George Berkeley

George Berkeley lair tanggal 12 Maret 1685 neng Dysert Co. Kilkenny, Irlandia. deweke sinau neng Dublin wektu iku karyo-karyo Boyle, Newton lan Newton lan Locke nduweni pawulangan pokok le entuk soko Universitas. deweke pengarang soko baris kondang syair sing unine: Wesward the course of empire takes its way.. (Arah ngulon kraton mebar jembar)

Neng umur rong puluh taun deweke dadi staff ing Perguruan Tinggi Trinity College Dublin. deweke dikenalke marang keluarga istana soko pujangga Swft, karo unen-unen koyo to: "Pangeranku, iki ono salah sawijining kanoman soko keluarga terhormat. aku yakin papan ndoro pengeran ndadekke luwih larang kanggo ndoro sing srawung kare deknen katimbang deweke srawung karo ndoro."

Berkelay naliko iseh enom nduweni kapercayan menowo ilmu lan filsafat di bebaske soko abstaksi-abstaksi tanpo arti lan unen-unen sing kabur iso dipungkasi regejekan antarane kepercayanan lan pengetahuan manungso.deweke nyambut gawe kango nyadarke manungso maneh marang pengalaman langsung lan intuisi. ing njero usahane nentang kaum skeptis lan atheis sing ngremboko akibate maju pemikire ilmiah wektu iku, Berkeley usaha ngo nyempurnakke pengetahuanne manungso, sifat tanpo bentuk soko jiwo kasih sayang e Tuhan Sing Moho Esa.

Berkeley sependapat menowo obyek-obyek material koyo benda-benda sing ketok marang kito yoiku kabèh manut pola pikir lan ora ono benda alam semesta sing neng jobo kanyatan pikire. Neng jeron buku sing judul: A Treatise Concerning the Principles of Human Knowledge, (1710), Berkely sependapat, menowo kebeneran sing kabukti karo awake dewe menowo benda sing mbentuk bangunan ndunyo iki ora nduweni absen sing sakbenere kejobo sing sing di tangkep koko Pancaindra. Kanyoto George Berkeley nduwe pandangan secara idealist, nangging idealismene ngenengi ndunyo dadi anthropomorphic.

George berkeley jabarke pandangan-pandanganne njero kabèh tulisane ing antarane:

A New Theory of Vision (1709);

Dialogues between H yles and Philonous, (1713);

A Treatise Concerning the Principles of Human Knowledge, (1910)