". Sindo News. Dibukak ing 30 Maret 2019.
  20. Dinas Komunikasi dan Informasi Jawa Tengah (10 Mèi 2017). "Plumpungan Diharapkan Masuk Kurikulum Muatan Lokal". Portal Berita Pemerintah Provinsi Jawa Tengah. Dibukak ing 30 Maret 2019.
  21. Widyatwati (2015), kc. 35: "Di pusat kerajinan batik Plumpungan, semua batik Plumpungan merupakan batik buatan tangan. Warna-warna cerah seperti kuning, biru, merah muda, dan hijau mendominasi kain-kain batik ini. Bahannya juga beragam dari katun hingga sutra."
  22. Winata & Prasida (2018), kc. 37: "Batik Plumpungan pada setiap motifnya mempunyai ciri-ciri bergambar dua bulatan berukuran besar dan kecil sedikit lonjong dalam satu kesatuan yang tidak ditemukan pada batik lainnya....."
  23. Redaksi Kompas (26 Mèi 2008). "Salatiga Kembangkan Batik Plumpungan". Kompas. Dibukak ing 30 Maret 2019.
  24. a b Widyatwati (2015), kc. 30: "Bentuk dasarnya selalu menyerupai bentuk batu Prasasti Plumpungan, namun pada perkembangannya juga bisa dibentuk menyerupai kupu-kupu, ikan, kura-kura, dan lain-lain. Di pusat kerajinan batik Plumpungan, semua batik Plumpungan merupakan batik buatan tangan. Warna-warna cerah seperti kuning, biru, merah muda, dan hijau mendominasi kain-kain batik ini. Bahannya juga beragam dari katun hingga sutra....."
  25. Pradana, Edmunda Easta Sandra (14 Agustus 2018). "Sejarah Batik Plumpungan". Perpustakaan Digital Budaya Indonesia. Dibukak ing 20 Fèbruari 2019.
  26. Kantor Informasi dan Komunikasi Kota Salatiga 2008, kc. 28.
  27. Octaviany (2009), kc. 6: "Motif dasar batik Plumpungan ini telah dikembangkan untuk menjadi beberapa motif batik. Berikut beberapa nama motif batik yang telah diproduksi maupun belum diproduksi, antara lain....."

Kapustakan besut

Buku

  • Supangkat, Eddy, dkk (1995). Ensiklopedia Salatiga. Salatiga: Kantor Perpustakaan dan Arsip Daerah Kota Salatiga.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  • Kartoatmadja, Soekarto, dkk (1995). Hari Jadi Kota Salatiga 24 Juli 750. Salatiga: Pemerintah Daerah Kotamadya Daerah Tingkat II Salatiga.
  • Wulandari, Ari (2011). Batik Nusantara: Makna Filosofis, Cara Pembuatan, dan Industri Batik. Yogyakarta: Penerbit Andi.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)

Jurnal èlmiyah

Kalawarta

Pranala jawi besut