Donga utawa Sembayang iku siji wangun kagiyatan kaagaman sing ngarepaké anané gayutan karo Allah, déwa, roh utawa kekuwatan gaib sing dipuja, kanthi nglakokaké kagiyatan sing disengaja. Sembayang bisa dilakokaké kanthi bebarengan utawa dhèwèkan. Sajeroning sapérangan tradhisi agama, sembayang bisa nglibataké lagu wujud hymne, jogèd, maca naskah agama kanthi dilagokaké utawa disenandhungaké, pratélan formal krédo, utawa pocapan spontan saka wong sing ndedonga.

Umat Hindhu dharma nembé sembayang

Asring uga sembayang dibédakaké karo donga, donga luwih asifat spontan lan pribadi, sarta lumrahé ora asifat ritualistik. Sanajan mangkono, hakikaté aktivitas iki padha, ya iku siji wangun komunikasi antarané manungsa karo Gustiné.