Daging gajah iku daging lan bagéan liya gajah sing bisa dikonsumsi.

Sajarah besut

Konsumsi daging gajah iku wis dilakoni manungsa wiwit jaman biyèn. Ing awaling jaman Paléolitik Tengah, sakiwa-tengené 120.000 taun kapungkur, masarakat Afrika iku kabèh isih wong beburu lan nglumpukaké pangan sing baud èksploatasi gajah kanggo dagingé.

Sawijining spèsimèn gajah mawa gadhing dawa ditemokaké ing Lebak Ebbsfleet, cedak Swanscombe. Jrangkong sing umuré 400.00 taun iki ditemokaké mawa alat-alat watu sing sumebar, ayaké gajah iki wis diirisi dadi cilik-cilik déning sawijining suku manungsa awal sing ana ing kana kala kuwi lan diarani Homo heidelbergensis.

Jaman modèren besut

Saiki, kabèh spèsiès gajah diburu kanggo dagingé. Iki akèhé dumadi ing Kamerun, Republik Afrika Tengah, Republik Kongo, lan Republik Démokrat Kongo. Nalika ana beburon gadhing déning para juru buru, daging gajah kerep mèlu diundhuh minangka pituwas liya saka gadhing. Daging iku ya bisa mèlu didol lan malahan èntuk-èntukané bisa luwih akèh tinimbang gadhingé. Ing taun 2007, para sarjana kéwan alas nyatakaké menawa anceman gedhé dhéwé kanggo gajah iku déné kasil dagingé lan ora namung gadhingé.