Golèk Lambangsari
Golèk Lambangsari ya iku beksan Jawa klasik kang asalé saka Kraton Ngayogyakarta lan Pura Mangkunegaran. Beksan iki sakawit minangka bebungah saka Karaton Ngayogyakarta marang Mangkunegara VII ing pawiwahanipun.[1]
Sajarah
besutBeksan Golèk Lambangsari diripta déning empu beksan lan karawitan Purbaningrat.[2] Jeneng beksan iki asalé saka jeneng gendhing pangiring beksan aran Gendhing Ageng Lambangsari. Isi beksan Golèk Lambangsari ya iku babagan bocah wadon kang arep diwasa lan pinter macak. Beksan iki ngrembaka ing jaba kraton, nanging ing tembé lumebu dadi beksan Kraton Ngayogyakarta. Nalika Pura Mangkunegaran nduwé gawé, Kraton Ngayogyakarta peparing beksan Golèk Lambangsari minangka bebungah kanggo pawiwahanipun Mangkunegara VII lan G. K. R. Timur ing warsa 1916. Ing sauntara wektu, sawenèh jinis beksan Golèk ajeg diwetokaké ing Pura Mangkunegaran. Ing pura, obahan nggrodha Golèk Lambangsari diowahi kanthi kawuwuhan obahan menthang, saha posisi lengen isor kiwa kang lurus menyang ngarep diowahi dadi nengen. Bab iki nuduhaké yèn gagrag beksan iki mèh padha karo gagrag Surakarta tinimbang gagrag Ngayogyakarta. Owah-owahan ing Pura Mangkunegaran iku ing tembé ingaran gagrag Mangkunegaran.[1][3]
Panyawisan
besutBeksan Golèk Lambangsari iku kalebu golongan beksan putri lan racaké diwetokaké ing pendhapa.[4] Obahan beksan Golèk Lambangsari ana unsur prenès, kenès, lan kemayuné, walikané solah tingkahing wong wadon Jawa kang lumrah. Ing beksan iki ana akèh motif obahan kaya ta kicat ridhong sampur, ulap-ulap, keplok asta, trap jamang, trap slépé, lampah semang, tasikan, ngelus rikma, embat-embat asta, ngunggar sinom, mandhé sampur, atur-atur, lan ngilo sampur.[5] Wondéné sandhangan kang dianggo pambeksa ya iku rompi, jarik mawa motif lèrèng, slépé, èpèk timang, sampur krepyak, kalung, gelang, gondhèl, bros, jamang, kelat pundhak, kantong gelung, cundhuk mentul, wulu, lan sirkam.[6]
Rujukan
besutCathetan sikil
besut- ↑ a b Tyas 2017, kc. 94–95.
- ↑ "Golek Lambangsari Yogyakarta". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-02. Dibukak ing 2 Maret 2023.
- ↑ "Tari Golek Lambangsari Yogyakarta". Blog Budaya Universitas Stikubank Semarang. 9 Maret 2022. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-02. Dibukak ing 2 Maret 2023.
- ↑ Tyas 2017, kc. 99.
- ↑ Tyas 2017, kc. 96-98.
- ↑ Tyas 2017, kc. 100.
Kapustakan
besut- Tyas, Endah Purwaning (2017). "Peranan Otoritas Estetis Pada Tari Golek Lambangsari di Pura Mangkunegaran". Greget. 16 (2). doi:10.33153/grt.v16i2.2358. ISSN 2716-067X.