Didik Sedyadi ya iku salah sijiné tokoh sastrawan utawa panganggit sastra Jawa saka Majaléngka, Jawa Barat [1]. Didik Sedyadi minangka panganggit sastra Jawa ing jaman Kamardhikan. Dhèwèke duwéni jeneng samaran Purbajati. Didik Sedyadi lair ana ing Purbalingga, 22 Désèmber 1964. Dhèwèké duwé bojo jenengé Kartinah sing lair ana ing Purworejo, 4 Juli 1966 lan duwèni putra jenengé Burhanuddin Latif sing lair 4 April 1992. Dhèwèké mapan ana ing dalan Babakan 10, RT 02, RW 01, Jatipamor, Panyingkiran, Majalengka, Jawa Barat. Dhèwèké lumebu ing sastra Jawa nalika SMP (1977) amarga olèh mupangat uga oléh panglipur sawisé maca karya sastra Jawa. Ing padinan Didik Sedyadi duwèni pagawéan dadi Guru, sastrawan lan ketua kalawarti sekolah.

Miturut Didik Sedyadi, saiki akèh pawongan sing wis lali marang sastra Jawa amarga kuantitas panganggit luwih akèh, kualitas panggarapé kurang tenanan, lan menawa ana panganggit sing njajal style anyar, konyol tuladhané sing dipelopori dening Suwardi Èndraswara, warga sing ora kenal durung bisa nampa lan ngrasaké. Banjur Didik duwé cara supaya bisa bukak dalan kanggo para siswa kanthi cara: ngewajibna saben sekolah utawa perpustakaan duwe utawa langganan kalawarti basa Jawa dadi para siswa ngerti sastra Jawa saka perpustakaan, nglebokna sastra Jawa ing Kurikulum utawa muatan local wajib saka SD nganti SMA, banjur siswa diwènèhi tugas, tuladhané telaah cerkak uatawa geguritan sing ana ing kalawarti basa Jawa.

Pendidikan / Wiyata

besut
  •  Nalika jaman SD Didik Sedyadi sekolah ana ing daérahé dhéwé ya iku ana ing SD Bobotsari 3, dhèwèké lulus ana ing tahun 1977.
  • Banjur sakrampunge sekolah dasar dhèwèké neruské ana ing SMP Negeri 1 Bobotsari lan lulus taun 1981
  •  Nalikané neruské sekolah SMA, dhèwèke ana ing SMA Negeri 2 Purwokerto lan lulus ana ing taun 1984.
  •  Banjur nalika sarjana dhèwèke lanjut ana ing S1 Jurusan Pendidikan Matematika IKIP Semarang. Nalika iku lulus lulus  taun 1989.

Karir

besut
  •  Sabanjuré lulus sarjana Didik Sedyadi mulang ana ing SMA Muhammadiyah 1, Banjarnegara nalika taun 1989 nganti taun 1992
  • Banjur dhèwèké uga mulang ana ing SMA Negeri Majaléngka, Jawa Barat taun 1993 nganti tekan saiki
  • Ana ing bebrayan serat- nyerat, dhèwèké Aktif HMJ lan pemudha MUhammadiyah Banjarnegara ngisi “Kolom Dialek Banyumasan Mendhoan”ing Djaka Lodang  nalika taun 1991 nganti tekan saiki. Ana ing kana Didik nganggo jeneng : Dul Purba, Kang Bongit, Bossé, Penjorangan, utawa Mas Guru.
  •  Didik Sedyadi uga ngrangkep dadi Ketua Dewan Rédaksi Majalah sekolah “Warta Ganesha”.

Karya-karya

besut

Nalika lumebu SMP kelas 2 karyané dimuat ing rubrik “Wacan Bocah” Majalah Parikesit (1978). Karya –karya sing awujud cerpèn, cerbung utawa novel bisa ditemokaké ana ing Parikesit (19 jirah-irahan  cerpen, 1978-1986), Kartika Minggu (13 irah-irahan , 1985-1989), Mekar Sari (1 cerpèn, 17 Maret 1993), Jaya Baya,lan  Djaka Lodang. Karya-karyané ya iku :

  • Cerbung kanthi irah-irahan “Baunge Ajag Pegunungan Tepus” (1991) sing dimuat ana ing majalah Djaka Lodang
  • Cerbung kanthi irah-irahan “Teror Kembang KAnthil” (1994) sing dimuat ana ing majalah Djaka Lodang
  • Cerbung kanthi irah-irahan “Ngundhuh Wohing Pangigit-igit” (2004) sing dimuat ana ing majalah Djaka Lodang
  • Cerpèn “Boss” ana ing Niskala (FPBS IKIP Yogyakarta, 1993)
  • Cerpèn “Sumarah” ana ing Liong Tembang Prapatan (Taman Budaya Yogyakarta, 1999)
  •  Cerpèn “Cubriyangé Sang Profésor
  •  Novèl “kyai Wulung Nagih Punagi” nalika taun  2000
  •  Cerpèn kanthi irah-irahan “Pelarian Gang Dolly” . Dhèwèké nulis iki Nalika ana prakara ing Pasar Kembang sing dadi panggonan prostitusi ing Yogyakarta kidulé stasiun Tugu utawa kuloné Malioboro. Panggonan iki minangka panggonan utama lan paling tua saka panggonan lokalisasi prostitusi ing Indonésia. Akeh pawarta sing njlèntrèhna babagan  PSK ing Sarkem, sing bisa gawé eksistensi kutha Yogyakarta dadi kurang. Prakara iki sing ndadèkna panutupan gang Dolly ing Surabaya, amarga prakara iku Didik Sedyadi nulis cerpen  kanthi irah-irahan “Pelarian Gang Dolly” sing nggambarake apresiasi positif kebijakan walikota Surabaya Tri Rismaharani.[2]
  • Novèl “Fira, Haruskah Kutunggu Kau di Sorga?,”
  • Novèl “Cinta dari ufuk Timur”
  • Novèl “Yang melintas di Taman Surga Roudhoh”

Prestasi

besut
  • Nalika nulis Cerpèn kanthi irah-irahan “Cubringaé Sang Profesor “ dheèwèké pikantuk penghargaan minangka pamenang II ana ing sayembara Cerkak sing dianakna dening Sanggar Triwida, Blitar, Jawa Timur taun 1989
  •  Banjur nalika novèl kanthi irah-irahan “Kyai Wulung Nagih Punagi” dadi pamenang harapan I ana ing sayembara novèl sing dianakna déning Taman Budaya taun 2000 kanggo njamu kongrès Basa Jawa.

Rujukan

besut
  1. Suwondo, Tirto; dkk (2004). Antologi Biografi Pengarang Sastra Jawa Modern. ISBN 9796854783. {{cite book}}: Missing |author2= (pitulung)
  2. Muthi'ah (2019). "Nilai-Nilai Pendidikan Akhlak Dalam Buku "Sarkem"Karya Husein Widiya Dengan Pendekatan Semiotik". Skripsi: 126.