Cembengan
Cembengan inggih punika salah sawijing upacara kang ngrembaka ing Ngayogyakarta. Cembengan dilakokake dèning buruh pabrik gendhis kang nyuwun keslametan lan supados kasil giling sae. Cembengan punika dicuplik saka basa Cina inggih punika Cing Bing.
Sajarah
besutUpacara cembengan menika diadopsi saking tradisi masyarakat Cina kang diarani Cing Bing. Cing Bing menika tradisi ziarah ing makam leluhur saderengipun miwiti acara kang ageng. Masyarakat Cina ing Pasisiran sisih Ler Jawi ing mangsa kapengker nyelenggarakaken Cing Bing menika saderengipun giling gendhis.[1]
Cing bing utawi cembengan menika banjur ditiru kalian masyarakat Jawi. Ing saben Pabrik Gendhis menika saderengipun giling wonten acara cembengan. Cembengan menika dipun laksanaken ing Pabrik Gula Madukismo, dhusun Padokan, kalurahan Tirtonirmolo, Kapanewon Kasihan, Kabupaten Bantul, Daerah Istimewa Ngayogyakarta, kados dene kang dileksanakaken ing Surakarta.[2]
Cembengan menika ngarah ing pasar malem kang dilaksanakaken wonten ing wulan April saben taunipun. Wulan April menika wayah menawi panen tebu. Pasar malem utawi pasar rakyat cembengan menika ngrembaka wonten ing sekitar PG-PS Madukismo ing wulan April taun 1955 dumugi sak menika.[3]
Cembengan paring manfaat tumrap masyarakat dhesa. Lingkungan sekitar pabrik wus ramè bakulan khas pasar malem kaya arum manis, dhawet, brondong jagung, lan hiburan kaya kumidi puter. Temtu hiburan lan nyamlikan niki sampun tebih saking selera sakmenika.
Rasa tradisional kang taksih ana ing cembengan dumugi sakmenika ngundhang tiyang tetep nindhaki cembengan. Niki uga disandingaken tumrap mangsa panen kang raket maknanipun kaliyan mangsa bagya. Hiburan kang ana ing cembengan uga dados gambaran rasa bagya tiyang Jawi kang ngangungake agama, sanes namung hura-hura. Nanging kelawan ritual sesajèn kangge ngucap rasa syukur tumrap panèn kang kathah. Mangsa panen menika banjur disusul mangsa giling.
Tradhisi pesta giling menika dilaksanakaken dening masyarakat ing sekitar pabrik. Pesta giling menika dados tradhisi kang turun temurun dilakoni saking jaman kepengker. Masyarakat ajrih menawi mboten nindakaken ritual menika. Cembengan menika tujuanipun ugi nyuwun keslametan dhumateng Gusti. Ugi nyuwun berkah, lancar, lan tebih saking bebaya.[4]
Tata Cara
besutAcara Cembengan menika digelar migunakake maneka warna tradhisi. Tradhisi menika wonten ziarah kubur, sesajen utawi umbul donga nyuwun slamet, lan pagelaran wayang kulit. PG-PS Madukismo ugi nyelenggarakaken pentas kagunan lan maneka warna olahraga.
Acara menika dipun iringi gendhing Jawa kados déné acara mantén ing Jawi lan wonten pranata cara migunakake basa Jawi. Sabanjuripun "tebu ngiring manten" menika dipitik lan dibeta jéjér ing sisih manten kang dilakoni dening muda lan mudi dhesa banjur dilanjengaken siraman. Tebu manten kang sampun dipingit setunggal dalu ing Pondhok Asri banjur diwedalaken lan diwontenaken acara siraman. Tebu manten menika disiram toya sekar migunakaken kendhi.
- Tukang Pikul Tebu dados pralambang petani tebu kang setaun nanem lan ngruwat tebu.
- Penggawa dados pralambang buruh pabrik kang ngolah tebu dados gendhis.
- Dayang dados pralambang sipat alus lan tlaten nalika makarya.
- Manten tebu dados pralambang rasa kurmat tumrap tebu kang dados sumber panguripan manungsa.[5]
Makna "pethik tebu mantèn" menika wiwitan panen tebu kanthi pralambang tebu. Cacah tebu kang dipethik ing "pethik tebu manten" miturut neptu lan pasaran ing tanggalan Jawi. Tebu kang dipilih menika tebu kang saé lan dados pralambang manten ing adat Jawi. Manten jaler menika naminipun Kyai Anggara lan manten setri menika naminipun Nyai Kasih ing acara "pethik tebu manten".[6]
Cacah tebu kang dipethik menika 13 lan dipundhut saking arah wetan kang artosipun wiwitan. Wiwitan menika kedah kalandasan kapinginan kang kiyat kagem nambah sae nasib para petani tebu. Saengga tebu menika dados semangat tumrap para petani menawi tandhur tebu. Tebu manten ugi dipun iringi "tebu ngiring manten" kang cacahipun 13 lan dipundhut saking tengah saking jarak papan tebu manten dipundhut lan lokasi pabrik.
Papan ing tebu dipundhut ing tengah menika aranipun pancer.[7] Artosipun inggih menika pabrik gendhis dados pusat kegiyatan giling tebu dados gendhis kanthi tebu kang dipundatengaken saking pundi-pundi. Pabrik gendhis menika dados papan kangge proses tebu dados gendhis.
Cembengan menika diwiwiti ing dinten pasaran Legi. Dinten Legi menika dipilih amargi miturut kapitadosan karyawan Pabrik Gendhis Madukismo lan masyarakat menawi cembengan diwiwiti ing dinten Legi kasilipun bakal kathah lan beta kemakmuran tumraping petani, buruh, lan masyarakat. Acara cembengan diwiwiti kalawan nyebar ancak-ancak ing sekitar pabrik. Nyebar ancak-ancak menika diwontenaken ing dinten Legi. Acara sabanjuripun inggih menika selametan lan pagelaran wayang kulit ing Parangkusuma. Pagelaran wayang menika dilajengaken ing dinten Jemuah Kliwon. Tradhisi menika miturut tradhisi kang pun saking turun tumurun.[8]
Acara selametan menika banjur dilajengaken ziarah ing pasareyan leluhur lan raja ing Ngayogyakarta kaliyan para pejabat, buruh, petani, lan masyarakat ing sekitar pabrik Madukismo. Tujuan ziarah menika supados nuwuhaken rasa kurmat tumrap para leluhur. Dinten ziarah menika mboten miturut pasaran namung nutut acara cembengan.
Sabanjuripun banjur dilajengaken acara nyembelih menda kendhit. Menda mendhit menika menda kang gadhah wulu kang warnanipun cemeng kelawan sabuk pethak ing weteng utawi sawalikipun. Makna mendha kendhit menika dados pepèling menawi kasil giling kang arupa tètès diolah malih dados spritus.[9]
Nyembelih mendha kendhit menika diwiwiti ing wayah énjing lan mendha menika dipisah sirah lan sekawan sukunipun. Sabanjuripun bagean menika dipérang ing bebed pethak banjur dicaosi ubarampé lan menyan banjur diwungkus lan ditanem ing papang kang sampun ditrapke. Menyan menika cacahipun 3, setunggal dilebetaken ing bebed pethak, lan 2 dibakar. Nalika nyembelih menika diiringi atur pambagya lan donga.
Daging menda menika banjur diolah. Menawi ngolah daging menika wonten sesajen kang arupa saté menda (saking daging menda kang dibelih) 4 sunduk, klapa cengkir gading, cerutu, ndog pitik, unjukan (teh utawi kopi), lenga, jagung, jenang katul, davos, lan bubur beras ngagem gendhis jawi. Sajen menika banjur dipapanaken ing pabrik spritus. Sabanjuripun acara nyembelih menda menika pungkasan banjur ditutup kelawan donga lan dhahar sesarengan.
Acara selametan bajur dilajengaken pembikaan peken cembeng. Pasar menika dilajengaken 2 minggu lan mboten wonten dinten pasaran ing peken menika. Sabanjuripun pembikaan acara dilajengaken selametan ing pabrik. Kang dipun wonteni slametan pabrik pérangan tengah, perangan wingking, lan Pompa Jogonalan. Selametan menika dilajengaken ing dinten peken Legi. Dinten Legi menika dipilih amargi kekarepan supados kasil giling kathah.[10]
Acara sabanjuripun inggih menika kirab tebu manten. Kirab menika ditumuti kaliyan 40 tiyang. Tebu menika dipundhut saking 2 papan kan béntén. Asma tebu menika didhasaraken miturut dinten pasaran.
Arak-arakan tebu mantèn diwiwiti wanci 14.00 tumuju Masjid An-Nuur supados dipun emah-emah. Emah-emah menika dilajengaken wanci bakda asar. Arak-arakan menika dilajengaken wonten ing pabrik lan dipungkasi ing papan panggilingan banjur digiling kapin pisanan.
Sabanjuripun tebu digiling, para panyarta arak-arakan menika tahlil sesarengan. Ing tahlilan menika wonten dhaharan arupa 40-50 ingkung. Acara dilajengken bakar menyan lan nanem sirah maesa. Sirah maesa menika dibebet kaliyan kain pethak lan ditaleni migunakaken sekar lan ditandhu ngagem papah gedhang. Sirah maesa menika ditumbas saking Demak.
Acara cembengan menika dilajengaken pagelaran wayang kulit ing ngajeng PG-PS Madukismo. Pagelaran menika dilajengaken ing Jemuah Kliwon. Pungkasan acara cembengan inggih menika donga sesarengan kaliyan tutup pasar malem ing dinten pasaran Legi.
Rujukan
besut- ↑ "Cembengan Yogyakarta (1)". Indonesiana Platform Kebudayaan. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-18. Dibukak ing 2023-02-18.
- ↑ "Cembengan Yogyakarta (1)". Indonesiana Platform Kebudayaan. 2017-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-18. Dibukak ing 2023-02-18.
- ↑ "Cembengan Yogyakarta (1)". Indonesiana Platform Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-18. Dibukak ing 2023-02-18.
- ↑ "Cembengan Yogyakarta (3)". Indonesiana Platform Kebudayaan. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-18. Dibukak ing 2023-02-18.
- ↑ "Cembengan Yogyakarta (2)". Indonesiana Platform Kebudayaan. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-18. Dibukak ing 2023-02-18.
- ↑ "Cembengan Yogyakarta (2)". Indonesiana Platform Kebudayaan. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-18. Dibukak ing 2023-02-18.
- ↑ "Cembengan Yogyakarta (3)". Indonesiana Platform Kebudayaan. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-18. Dibukak ing 2023-02-18.
- ↑ Trimerani, Resna (2020). "Tradisi Selamatan Cembengan dalam Mewujudkan Keteraturan Sosial (Studi Deskriptif di PG-PS Madukismo)" (PDF). Jurnal Sosial Humaniora. 11 (2): 210.
- ↑ Trimerani, Resna (2020). "Tradisi Selametan Cembengan dalam Mewujudkan Keteraturan Sosial (Studi Deskriptif di PG-PS Madukismo)" (PDF). Jurnal Sosial Humaniora. 11 (2): 212.
- ↑ Trimerani, Resna (2020). "Tradisi Selametan Cembengan dalam Mewujudkan Keteraturan Sosial (Studi Deskriptif di PG-PS Madukismo)" (PDF). Jurnal Sosial Humaniora. 11 (2): 211.