Beksan Florèt yaiku salah siji joged kang lair ing lingkungan Kadipaten Pakualaman, Ngayogyakarta. Beksan iki diripta dening Pakualam IV. Busana kang digunakake ing beksan iki wujud gabungan saka budaya Éropa lan Jawa.

Sajarah besut

Beksan Florèt karipta nalika Paku Alam IV jumeneng nata ing taun 1864-1875. Beksan iki lair ing tengah kahanan tulisan politik, tulisan sosial, tulisan ékonomi, lan tulisan budhaya kang khas.[1] Pura Pakualaman nalika taun iku kabuka tumrap Walanda.

Rikala Paku Alam IV jumeneng nata, seni tari ing Pakualaman ngrembaka. Kathah joged ing jaman punika kang anyar. Jogedan punika gadhah khas corak Pakualaman kang séjé tinimbang jogedan ing Kasultanan lan Kasunanan. Joged beksan florèt digelar ing Sewatama Pura Pakualaman.

Beksan Florèt diripta dening Paku Alam IV amargi rasa kagum saking prajurot Walanda kang latian pedhang utawi olahraga anggar. Beksan Floret dados joged saking gabungan joged ditambahi sekedhik obah nyerang pedhang florèt.[2] Beksan Florèt dados gambaran identitas campuran uga kasil saka kuwasa saking kraton kususipun Pura Pakualaman. Campuran saka beksan florèt nglairake kreasi lan kamardikan, kususipun ing busana lan koreografi.

Nalika taun 1990-an, Paku Alam VIII lumantar putranipun, Kanjeng Pangeran Haryo Anglingkusumo nunjuk ahli joged kang nama Mardjijo supaya ngulik joged kang ngrembaka ing Pura Pakualaman. Beksan Florèt dipun gelar wonten ing Kratong Ngayogyakarta lan Pura Pakualaman taun 1994. Sabanjure niku joged punika dipungelaraken ing Taman Ismail Marzuki lan disiarké ing TVRI.[3] Saking punika Beksan Florèt dikenal dening masyarakat.

Joged beksan florèt dados gambaran ketrampilan prajurit nalika ngagem pedhang floret lan ketrampilan ing tarung anggar. Beksan florèt dados pralambang pratahanan endah Pura Pakualaman lan kaprigelan dados pralambang kekiyatan Kraton Ngayogyakarta. Joged beksan florèt saget dados bagean penting saking seni tradhisi ing kraton kang saget wenehi rasa aman lan tentrem ing perjuwangan njagi keamanan kraton. Joged punika saget nyentil semangat perjuwangan masyarakat.

Cara Joged Beksan Florèt besut

Beksan florèt nggadhahi kalih pèrangan inggih punika bagèan jogèdan lan bagèan perangan. Urutan jogedan beksan florèt inggih punika:

  1. Sesembahan sila
  2. Sesembahan jengkèng
  3. Sabetan florèt
  4. Ombak banyu lumaksana
  5. Beksan I yaiku tanjak florèt-tanjak florèt trap samping-tanjak kambèn, lan tanjak bapang
  6. Sabetan Florèt
  7. Beksan II (kaya beksan I)
  8. Tinting mundhur
  9. Beksan III (kaya beksan I lan II)
  10. Sabetan Florèt
  11. Tinting Maju tanjak florèt
  12. Sabetan Florèt
  13. Perangan (Gawang tengah-gawang kiwa-gawang tengen- gawang tengah).
  14. Jengkeng
  15. Sembah sila
  16. Mundur

Beksan florèt fokus tumrap antarané obah lan gendhing ing jogéd klasik Jawa. Penari kedah trampil ngagèm florét lan ngimbangi kalian gendhing kang ngiringi kagem nrapaken rasa gerak kang pas. Gendhing Gangsaran kang cepet kados nguyak-uyak, nanging lempèng Sanadyan amung sekadar obahing jogèd, sanès perkara kang gampil kangge penari nrapaken rasa gerak kang pas. Sanadyan namung gerak jogèd kagem nontonaken ketrampilan prajurit mainaken senjata anggar, nanging saking gabungan gendhing lan obahing awak, beksan floret nuntut supados penari saget nutut rasa obah utawa gerak dumugi tataran gendhing, kang dados ciri puncak penari klasik Jawa.

Iringan gendhing kang wonten ing beksan florèt inggih punika kados ing ngandhap kasebat:

  1. Lagoh Wetan (Slendro Ngayoja)
  2. Gangsaran
  3. Ladrang Dirada Meta (Slendro nem)
  4. Gangsaran
  5. Lagon Jugag (Slendro).[4]

Piranti utami kang diagèm ing jogèd beksan florèt inggih punika pedhang jinis florèt kang gunané kagem nyoblos, sanes pedhang sabet. Florèt punika pedhang kang dawanipun 120 cm kang landhep ing pucuk. Ing bagéan gujengan pedhang wonten lengkungan bunder sepalih saking wesi kagem nglindhungi asta. Amargi migunakaké florèt punika piranti kang wontén ing olahraga florèt dicuplik wonten ing beksan floret.

Busana kang diagem dening para penari beksan florèt inggih punika gabungan saking busana Èropa kususipun busana opsir Walanda lan busana jogèd klasik Jawa. Busana beksan florèt punika wonten kados ing ngandhap:

  1. Sirah inggih punika iket udheng utawi saget blangkon kanthi sekedhik ubahan, lan tambahan wulu-wulu wonten ing ngajeng bathuk. Wulu-wulu iki ngadheg jejeg kanthi warna kang nyolok. Wulu-wulu punika nentukaken arah pacak gulu penari.
  2. Busana lengen dawa, tandha pangkat ing pundhak, dados gabungan antaranipun sragam prajurit Walanda lan beskap ing tradhisi Jawa. Clana panji kang warnanipun selaras kalian busana dumugi dhengkul. Jarit (sinjang) batik corak parang alit diagem kanthi lipetan supit urang cara Ngayogyakarta. Stagen cindhè nglilit badhan lan ing suku ngagem sepatu cemeng lan mojah putih nutup suku ngandhap.
  3. Dandan kang nyakup sumping model ron, boro samir, sabuk-epek-timang, lan kaus tangan pethak.[5]

Rujukan besut

  1. "Beksan Floret". Warisan Budaya Takbenda Indonesia. 2018-01-01. Dibukak ing 2023-02-11.
  2. Veva, Brigita (2019-09-10). "Video: Panduan Olahraga Anggar dan Tarian dalam Beksan Floret". Kumparan. Dibukak ing 2023-02-11.
  3. "Beksan Floret". Warisan Budaya Takbenda Indonesia. 2018-01-01. Dibukak ing 2023-02-11.
  4. Sumarni, Sri (2018-12-28). "Beksan Floret". Budaya Indonesia. Dibukak ing 2023-02-11.
  5. Sumarni, Sri (2018-12-28). "Beksan Floret". Budaya Indonesia. Dibukak ing 2023-02-11.