Carita cekak utawa cerkak iku crita gancaran kang ngandhut kadadeyan kang ora dawa lan ora akèh alur critane. Utawi siji karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggoné nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carané ngrampungaké masalahe.

Karakteristik cerkak:

  • Caritané ringkes
  • Gegayutan karo lelakone manungsa
  • Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, ngrampungaké prakara.

Bab-bab kang perlu digatekake ing crita Cekak:

  • Tema: gagasan wigati sajeroning crita.
  • Alur/plot: yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkas.
  • Penokohan: yaiku nerangake watak wantune (karakter) para paraga.
  • Latar/setting: ngrembug papan, wektu, lan swasana sajroning crita.
  • Amanat: yaiku piwelinge panganggit marang kang maca crita iku.

Bab-bab ing dhuwur iku diarani unsur intrinsik, kang tegesé unsur-unsur kang yasa crita saka sajroning crita mau.

Cindek

besut

Carita cindek atawa cindek kien jinis sastra tulis ning wewengkon Cerbon-Dermayu kang duwé teges ora adoh séjén sing cerpén ning basa Indonésia. Ukuran cindek ning kéné ditegesi minangka: olih diwaca sapisan sambi ndodok ning wektu kurang sing sejam. Séjéné kang utama ana ning basa. Cerpén nganggo basa Indonésia, yèn carita cindek nganggo basa Jawa dialék Cirebon atawa basa Jawa dialék Indramayu. Basa iku nganggo negesi idéntitas daérah yaiku basa Cerbon-Dermayu kang séjén karo basa liyané. Aran carita cindek gan ning basa Sunda karan carita pondok (carpon). Toli ning basa Jawa karan cerkak (cerita cekak).[1]

Cerita péndék (cerpén) miturut Sumardjo lan Saini (1988:30) iku carita kang dhapuré prosa cindek. Tembung pendek ning pérangan iki ora ceta ukurané. Diarani cindek gan amarga kien mung duwé éfék tunggal, karakter, plot, lan setting kang kebates, beli akèh ragamé, lan beli kompléks.[1]

Aran carita cindek (cindek) ning wewengkon budaya Cerbon-Dermayu iki masih anyar. Sosialisasi formal dilakonang ning jero Kurikulum 2012 Basa Cerbon-Dermayu, yaiku karo ngemanjingnang istilah carita cindek ning Kompetensi Dasar kurikulum anyar mau. Perkara anyar kien bisa dadi hal kang wajar, yèn géokultural dirasa ora pada karo géokultural liyané lan ngupayanang kanggo nampilnang idéntitas kang mandiri. Perkara kuen gan ana ning géokultural Banyuwangi (Jawa Wétan) kang ngarani carita cindeké nganggo basa daérahé (Using) minangka cerita céndhek, dudu cerita cekak (Kompas, 26 Désémber 2013, kaca 4).[1]

Cathetan sikil

besut
  1. a b c Nugroho 2015, kc. 207–208.

Rujukan

besut
  • Nugroho, Agung, èd. (2015). Sastra Lokal dan Warna Lokal Cerbon-Dermayu. Bandung: Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Provinsi Jawa Barat. ISBN 978-602-7873-07-0.