Blumbang
Blumbang ya iku jugangan gedhé isi banyu[1]. Racaké blumbang digawé ing pomahan wong-wong kang dumunung ing laladan kang cendhèk kanggo patusan banyu ing sakiwa tengen omah supaya jogan omah (biyen isih lemah, durung mestèr/tègel) ora ngemes menawa mangsa rendheng, tetuwuhan nèng pomahan uga ora bacek. Blumbang rupa kalènan dawa nanging buntu, menawa sambung menyang kali uga mung rupa umpeng kang cilik. Sanajan omah saiki jogané dudu lemah manèh, anané blumbang tetep wigati kanggo nyegah banjir. Banyu udan ora langsung mili menyang kali bebarengan. Sawetara ana sing kasimpen ing blumbang dhisik. Banyu udan mili mbaka sethithik menyang kali saéngga kaliné ora cepet mbludag, lubèr dadi banjir. Dadi, blumbang kalebu kearifan lokal tinggalan leluhur kang sejatiné migunani tekan jaman saiki.
Racaké blumbang mung rupa jugangan ing lemah tanpa dibangkèt ing bambingé. Oyot wit-witan ing sakiwa tengené nyegah bambingé jugrug. Kanggo njaga supaya tetep bisa jero, blumbang perlu dijerokaké paling ora saben 3-4 taun sapisan. Lendhut lan gegodhongan bosok kang ana sajeroning blumbang diunggahaké, prayogané ing mangsa katiga nalika pinuju asat utawa banyuné sethihik.
Blumbang uga dadi papan urip kéwan-kéwan banyu kang bisa dadi sumber pangan, kaya ta iwak, welut, sidhat lan bulus kang bisa dipanèn nalika wiwitan mangsa katiga. Blumbang uga kena kanggo papan budidaya iwak loh.
Rujukan
besut- ↑ Lestari, Yayasan Sastra. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939 (ing basa Jawa).