Dhialèk Pekalongan

Dhialèk Pekalongan kalebu dialek2 Jawa kang dipituturake ing pasisir lor tanah jawa tlatah Jawa Tengah mligi ing Kotamadya/Kab. Pekalongan.

Sanadyan ana ing Jawa Tengah dhialèk Pekalongan bedo karo laladan pasisir jawa liyané, upamané Tegal, Weleri/Kendhal, Semarang.

Sajarah

besut

Ana ing abad 15-17, wewengkon Pekalongan kalebu laladan praja Mataram. Awal mulane basa Pekalongan ora rubeda karo basa Jawi kang dipiguanaake ing tlatah projo Mataram, para nara praja Mataram ana kang cumondok lan nyawiji ana ing tlatah Pekalongan. Basa lan dhialek kang dipigunaake uga saka basa jawa mataraman. Nanging ana sakteruse jaman basa basa Jawa mligi dhialèk Pekalongan wiwit katon ana bedhane kasebab ana gegayutane karo budaya lan sesambunganing liyan. Basa/Dhialèk Pekalongan baku jaman semana mau wis ora dianggo manèh ana ing dhialèk Pekalongan jaman saiki. Conto ukara basa baku Pekalongan bisa ana rubeda karo basa jawa mataram ,jaman biyèn kang dadi dhialek tembang dolanan ;

  • Gamplong-gamplong.ing lesunge madungaken bojo inyong.
  • sak klentungan maling,galing tontak gatik2 wana.bayem selira ,bluluk setana,tete blendung2 kemanten anyar..jentik saba mbatik..

Uga ukara2 ana ing tetembangan dolanan "sintren"jogèd kas pekalongan bisa dadi conto:

  • Sulasih sulandana.widodari tumuruna..lan sakteruse.

dhialek ana ing dhuwur mau wis arang dienggo ing jaman saiki..

Jaman saiki akèh para piyayi Pekalongan kang duwé pakaryan dadi Juragan Batik, tenun lan Tekstil lan anané pesantren, anané kanca saka manca, arab,cino lan liyané tansah migunakke dhialèk kang biso dimangerteni déning piyayi pekalongan dewe. Anane para juragan, pedagang uga para warigaluh ana tlatah kutha lan pinggiran minangka basa/dhialèk dipigunakake kanggone saben dinane.

Dhialèk Antara

besut

Ujud dhialèk Pekalongan kalebu basa "antara" kang dipigunakake antara tlatah Tegal (sisih kulon) ,Weleri (sisih wétan) lan laladan Peg. Kendeng (sisih kidul). kalebu basa kang "prasaja" nanging "komunikatif" lan bisa gampang disianoni lan dipigunaake.

Mulo kanggone para piyayi Jogya/solo dhialèk kalebu nerak karo paugeran tata basa jawa kang baku lan angèl dimangerteni. Kanggone piyayi Tegal kalebu dhialèk kang padha derajate nanging angèl dimangerteni bebasan sinigar padha rupané jiniwit béda rasané.lamun wayang iku wujudé Kresna lan Harjuna.

Dhialèk Tegal akèh nganggo istilah: Bae, nyong, manjing, koyo kuwe,.. kanthi diucapake medhok, ateges kandel ing pangucap. semana uga dhialèk Pekalongan padha nanging diucapake ora kanthi medhok (kanthi "datar" ing pangucap).Tegesé ana ing dhialèk Pekalongan kosakata mau dipigunaake lan padha tegesé.

Bedha liyané

besut

Contone dhialek Pekalongan racaké nganggo tengoro pangucap:"Si","Pak","nyong", "Ra","Po'o","Ha'ah pok", "lha", "Ye" "Be ".

anané "kosakata":

  • "Kokuwe" tegesé "Koyokuwe",
  • "Tak nDangka'i" tegesé "tak kiro".
  • "Jebhul no'o" tegesé " oh..jebhul".
  • "lha mbuh" tegesé " yo embuh",
  • "Ora dermoho" tegesé "ora sengaja".
  • "Wegah ah" tegesé "emoh aku".
  • "Nghang priye" tegesé "kepiye",
  • "Di Bya bae ra" tegesé " diadepi waé",
  • " Gegiyang Ra.." tegesé " mbok rikat "

lan sish akèh liyané..

conto kalimat

besut
  • "Lha kowe pak ring ndi si ??.." (kowe arep menyang endi ??).
  • "Yo wis kokuwe Po'o ra". (Yo wis ngono yo ora apa-apa).
  • "tak ndangka'i lanang jebulno'o wadhok" (tak kiro lanang jebhul wedhok).
  • " wis dikandhani be ra gelem " (wis dikandhani nanging tetep ora gelem).
  • tak dharaki wis mangan " (Tak kiro wis mangan..)
  • angèl temen, di Bya bae " (Sulit amat, ajak berkelahi saja).
  • Lha dimonggo ra " (Silakan di cicipi).

ana conto manèh bab dhialek kang kalebu kasar ing pangucap lan tegesé, nanging dhialek mau dipigunakake marang kekancan kang wis akrab mula ora aklebu ing ati, kosakata iki aja ngati di ucapake marang sapa waé kang durung srawung kanthi akrab, bisa marakke nesu kanggone liyan.

conto ;

  • karang Rai-mu !! (dhasar kowe iki..!!)
  • pancen Kakek-ane (edan tenan wong kae !!)
  • strombak-ane (dhasar turunan syetan !!)
  • alaah.. mBelgedhes (ora bisa dipercaya !!)
  • Cemet kowe (Kowe kaya celeng mencret)
  • lhogok (meh padha karo strombak-ane), kabèh mau
  • Ejian !! / saka pangucap edan (edan tenan)..

diucapake ora kanthi nesu nanging guyon. Uga bisa dienggo rikala piyayi mau lagi lan dadi nesune.

ana manèh kosakata kang uga kalebu saru anggoné liyan nanging di pigunaake amarga wis ngerti penggalih lan tujuane , upama ;

  • mlosdrong (kathoke mlorot nganti katon "manuke")
  • methothok (anggoné ndodhok nganti katon "menthuk")
  • ngadeng ("manuke" tangi)

kang dadi sipat ;

  • ploslong (katon nggleger lan dawa)
  • jhemethut (krasa "kenyal" olehe jiniwit)
  • mlughet (kentel banget lan nyawiji).
  • semlenget (krasa anget lan panas).
  • mbhis-mbhis (lara napas & unjal ambegan).
  • dengkek (awake ora kuwawa ngangkat).
  • ora teyeng (ora bisa nglakoni)
  • mbengkerok (dadi intip).
  • ngranapi (mèlu ngarakke ananing kedadeyan)
  • adu lengen (gelut)
  • ngiyobok (mripate lara akèh banyune)

Bab istilah liyané ;

  • mbesturekke: (ibu2) ngiring-i panganten.
  • jare basan: paribasan-e.
  • juada pasar: jajan pasar.
  • kolang-kolang: kalen cilik.
  • wangan: saluran banyu tertier.
  • sier-sier: bendungan tertier.
  • posis: pos pulisi.
  • langgar: musholla
  • kalebet: kang njaga garis, bal-balan
  • liprit: kang dadi wasit, bal-balan
  • Gili: dalan.
  • inggeg: nglangi kanthi mlumah.
  • Keceklek: kecethit.
  • mrekanang: mbrabak mranang.
  • kepengkok ; tiba mlumah.
  • nggiwar: ngedohi
  • ngenjor: ora kuwawa kasebab wis sayah
  • diluru: digolekki

liyané kang kalebu medheni,racaké kanggo medhéni bocah kang nakal, upama ;

  • ana candi'olo (memedi ana ing wektu sandi kala / magrib/ sumurub-e srengéngé)
  • kena wiyangga (kleleb ing puser ilining kali).
  • Kaki sonto (memedhi kang gedhé dhuwur).
  • Den ayu lanjar (Ratu jin kang duwé wewengkon ing laut lor)
  • Ketemper/kesambet (kesurupan).
  • Kuntianak (kuntilanak)
  • Kena oyot mimang (muter2 ing dalan ora bisa mulih).
  • Kena siwer (kena guna-guna).

Tembung Serapan

besut

Cedak budayane wong Pekalongan karo budaya Arab lan Cina nambahi kosakata lan dhialèk ing Pekalongan, upamané:

saka konco2 Arab

besut

Ukara kang di ucapake kanca-kanca arab kang wing nyawiji ing pekalongan nganggo basa jawa ,

  • Wallahi temenan Po'o nyong ra ngapusi,yakin.. (Demi Allah aku ora ngapusi,yakin tenan)
  • Ya Allah..lha ke ra mosok ra percoyo si (Ya Allah, kok nggak percaya amat sih)--arab.
  • Ya Allah lha kae ra, dikandani angèl-e poor kae.. (Yaa Allah.. diwènèhi ngerti kok angèl to yo).
  • Lha kae kharim mu kang anyar pok ? (lha kae bojomu kang anyar ?).
  • Yo ojo ra, mending ya'kul ndisik (yo aja to, sampeyan dhahar disik waé..)
  • lha yo ,kae pancen sobirin bocah bahlul, bakhil, pk dikapakke manèh ??
(Lha Ya pancene sobirin iku bahlul/edan ,bakhil/medhit njur arep diapakke ??)

Soko konco2 Pecinan

besut
  • lhe guwe Bah cilik Congkle (dewekne anak-e Cong Lee).--Cina.

Biyasa-ne para keturunan cina racaké uga dicampu nganggo basa Indonésia, upamané:

  • Lha tadi wis tak "bilangke" nanging "ndak ngerti" yo wis...(Mau wis tak kandhakke marang dewekne nanging ora ngerti yo wis..)
  • mBok "diambilke" (tulong jupokna)
  • Lha Harga belon dapet dari sanane-o
  • Tadi ne ndak hisa, nanti tak ambilke po'o sii..

Sekitar Pekalongan

besut

Ing nduwur Iku kabèh dhialèk ana ing njero kutha Pekalongan. Rada minggir saka tlatah kutha,sisih kidul lan kulon ana béda-ne sithik..anggoné pangucap. Akèh huruf vokal/konsonan kang diucapake kanthi medhok..kanthi tambahan. "huruf h ing pangucap". upama: tembung

  • "banyu" diucapake "benhyu".
  • "Iwan" diucapake "i-whan".
  • "bali"/mulih diucapke "bhelhi".
  • "Brahim" /Ibrahim diucapake "Brehiim"

conto: Wis ho, nyong pak bhelhi ndikik (Wis yoo, aku arep mulih disik).

Ujud dhialèk ing mduwur mau dipigunaake ana ing tlatah Batang (ing sisih wétan),Pemalang/Wiradésa(ing Sisih Kulon),Buaran ,Pekajangan, Bandar/Kajen (ing sisih kidul).. sisih Lor ora nganggo sebab-e...nJegur segoro..

Dhialek Pekalongan iki bakal maju kaering maju lan sampurnaning jaman lan teknologi. Akah-e para manca kang cumondok ana ing pekalongan, anané médhia lan télévisi.

Para mudha lan para alim ulama uga umara uga para sarjana Pekalongan kang uga sesrawungane wong pekalongan marang liyan bakal ndadeaki dhialek Pekalongan dadi luwih lan endahe. Anane wong Pekalongan kang uga lunga lan urip bebrayan ana ing manca nagari, bakal ndadeake dhialek Pekalongan uga mèlu sumebar ana ing donya iki.

Dhialek Pekalongan kang diwiwiti saka dhialek basa Jawa saka Kasultanan Mataram, nganti saiki lan ing tembe, bakal mènèhi warna ana ing khasanah Basa Jawa.uga kanggone suku jawa lan bangsa indonesia..

Dhialek Pekalongan kajaba dadi duwékke wong Pekalongan uga dadi duwékke Wong Jawa ing endi waé.. ing tembe bakal ndirgantara sak inggenging bawana...

semene disik... mengko yèn ana tambahane ditulis manèh.., nuwun.

Pranala njaba

besut