Tuduhaké menu pokok

Masing-masing agama lan uga kepercayaan umum nduwé dina-dina tinentu kang dianggep istimewa lan umum ingaran dina riyaya utawa lebaran. Peringatan kanggo dina-dina istimewa iku biyasa dibarengi karaméan-karaméan uga ritual-ritual ngibadah kang rada béda karo racaké.

Ing Indonésia, karaméan dina-dina istimewa agama iki malah nglairaké budaya-budaya tinentu kang kadhang adoh kaitane karo aji-aji agama iku, contoné mudik lebaran. Implikasi liya, yèn pirang-pirang karaméan kang wektune rada bebarengan, upamané Idul Fitri karo Natal, malah bisa nimbulke prabawa luas ing sèktor-sèktor liya upamané, ékonomi, angkudan lan liyané.

Agama IslamBesut

Dina riyaya Idul Fitri uga biyasa ingaran lebaran iku sejatine kanggo bersyukur sebab wis bisa ngerampungke pasa ing wulan Ramelan, mulane diraya'ake ing dina kapisan wulan ngarepe (Syawal). Ing Indonésia ana budaya migrasi kang dadi tandha karaméan lebaran iki ya iku mudik kampung utawa mudik lebaran. Wong kang meranto ing kutha-kutha utawa laladan liya padha bali ing laladan asalé utawa kampung halaman kanggo bisa kumpul karo kabèh sadulur uga mligi wong tuwane.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Idul Fitri

Ing agama Islam uga ana dina riyaya liya kang uga wigati ya iku Idul Adha utawa biyasa ingaran lebaran haji. Ing tlatah Jawa iki umum diarani Bada Ageng, malah ing laladan-laladan tinentu, dina riyaya kaji iki diraya'ake luwih meriah katandhing Idul Fitri.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Idul Adha

Agama Kristen lan ProtèstanBesut

Dina riyaya Natal iku dadi dina riyaya utama umat agama Kristen lan Protèstan. Natal iku kanggo memperingati kelairan Tuhan Yesus lan mesthi diperingati ing tanggal 25 Dhésèmber saben taun. Santa Claus utawa Sinterklas iku dadi salah siji ciri dina riyaya iki. Saliyané iku uga anané wit Natal.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Natal

Dina riyaya Paskah iku diraya'ake umat Kristen kanggo memperingati séda lan kebangkitan Yesus saka kematian.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Paskah

Agama HindhuBesut

Dina riyaya Galungan iku diraya'ake umat agama Hindhu ing Indonésia mligi kang ing pulo Bali. Dina riyaya iki diraya'ake ing dina Rebo Kliwon.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Galungan

Dina riyaya Nyepi diraya'ake umat Hindhu Bali pas ing taun anyar Saka. Iki dina riyaya pensucian ya iku pensucian Déwa-Déwa ing segara. Ing dina iki umat Hindhu Bali njalanke ritual pemujaan suci kanggo Déwa-Déwa.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Nyepi

Agama BudaBesut

Dina riyaya Waisak ing agama Buda iku diraya'ake ing wulan Mèi pas wektu padhang wulan utawa purnama sidhi. Dina riyaya iki kanggo memperingati kelairan uga wafate Sidharta Gotama uga kanggo peringatan wektu Sidharta Gotama berhasil dadi Buda.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Waisak

Agama Kong Hu CuBesut

Dina riyaya Imlek iku dina riyaya kanggo peringatan taun anyar Imlek lan diraya'ake suku Tionghoa. Ucapan salam Gongxi facai iku dicaturaké ing dina riyaya iki, uga umum ana budaya bingkisan angpao.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Imlek

Dina wigati liyanéBesut