Emilio Aguinaldo

Emilio Aguinaldo y Famy (22 Maret 1869-6 Pèbruari 1964) iku mantri militèr, juru pulitik, lan mantri révolusi Pilipina kang dikepyakaké dadi Présidhèn Pilipina Kapisan (1899–1901) lan dadi présidhèn ing républik konstitusional kapisan ing bawana Asiah. Dhèwèké pandhégané wadya Pilipina kang nglawan Spanyol kala Révolusi Pilipina (1896–1897) lan kala Perang Spanyol-Amérika (1898), sarta kang nglawan Amérikah Sarékat kala Perang Pilipina-Amérika (1899–1901). Emilio dicekel wadya Amérika ing Palanan, Isabéla tanggal 23 Maret 1901 kang sakala mungkasi kalungguhan prèsidhèné.

Emilio Aguinaldo
Potrèt Aguinaldo, u. 1919
Présidhèn Pilipina Kapisan
Présidhèn ing Républik Kapisan
Présidhèn ing Pamaréntah Agung
Présidhèn ing Républik Biak-na-Bato
Dhiktator ing Pamaréntah Dhiktator
Présidhèn ing Pamaréntah Révolusionèr
Linggih
23 Januari 1899[a] – 23 Maret 1901[b]
Mahamantri
  • Apolinario Mabini
  • (21 Jan – 7 Mèi 1899)
  • Pedro Paterno
  • (7 Mèi – 13 Nopèmber 1899)
Wakil PrésidhènMariano Trias (1897)
Kang sawiséWurung,
Resminé Manuel Quezon, Présidhèn Pasaraharjan Pilipina
Rerincèn dhiri
Lair(1869-03-22)22 Maret 1869
Kawit, Cavité, Pakaptènan Umum ing Pilipina
Pati6 Fèbruari 1964(1964-02-06) (umur 94)
Kutha Quezon, Pilipina
PakuburanSanggar Aguinaldo, Kawit, Cavité
Parté pulitikKatipunan
Parté Sosialis Nasional
Sisihan
  • Hilaria del Rosario (1896–1921)
  • María Agoncillo (1930–1963)
Anak
  • Carmen Aguinaldo Melencio
  • Emilio Aguinaldo, Jr
  • Maria Aguinaldo Poblete
  • Cristina Aguinaldo Suntay
  • Miguel Aguinaldo
AlmamaterColegio de San Juan de Letran
ProfésiJuru pulitik
Mantri militèr
AgamaGréja Mardika Pilipina
sadurungé Katulik Rum
Pangaji
Lésiyun Palakrama ing Pilipina

Salib Jasa Quézon
Jasa militèr
Jejuluk"Kapitan Miong"
"Heneral Miong"
Kasetyan Républik Pilipina Kapisan
Républik Biak-na-Bato
Katipunan (Magdalo)
Cawang Wadya Révolusionèr Pilipina
Taun leladi1894–1901
PangkatMantri/Marsekal Lapangan / Generalissimo
PerangRévolusi Pilipina
Perang Spanyol-Amérika
Perang Pilipina-Amérika

Taun 1935, Emilio kalah saka Manuel Quezon nalika maju présidhèn Pasaraharjan Pilipina. Sawisé Jepang nginvasi Pilipina taun 1941, dhèwèké tembayan karo lelurah anyar lan malah gawé seruan sarana radhio murih wadya Amérika lan Pilipina nyerah ing Bataan. Nalika wadya Amérika teka manèh, dhèwèké dicekel jalaran dadi juru gèdhèg anthuk, nanging banjur kamardika awit amnèsti umum.

Cathetan

besut
  1. 23 Januar 1899 iku tanggal Aguinaldo jumeneng Présidhèn ing Républik Pilipina Kapisan dhedhasar Undhang-undhang Malolos. Sadurungé, dhèwèké lungguh Présidhèn ing Pamaréntah Révolusionèr kawit 22 Maret 1897 nganti 1 Nopèmber 1897, Présidhèn ing Républik Biak-na-Bato kawit 2 Nopèmber 1897 nganti 15 Dhésèmber 1897, Pangarep ing Pamaréntah Dhiktator kawit 24 Mèi 1898 nganti 22 Juni 1898, lan Présidhèn ing Pamaréntah Révolusi liyané kawit 23 Juni 1898 nganti 22 Januari 1897.[1]
  2. 23 March 1901 iku tanggal Aguinaldo dirangkad wadya Switserlan.[2]

Tegesing tembung-tembung

besut
Cara Jawa Cara Indonésia Cara Inggris
mantri militèr kepala militèr military leader
juru pulitik pulitikus politician
dikepyakaké diresmikan officially recognized
bawana benua continent
Asiah Asia Asia
pandhéga pemimpin leader
wadya bala forces, army
sakala seketika immediately
kalungguhan kalungguhan position
Pasaraharjan Persemakmuran Commonwealth
tembayan bekerja sama cooperate
lelurah kepala papréntahan ruler
juru gèdhèg anthuk kolaborator collaborator
dirangkad diculik abducted
Switserlan Switserlan Switzerland, Switserlan
lésyiun legiun legion
palakrama kehormatan honour

Rujukan

besut
  1. "Emilio Aguinaldo". Presidential Museum and Library. Diarsip saka sing asli ing 2012-11-04. Dibukak ing 2016-05-17.
  2. "First Philippine President Emilio F. Aguinaldo 46th Death Anniversary". Manila Bulletin Publishing Corporation. February 5, 2011.