Dhandhanggula iku tembang macapat kang isiné pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka iku, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga duwé isi kang legi kaya déné gula. Akèh pitutur kuna kang nganggo jinis iki. Tembang Dhandhanggula duwé watak luwes, ngresepake. Mathuk kanggo bebuka/pambuka medharaké piwulang, rasa kasmaran/gandrung. Pralambange tumrap para nom-noman sawisé padha kasmaran ngalami kedadeyan kang éndah-éndah (kenangan manis). Déné, sasmitaning tembang Dhandhanggula: manis, sardula, madu, drawa, gendhis.

Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo siji raja ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Saka othak-athik iki banjur kinira yèn tembang iki digawé nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwé arti gula.

Metrum besut

Saben pada (bait) ana 10 gatra (larik).

  • 10-i
  • 10-a
  • 8 -é
  • 7 -u
  • 9 -i
  • 7 -a
  • 6 -u
  • 8 -a
  • 12-i
  • 7 -a

Tuladha besut

Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sira anuladha,
duk ing uni caritané,
andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama
Lamun sira anggeguru kaki,
Hamiliha manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabaté,
Sarta kang wruh ing khukum,
Kang ngibadah lan kang wirangi,
Sokur olèh wong tapa,
Ingkang wus amungkur,
Tan mikir pawehweh ing lyan,
Iku patut sira guronana kaki,
Sartané kawruhana.
(Pethikan saka Serat Wulangreh anggitan Sri Pakubuwana IV)
Duk rikala dina Jemuah Legi,
Pitulas Agustus tanggalira,
Merdika den umumake,
Déné wilangan taun,
Siji sanga pat lima nenggih,
Penjajah kudu kalah,
Sing mbangkang den kruyuk,
Nadyan bambu runcing gamannya,
Parandene mungsuh miris angunduri,
Bali mring Nagrinira,
(Uploaded by Ikadi Kulon Praga, 2012)