Jogèd Legong ya iku salah sijining kesenian Bali awujud beksan utawa jogèdan putri kang dibeksakake déning kenya loro utawa telu.[1][2] Salah siji saka kenya iku ana kang maragakake condong, ya iku paraga kang wiwitan metu saperlu miwiti jogèd Legong.[1] Jogèd iki wiwitane tukul ing désa Peliatan,Ubud, Gianyar kanggo nyuguhi raja lan kulawargané.[2] Tembung legong dumadi saka tembung leg lan gong.[1][3] Leg tegesé luwes utawa elastis, banjur ditegesi minangka obahing awak kang luwes. Déné tembung gong tegesé gamelan. Yèn digabung dadi legong kang tegesé obahing awak kang pinathok (mligine aksentuasine) déning gamelan kang ngiringi. Gamelan kang ngiringi jogèd legong ya iku gamelan Pelegongan lan ana uga kang diiringi nganggo gamelan Semar Pegulingan.[1][3] Lakon kang padatan dianggo ing Legong sumbere saka carita Malat mligine carita Prabu Lasem, carita Kuntir lan Jobog (carita Bali Sugriwa), Legod Bawa (carita Brahma Wisnu nalika nggolèk pucuk lan bongkote Linggane Siwa), Kuntul ( carita peksi ), Sudarsana ( sajinising Calon Arang ), Palayon, Candra Kanta lan sapanunggalane.[1][3] Struktur tarine padatan kasusun saka Papeseon, Pangawak, Pangecet lan Pakaad. Penari Legong uga tansah nggawa kipas.

Legong Kraton

Cathetan suku

besut