Wulung jawa

sepésiyes manuk
(Kaelih saka Elang Jawa)
Wulung jawa
Wulung jawa ing Kebon Binatang Ragunan, Jakarta
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Accipitriformes
Famili: Accipitridae
Génus: Nisaetus
Spésies: N. bartelsi
Jeneng binomial
Nisaetus bartelsi
Stresemann, 1924
Sinonim

Spizaetus bartelsi

Wulung jawa utawa garudha jawa (Nisaetus bartelsi) —ing sakawit dipapanaké ing génus Spizaetus[2]— iku manuk raptor warna soklat peteng kanthi ukuran sedhengan kang dawané watara 60 cm ing famili Accipitridae. Endhas lan guluné semu abang lan sangisoré iku semu lorèk-lorèk ireng. Ing endhasé ana jambul kang dawa tur ireng; jambulé iku mèh jejeg blegeré lan putih pucukané. Geger lan suwiwiné warna soklat peteng, déné buntuté warna soklat padhang mawa lorèk-lorèk kumuning. Tenggaké warna putih kumuning mawa lorèk putih kang muncul ambal-ambalan ing dhadha lan pérangan ngisor awaké kang selang-seling karo warna abangé. Piyiké warnané sairib, nanging pérangan ngisoré luwih polos lan pérangan endhasé welu (dull).[3] Kéwan lanang lan wadon warnané padha.

Minangka manuk èndhemik Indonésia, wulung jawa uripé ing alas tropis Pulo Jawa kang teles. Ambahané ing Jawa Wétan nganti Pulo Sempu, Taman Nasional Brama Tengger Semèru, Taman Nasional Méru Betiri, lan Taman Nasional Alas Purwa. Manuk iki uga ditangkaraké kebon binatang kaya ta Kebon Binatang Bandhung.[4]

Wulung jawa minangka manuk monogami. Wadoné racaké ndokok endhogé siji ing susuh kang mapan ing pérangan pucuk wit ing alas. Mangsané kang pokok kaya ta manuk, kadhal, lawa woh, lan mamal.

Wulung jawa iku dadi simbul nasional Indonésia kang tinelah Garudha, asliné makluk awujud manuk ing kapitayan Hindhu lan Buda. Jeneng ngèlmiahé, bartlesi, asalé saka kulawarga Bartels kang ngandharaké manuk iki ing jagat ngèlmiah.

Amarga manéka warnané rupané elaring wulung ing famili Spizaetus, wulung jawa sadurungé ora diakoni minangka spésies wutuh nganti taun 1953.

Manuk iki minangka raptor kang langka. Amarga ilangé habitaté, ciliké populasiné, ambahané kang winates, tur uga dibedhag, wulung jawa kalebu kéwan kang Kadrawasan (Endangered) ing Pratélan Abang IUCN babagan Spésies Sajeroning Bebaya. Manuk iki lumebu ing Appendix II ing CITES.

Nalika Fèbruari 2012, mung ana watara 325 pasang wulung jawa kang nabet ing alas, mligi ing Malangbong, Jawa Kulon lan sapérangan ing Jawa Wétan. Ing Jawa iring tengah, Gunung Merapi alasé kerep ketaman jeblugané, déné ing Plato Dièng alasé dibabad kanggo tetanèn. Adhaptasiné manuk iki kapétung angèl banget amarga anggoné nusuh sok milihi wit rasamala lan anggoné mangsan mung tikus jawa. Amrih amané, populasiné kuduné 1.450 pasang. Yèn tanpa konservasi, wulung jinis iki dikira-kira bakal cures nalika taun 2025.[5]

Cathetan suku

besut
  1. BirdLife International (2012). "Nisaetus bartelsi". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2013.2. International Union for Conservation of Nature. Dibukak ing 26 Novèmber 2013.
  2. Helbig AJ, Kocum A, Seibold I & Braun MJ (2005) A multi-gene phylogeny of aquiline eagles (Aves: Accipitriformes) reveals extensive paraphyly at the genus level. Molecular phylogenetics and evolution 35(1):147-164.
  3. "Javan Hawk-eagle (Spizaetus Bartelsi)." Javan Hawk-eagle Videos, Photos and Facts. Web. 5 Nov. 2014. <http://www.arkive.org/javan-hawk-eagle/spizaetus-bartelsi/ Archived 2014-11-06 at the Wayback Machine.>.
  4. "Javan Hawk-eagle is endangered". The Jakarta Post. May 28, 2011. Dibukak ing June 12, 2017.
  5. "Hutan Malangbong Andalan Habibat Elang Jawa". February 29, 2012. Diarsip saka sing asli ing March 1, 2012. Dibukak ing June 12, 2017.