Beksan Dolalak ya iku salah sawijining tari tradhisi saka kabupatèn Purworejo, Jawa Tengah[1]. Tembung dolalak kasusun saka tangga nada do-la-la. Tarian iki wus ana wiwit jaman jajahan Walanda. Kang duwe gagasan gawe tari iki yaiku para saradhadhu utawa prajurit kang lagi ngaso ing milisi (papan kanggo latian militèr) ing Purworejo. Wusana tari Dolalak kajupuk saka seragam saradhadhu Walanda. Minangka wusana, prathèlan wusana tari Dolalak kui mau duwé guna, antarané migunani kanggo psikis, fisik, artistik, èstètik lan migunani kanggo téateral[2].

Tari Dolalak

Sejarah besut

Wusana tari Dolalak kajupuk saka seragam saradhadhu Walanda[3]. Dene seragam saradhadhu kui mau antarané klambi ireng dawa, kathok cekak warna ireng, sampur, kaos kaki, topi pèt. Wusana tari Dolalak kang ngétokki menawa tari Dolalak kui saka Nuswantara ya iku sampur. Sampur ya iku asésori kang asring ana saben pentas tari.

Kagunaan besut

Guna psikis besut

Wusana minangka bab kang paling cedhak karo penari bakal gawé penari luwih kepénak anggoné ngaturaké isi kang ana sajroning tari. Wusana uga wujud dhukungan moral kanggo penari supaya bisa nari kanthi saé.

Guna fisik besut

Wusana minangka panutup aurat lan pérangan awak liyané kang kudu manut karo tata krama supaya penari bisa nari kanthi saé. Wusana uga bab kang bisa njaga awak saka bab kang marakaké bebaya kanggo penari.

Guna artistik besut

Wusana ya iku aspèk kagunan rupa kang bakal gawe idhèntitas tari saka corak (garis, wujud, lan warna). Guna artistik agawé wusana tari uga bisa nambah kaéndahan kang ana sajroning tari.

Guna èstètik besut

Wusana minangka bab kang dadi siji kalih awak penari, ing unsur estetik iki bakal agawe tari luwih nyawiji lan bisa dihayati kaéndahane. Aspèk èstètik uga gawe serasi, déné sajian tari kudu bisa gawe titikan lan ancasé tari luwih kétok.

Guna téateral besut

Guna téateral sajroning wusana tari kudu bisa ngétokake lakon kang baku ana ing tari jumbuh karo idhéntitas tari.

Komponèn besut

Klambi ireng lengen dawa besut

Ing bab iki, klambi kang digunakaké ya iku klambi kang lengené dawa lan warnané ireng, jumbuh kalih seragam saradhadhu Walanda kala biyèn. Ing sajroning klambi, ana ornamèn arupa bintang, kupu-kupu, utawa kembang. Biyasane mapan ing sisih mburine utawa pas gegerè klambi. Bisa uga ornamèn simbol sanggar tari. Asèsori liya kang ana ing klambi ya iku ing sisih pundhak ana pangkat. Nalika penari kirig (nari ngobahké pundhak) pangkat iku bakal obah lan dadi ciri khas éndahé tari Dolalak.

Kathok cekak besut

Kathok cekak ing tari Dolalak uga ana ornamèn kang gawe éndahing wusana tari. Kathok cekak duwe ancas supaya anggoné nari bisa luwih ènerjik lan kepenak anggone obah. Ananging ukuran cekaking kathok kudu digatekake supaya tetep sopan.

Topi pèt besut

Topi pèt ya iku topi khas seragam saradhadhu Walanda kala biyen. Lan saiki dadi ciri khas wusana tari Dolalak amarga sumber inspirasi wusana tari Dolalak ya iku saka wusana serdhahu Walanda. Topi pèt lumrahé ana ornamèn wulu saka benang wol ing sisih ngarep, cacahé bisa siji utawa loro. Dene ing sisih kiwa lan tengen ana asésori wol kang gumantung ngganggo tali menawa wayahe penari ngobahaké sirah, tari bakal samsaya éndah . Topi pèt uga dijangkepi tali kang duwe ancas supaya topi ora gampang tiba uwata mabur.

Kaos sikil besut

Wis lumrahé menawa penari tari Dolalak nganggo kaos sikil kang jumbuh karo warna seragam utawa sampur. Kaos sikil iki uga sumber inspirasine saka seragam saradhadhu Walanda. Kaos sikil nambah obahing tari samsaya ènerjik lan sikil para penari ora gamoang kena bab kang gawé bebaya.

Sampur besut

Sampur utawa masarakat luwih remen mireng selèndhang ya iku bab kang ora bisa lali saka tari Dolalak. Amarga koréografi ing tari Dolalak uga ana pérangan seblak lan perangan kang kudu nganggo sampur. Sampur uga wis dadi ciri khas wusana tari kanggo tarian ing tanah Jawa.

Rembakaning wusana besut

Wusana tari Dolalak wus rembaka modhèlé. Saiki wusanané wis ora kudu nganggo klambi ireng lengen dawa. Modhifikasi ana ing bab warna, saiki warna wusana tari Dolalak bisa abang, ijo, wungu, lan sapanunggalé. Lengené uga ana sing wis mobah dadi lengen cekak. Ana manèh klambiné uga ana sing wis mobah dadi mung nganggo kemben lan sisih ngisor ditambahi jarit kaya ta wusana tari Jathilan putri. Wulu ing topi pèt kang saka benang wol saiki uga ana sing wis mobah digawé saka wulu pitik. Luwih rembaka menèh, asésori ing sira bisa ditambahi sanggul cilik lan tanpa topi pèt. Sing kathokké mobah dadi cekak sakdhuwuré dhengkul uga ana.

Rujukan besut

  1. Materi Pembelajaran Kesenian Tradisional Khas Kabupaten Puiworejo. Purworejo: Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purworejo. 2009. kc. 1.
  2. Tiofany, Margaretha. "Nilsi Estetis yang Terkandung dalam Busana tari Angguk Putri di Sanggar Sinar Bakti Desa Jatimulyo, Kecamatan Girimulyo, Kabupaten Kulon Progo" (PDF).
  3. Heksantoro, Rinto (2018-04-05). "Dolalak, Tarian Purworejo yang Gambarkan Perilaku Sedadu Kolonial". detikNews.