Cemara Lawang

Cemara Lawang (Hanacaraka: ꦕꦼꦩꦫꦭꦮꦁ; basa Indonésia: Cemoro Lawang) iku dhusun cilik kang pernahé ana ing sisih lor-wétan Gunung Brama (Jawa Wétan), Indonésia kalawan dhuwur 2.217 mèter ing dhuwuring segara. Sacara administratif dhusun iki klebu Dhusun Ngadisari, Sukapura, Kabupapatèn Prabalingga.

Cemara Lawang
ꦕꦼꦩꦫꦭꦮꦁ
Dhusun
Cemara Lawang ing wanci ésuk
Cemara Lawang ing wanci ésuk
Koordhinat: 7°55′22″S 112°57′52″E / 7.92278°S 112.96444°E / -7.92278; 112.96444
Élepasi2.217 m (7,274 ft)
Zona wektuWIB (UTC+7)
Situs wèbbromotenggersemeru.org

Cemara Lawang iku salah sawijining saka sakèhing dalan menyang kawah Tengger liwat Prabalingga. Ana papan kanggo nyawang Gunung Bathok lan Gunung Brama. Sajatiné papan iki minangka jujugan kanggoné wong-wong kang munggah Gunung Brama wayah wengi. Gunung Brama iku gunung geni aktif kang mapan ana satengahing segara wedhi.[1] Hawa ing papan iki krasa adhem atis lan kabut saben dinané mudhun ing désa iki. Ing wayah wengi pedhut bakalé mudhun, nuli ing wayah ésuké pedhut bakalé ngilang bebarengan karo mlethèking srengéngé.[2]

PariwisataBesut

Cemara Lawang iku minangka jujugan para plancong lokal lan manca kang nuju menyang Gunung Brama, jalaran papan iki dadi dalan utawa kori sadurungé mlebu menyang laladan Gunung Brama.[2] Para plancong bisa nyawang sesawangan sunrise kang éndah yaiku nalikané srengéngé mlethèk.[3] Para plancong iku padha teka saka Surabaya kang adohé kurang luwih laku telung jam, saliyané iku uga ana kang teka Bali. Cemara Lawang mapan ing patang laladan kabupatèn/kutha, yaiku Prabalingga, Pasuruan, Malang, lan Lumajang. Cemara Lawang dadi salah sawijining dalan kang diliwati kanggo mlebu menyang Taman Nasional Gunung Brama.[4]

Punthuk MentingenBesut

Punthuk Mentingen utawa Bukit Mentingen kang mapan ana ing Cemara Lawang iki dadi sawijining sana kang narik kawigatèné para plancong. Ing sana iki, para plancong bisa nyawang kanthi cetha sesawangané Gunung Brama lan Gunung Bathok. Wondéné punthukan kang isih alami iki mapan ana sawétan-loré Gunung Brama, mula saka papan iki bisa nyawang segaran méga kang gumelar ana sakiwa-tengené Brama.[5]

AngkudanBesut

Manawa menyang Cemara Lawang nganggo angkudan pribadi bisa liwat dalan aspal kang ngliwati Pasuruan-Prabalingga. Déné manawa nganggo angkudan umum bisa numpak bis saka Terminal Banyuangga ing Prabalingga, nuli mandheg ing terminal pungkasan ing Cemara Lawang.[6] Para plancong uga bisa numpak angkudan umum arupa mini bus kang uga diarani Bison. Angkudan karan Bison iki cocog kanggo plancong kang lungané bebarengan utawa rombongan, jalaran regané kang luwih murah lan lakuné bisa luwih cepet. Tarif angkudan umum iki gumantung saka sistem kang dipilih plancong marang agèn wisatané.[6]

SajarahBesut

Sajarahing jeneng Cemara Lawang durung dimangertèni kanthi cetha. Ananging manawa manut tegesing basa, jeneng Cemara Lawang iku ateges wit cemara iku minangka lawang. Mula papan iki dijenengi Cemara Lawang awit akèhing wit cemara utawa conifers kang ana ing papan iki. Cemara Lawang iku uga minangka kori utawa lawang menyang Gunung Brama.[3]

Suku TenggerBesut

Suku Tengger iku suku asli ing laladan sakiwa tengené Brama lan ana kang padha netep ing Cemara Lawang.[3] Suku Tengger lumrahé tansah padha nganggo sarung kang dislémpangaké ing gulu. Bocah cilik apa déné wong tuwa padha nganggo sarung kabèh jalaran hawa ing laladan sakiwa tengené Brama pancèné adhem.[3]

 
Wong Tengger kang sarungan karo nunggangi jaran

Akèh-akèhé masarakat suku Tengger padha nganut agama Hindhu lan isih padha nguri-uri adat kabudayané, mula alam kang ana sakiwa-tengené Cemara Lawang nganti Brama iku isih kajaga. Salah sawijining upacara adat kang isih lestari kagelar déning para warga yaiku upacara Kasada. Upacara iki bisa diarani minangka dina riyayané suku Tengger lan dadi pawujuding rasa sukuré para warga tumrap peparingé Gusti Kang Maha Kuwasa. Upacara iki kagelar rong dina lan kawit wanci wengi kanthi diiringi wewacan mantra. Nuli nganti pucaking adicara yaiku para pradangga adat mènèhi sajèn arupa kéwan sarta asiling tetanèn menyang kawah Gunung Brama.[3]

IklimBesut

Iklim ing Cemara Lawang yaiku anget lan sedhengan. Manut klasifikasi iklim Köppen, papan iki kalebu subtropis palemahan dhuwur (Cwb). Mangsa rendheng kang itungané mung sedhéla yaiku ing antarané sasi Dhésèmber nganti Maret. Mangsa kaya mangkéné suhuné anget, wayah awan kang mung sedhéla, lan kerep udan. Nuli ing mangsa katiga banter iku itungané wiwit sasi Juni nganti Sèptèmber. Ing mangsa iki wayah ésuké krasa atis. Rata-rata suhu ing kéné yaiku 13,2 °C lan rata-rata curah udané yaiku 1924 mm.[7]

 
Kawah Tengger lan padunungan Cemara Lawang ing sisih kiwa.
Dhata iklim Cemoro Lawang, Bromo Tengger Semeru National Park (elevation 2,217 m or 7,274 ft)
Sasi Jan Fèb Mar Apr Mèi Jun Jul Agu Sèp Okt Nov Dhès Taun
Rerata suhu sing dhuwur °C (°F) 17.3
(63.1)
17.5
(63.5)
17.6
(63.7)
17.4
(63.3)
17.4
(63.3)
17
(63)
16.3
(61.3)
16.5
(61.7)
17.1
(62.8)
17.7
(63.9)
17.5
(63.5)
17.3
(63.1)
17.22
(63.02)
Rerata per dina °C (°F) 13.6
(56.5)
13.7
(56.7)
13.9
(57)
13.5
(56.3)
13.3
(55.9)
12.8
(55)
11.8
(53.2)
12
(54)
12.5
(54.5)
13.3
(55.9)
13.9
(57)
13.6
(56.5)
13.16
(55.71)
Rerata suhu sing dhuwur °C (°F) 9.9
(49.8)
9.9
(49.8)
10.3
(50.5)
9.7
(49.5)
9.3
(48.7)
8.6
(47.5)
7.4
(45.3)
7.5
(45.5)
8
(46)
9
(48)
10.3
(50.5)
10
(50)
9.16
(48.43)
Rerata curah udan mm (inches) 297
(11.69)
334
(13.15)
348
(13.7)
181
(7.13)
104
(4.09)
63
(2.48)
33
(1.3)
15
(0.59)
19
(0.75)
70
(2.76)
145
(5.71)
315
(12.4)
1.924
(75,75)
Sumber: Climate-Data.org (temp & precip)[8]

GladriBesut

RujukanBesut

  1. "How to Get to Bromo Independently - No Tour Needed". ASocialNomad (ing basa Inggris). 2015-08-26. Dibukak ing 2019-12-16.
  2. a b Iin, Veronica. "Panduan Wisata ke Cemoro Lawang Probolinggo Kawasan Bromo, Info Lengkap dan Cara Menuju Cemoro Lawang". Panduan Wisata Keliling Dunia (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-12-17.
  3. a b c d e "Menikmati Cemoro Lawang Desa Cantik nan Menakjubkan Gerbang Menuju Kawasan Bromo". Ketahui.com (ing basa Indonesia). 2016-02-29. Dibukak ing 2019-12-16.
  4. Indonesia, Pesona (2018-02-14). "Nikmati Pesona Desa Cemoro Lawang, Gerbang Menuju Gunung Bromo Paling Cantik". Pesona Indonesia (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-12-16.
  5. Media, Kompas Cyber. "5 Wisata Bromo yang Wajib Dikunjungi Saat Buka Kembali Jumat Besok Halaman all". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-09-01.
  6. a b Sathya, Adhie (2018-05-14). "Ini Dia Rute Menuju Desa Wisata, Cemoro Lawang di Jawa Timur" (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-12-16.
  7. "Cemoro Lawang climate: Average Temperature, weather by month, Cemoro Lawang weather averages - Climate-Data.org". en.climate-data.org. Dibukak ing 2019-12-16.
  8. "Climate: Cemoro Lawang". Climate-Data.org. Dibukak ing 18 December 2018.

Deleng ugaBesut