Beksan Èthèng
Beksan Èthèng menika salah satunggaling jogètan yasan dalem Sri Sultan Hamengku Buwana I. Beksan menika dipun yasa nalika Ngayogyakarta sampun tenterem. Ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, Besan menika dipun ginakaken kagem resepsi nalika mantenipun putra utawi putri Sultan.
Sajarah
besutBeksan èthèng menika dipun yasa ing taun 1763 dening Sri Sultan Hamengku Buwana I.[1] Taun menika Ngayogyakarta Hadiningrat sampun tenterem lan binangun negari. Beksan menika dados gambaran tandhing lan toh-tohan èthèng, adu tangkas kang wajibaken para pemain nika ndemuok raganipun lawan supados menang. Pemain kang kalah menika mboten saget ngalajengaken babak sabanjuripun.
Beksan èthèng menika karipta sesarengan kaliyan Beksan Trunajaya (Lawung Ageng, Lawung Alus, lan Sekar Medura).[2] Nanging Beksan èthèng menika jogèt kang bèntèn. Beksan menika sami kaliyan Beksan Trunajaya kang dipagelaraken nalika hajad ageng putra menap putrinipun Sultan.
Nalika Sultan Hamengku Buwana V dumugi Sultan Hamengku Buwana VIII jumeneng nata, beksan èthèng menika dipagelarakane dinten kaping kalih nalika hajad dalèm ing Kepatihan lan wonten Sri Sultan. Nalika Sri Sultan menika ing jamuan kang kasebat Jangan Meniran. Jamuan dinten sepindhah menika wonten ing Pepatih Dalem tanpa Sri Sultan. Nalika semanten, Beksan Trunajaya dados Parahargya, dados restu lan rawuhipun Sri Sultan.[3] Ing sakmenika beksan èthèng sampun mboten digelar amargi namung setunggal dinten.
Nalika rumiyin, Beksan Èthèng dipagelaraken dumugi 2 jam.[4] Para botoh menika jumeneng jejeg lan sampurna. Mula rencang botoh paring panglipuran. Beksan menika dipagelaraken dening Bebadan Among Beksa nalika Sultan Hamengku Buwana IX menika ambal warsa taun 1955 lan 1972, uga ing Taman Ismail Marzuki taun 1974.[5]
Tata Cara
besutBeksan èthèng menika dibetakaken dening 12 tiyang kanthi tiga lakon: botoh, sawung, lan rencang botoh.[6] Botoh menika wonten sekawan tiyang kang mandhegani jogètan. Botoh menika obah kagok bapang kang gagah. Sawung menika ugi sekawan tiyang, lan menika dados kang tandhing. Sawung menika obah kalang kinantang alus kang alus nanging kathah obahipun. Ingkang pungkasan, rencang botoh ugi sekawan tiyang. Rencang botoh menika abdi para botoh kang obahipun gecul.[7] Tiga lakon menika dados pralambang prajurit migunakaken nami piyambak-piyambak, mboten saking ringgit. Nami menika disebat ing pocapan utawi kandha.
Busana ing beksan èthèng menika uga diperang dados tiga. Botoh menika migunakaken iket tepenkang bentukipun kodhok bineset, kain corak kawung barong ageng, lonthong cindhe, kamus timang bludiran, krincing, bara, kaweng, kalung tanggalan, kelat bahu, keris gayaman, oren, lan buntal. Sawung migunakaken lar gurdha mungkur, clana cindhe, kain corak parang gendreh, lonthong cindhe, kamus timang, bara, kalung sungsun, kelat bahu, keris branggah, sumping, lan oren. Sabanjuripun rencang botoh menika migunakaken busana Madura.[8] Botoh lan sawung migunakaken tamèng dados piranti ing wiwitan lan pungkasan.
Pocapan ing beksan èthèng menika kathahipun migunakaken basa Madura, ugi migunakaken basa Bugis, Melayu, lan Jawi Bagongan.[9] Pocapan menika dibetakaken nalika jogètan. Pocapan menika diyasa dening Sultan Hamengku Buwana I kaliyan para prajuritipun kang saking kathah bangsa.
Beksan èthèng menika dipagelaraken ing sekawan pèrangan, inggih menika majeng gendhing, adon-adon, tagihan, lan mundhur gendhing. Iringan utaminipun Gendhing Tawang Ganjur slendro pathet sanga. Gendhing kasebat dibetakaken migunakaken Gangsa Kanjeng Kiai Surak. Dumugi Sultan Hamengku Buwana VIII gamelan menika tasih digunakaken ngiringi Beksan Èthèng.[10]
Majeng gendhing menika diwiwiti migunakaken iringan lagon ngelik slendro sanga, kang dados iringanipun nalika para tiyang kang joget menika mlebet ing papan pagelaran. Sabanjuripun, Gendhing Tawang Ganjur slendro sanga kan kendhangan ketawang menika dados iringan nalika lakon wonten tantang tantangan, menika saget botoh lan botoh utawi sawung kaliyan sawung.
Perangan kaping kalih menika wonten adon-adon kang iringanipun Gendhing Ayak-Ayak, banjur gantos Srepegan slendro sanga, banjur kendhangan patut. Sabanjuripun nalika èthèng menika sampun dumugi sekawan tandhing, nalika kalih pur utawi imbang lan kalih dimenangaken dening salah satunggaling sawung. Gending Tawang Ganjur slendro sanga lan kendhangan ketawang dimainaken malih.
Perangan kaping tiga, menika tagihan, botoh kang sampun menang tandhing menika dhawuh sawungipun supados nyuwun arta marang botoh kang kalah, nanging botoh kang kalah menika mboten purun. Ing pungkasanipun, arta menika saget kasuwun nalika para sawung saget numpas alangan saking rencang botoh kang kalah kanthi nyuwun ujuran saking menang kasebat. Cariyos menika dipungkasi nalika sawung paring arta menika kaliyan botohipun.
Perangan kaping pungkasan menika mundur gendhing. Gendhing Tawang Ganjur slendro sanga lan kendhangan ketawang menika dados iringan para jogetan nalika mundhur ing tengah papan pagelaran. Pagelaran menika dipungkasi dipungkasi migunakaken iringan lagon wetah slendro sanga.[11]
Beksan Èthèng menika wonten gambaran sigrakipun para prajurit. Beksan menika dados jogètan pusaka, lan mboten saget dipagelaraken sawayah-wayah. Jogètan menika kathah banyolanipun, nanging tetep wibawa lan ageng.[12]
Rujukan
besut- ↑ "Beksan Etheng". Warisan Budaya Takbenda. 2018-01-01. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-02. Dibukak ing 2023-03-02.
- ↑ "Beksan Etheng". Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. 2020-07-05. Dibukak ing 2023-03-02.
- ↑ Dibyantara (2018-09-18). "Beksan Etheng". Budaya Indonesia. Dibukak ing 2023-03-02.
- ↑ Dibyantara (2018-09-18). "Beksan Etheng". Budaya Indonesia. Dibukak ing 2023-03-02.
- ↑ "Beksan Etheng". Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. 2020-07-05. Dibukak ing 2023-03-02.
- ↑ "Uyon-Uyon Hadiluhung "Beksan Etheng" (6 Juli 2020)". Visiting Jogja Istimewa. 2020-07-02. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-02. Dibukak ing 2023-02-03.
- ↑ Dibyantara (2018-09-18). "Beksan Etheng". Budaya Indonesia. Dibukak ing 2023-03-02.
- ↑ "Beksan Etheng". Warisan Budaya Takbenda. 2018-01-01. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-02. Dibukak ing 2023-03-02.
- ↑ "Beksan Etheng". Warisan Budaya Takbenda. 2018-01-01. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-02. Dibukak ing 2023-03-02.
- ↑ "Beksan Etheng". Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. 2020-07-05. Dibukak ing 2023-03-02.
- ↑ "Beksan Etheng". Warisan Budaya Takbenda. 2018-01-01. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-02. Dibukak ing 2023-03-02.
- ↑ "Beksan Etheng". Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. 2020-07-05. Dibukak ing 2023-03-02.