Kampung Pitu utawi Désa Pitu inggih menika salah satunggaling désa ingkang wonten ing Nglanggeran wétan, RT 19/ RW 04 Désa Nglanggeran, Kacamatan Pathuk, Gunungkidul, Yogyakarta. Tembung Pitu saking basa Jawi ingkang tegesipun angka tujuh. Désa Pitu kathah ngemot cariyos ingkang dipunpitadosi kalihan masarakat sakiwa tengenipun Désa Nglanggeran. Salah satunggalipun  inggih menika kepala keluarga (KK) ingkang saged mapan wonten ing désa menika inggih namung 7. Kajawi saking menika Désa Pitu kawentar minangka désa ingkang tetep nglestantunaken budaya Jawi. Saking keunikan-keunikan menika ingkang salajengipun dados ciri khas saking Désa Pitu, ingkang narik kawigatosan para wong plesir lokal menapa déné dhomèstik.[1]

Sejarah

besut

Sejarah Désa Pitu dipunwiwiti saking manggihi wit ingkang wonten ing salah satunggaling wana. Wit menika dipunparingi nama Kinah Gadung Wulung, ingkang dipunpanggihaken déning abdi dalem kraton. Wit Kinah Gadung Wulung menika kagolong wit ingkang langka utawi arang. Kajawi saking menika, wit Kinah Gadung Wulung menika dipunpitadosi nyimpen pusaka ingkang gadhahi kekiyatan ingkang ageng. Pihak kraton ingkang mangertosi babagan menika lajeng ngutus tiyang kanggé njagi saha reresik sakiwa tengenipun wit menika, boten kesupen ngrimat pusaka ingkang wonten ing sajroning wit Kinah Gadung Wulung.

Kanggé  madosi tiyang ingkang saé piyambak ngrimat pusaka, pihak kraton damel sayembara. Sinten kemawon ingkang saged ngleksanakaken tugas saking kraton badhe dipunparingi lemah kanggé putra saha keturunanipun. Saking kathahipun tiyang namung éyang Ira Dikrama, salajengipun pusaka menika dipunsimpen wonten ing kraton. Sasampunipun dinten menika kathah empu saha tiyang sakti ingkang kapéngén mapan wonten ing Tlogo menika, ananging namung 7 tiyang ingkang kiyat gesang. Sanèsipun pejah amargi boten kiyat kalihan éfék saking pusaka menika.

Mitos

besut

Namung 7 Kepala kulawarga

besut

Masarakat Désa Pitu pitados kalihan sakralipun saking angka 7 menika, inggih menika manawi KK-nipun langkung saking 7 badhé kadadosan musibah ingkang badhé dipunraosaken déning kulawarga ingkang bersangkutan. Kajawi saking menika manawi wonten pendatang ingkang badhé mapan wonten ing Désa Pitu menika angsal kémawon boten wonten ingkang nglarang. Biasanipun pendatang menika boten kiyat piyambak amargi biasanipun ngraos panas, kepala keluarganipun asring sakit, wonten kedadosan gaib ingkang ganggu, pejah saha boten krasan wonten ing désa menika lajeng késah piyambak tuturipun Bapak Sugito. Tiyang ingkang badhé betah menapa déné kiyat mapan wonten ing Désa Pitu kedah manténan kalihan penduduk aslinipun.

Pagelaran Ringgit

besut

Kajawi namung saged 7 KK ingkang mapan wonten ing Désa Pitu, wonten malih mitos utawi pantangan ingkang boten angsal dipunlanggar. Pantanganipun inggih menika damel pagelaran ringgit kanthi lakon Radèn Ongko Wijaya. Mbah Rejo minangka juru kunci samenika ngandharaken manawi zaman rumiyin sampun naté nalika mbah Rejo taksih alit. Pak Dukuh wonten ing Désa Pitu damel pagelaran ringgit kanggé mèngeti ambal warsanipun, nalika taksih wonten pagelaran jangganipun warga dipungorok kalihan tiyang misterius

Tlogo Mardhido utawi Tlogo Guyangan

besut

Wonten ing Désa Pitu wonten satunggal sendang kang aranipun Tlogo Mardhido utawi Tlogo Guyangan. Mata air wonten ing sendang menika boten naté garing sanadyan musim ketiga. Kalih masyarakat sendang menika dipunginakaken kanggé sumber pagesangan saha nyekapi kabetahan sadinten-dinten kadosta siram, ngunjuk, saha sanesipun. Miturut cariyosipun sendang menika dipunginakaken kangge nguyang kudha sembrani. Saben kudha Sembrani ingkang midhun saha ngidhakaken sikil wonten ing séla ageng sakiwa tengen tlogo,samangke ing mriku wonten tilasipun. Dugi samriki tilas menika taksih wonten saha mata air tlogo menika boten garing. Kathah wisatawan ingkang mriku kangge ngleksanaaken ritual saha nyenyuwun dhumateng gusti amargi tlogo menika dipunpercaya saged gampilaken makbulipun donga ingkang dipunsuwun.[2]

Tradhisi

besut

Masarakat Désa Pitu gadhahi tradhisi ingkang dugi sapriki taksih dipunlestantunaken ing antawisipun inggih menika rasulan, tingalan, tayuban, saha reresik makam. Rasulan wonten ing Désa Pitu béda kalihan sanésipun amargi dipunlampahi kaping kalih wonten ing satunggal tahun. Wondéné tradhisi tingalan utawi tanggap warsa kadosta syukuran kanthi ngawontenaken selametan (kendurèn).

Wonten ing Désa Pitu manawi wonten kewan ingon-ingon kadosta sapi saha kebo lahiripun ugi dipunslameti, ugi manawi tumbas motor menapa déné mobil ngendikanipun Bapak Surono putra Rejo Dimulyo. Lajeng adicara reresik makam menika, dipunwontenaken saben satunggal tahun. Reresik makam dipunwontenaken saderengipun sasi Ramadhan. Makam ingkang dipunresiki inggih menika makam sesepuhipun Désa Pitu inggih menika makam Iro Dikromo.

Sumber Rujukan

besut
  1. risma, hadi (2015-02-03). "kampung pitu(1): komunitas adat di Desa Nglanggeran". kabarhandayani.
  2. nadia, fransisca (2018-10-07). "kearifan budaya lokal yang tetap terus terjaga di dataran tinggi kampung pitu di desa wisata nglanggeran".