Harold Clayton Urey (lair 29 April 1893 – pati 5 Januari 1981 ing umur 87 taun) inggih punika salah satunggaling kimiawan Amérika Sarékat ingkang nyinaoni babagan isotop. Urey pikantuk Penghargaan Nobel babagan Kimia nalika taun 1934. Urey ugi ngandharaken téyori evolusi planit.

Harold Clayton Urey
Harold Urey, c. 1963
Lair(1893-04-29)29 April 1893
Walkerton, Indiana, Amérika
PatiJanuari 5, 1981(1981-01-05) (umur 87)
La Jolla, California, Amérika
BangsaAmérika Sarékat
Alma materUniversity of Montana
University of California, Berkeley
Kondhang ingdiscovery of deuterium
Miller–Urey experiment
Urey–Bradley force field
BebungahPenghargaan Nobel Kimia (1934)
Medali Davy (1940)
Medali Franklin (1943)
Fellow of the Royal Society[1]
Karièr ngèlmiah
BabaganKimia fisik
InstitutionsUniversity of Copenhagen
Johns Hopkins University
Columbia University
Institute for Nuclear Studies
University of Chicago
University of California, San Diego
Juru pamrayogya dhoktoralGilbert N. Lewis
Mahasiswa dhoktoralStanley Miller
Tandha tangan

Biografi besut

Urey miyos wonten ing Walkerton, Indiana, Amérika Sarékat. Urey pikantuk gelar kesarjanaan wonten ing babagan zoologi saking Universitas Montana lan dhoktor wonten ing babagan kimia amargi nyinaoni termodinamika wonten ing ngandhap bimbingan Gilbert N. Lewis saking Universitas California, Berkeley.[2]

Wonten ing Berkeley, Urey dipunlibataken wonten ing pekerjaan fisikawan Raymond T. Birge lan lajeng kagabung kaliyan Niels Bohr wonten ing Kopenhagen, Dhènemarken saperlu nyinaoni struktur atom wonten ing Institute for Theoritical Physics Kopenhagen. Sabbaripun wangsul dhateng Amérika Sarékat nalika taun 1924, piyambakpun ngajar ing Johns Hopkins University lan wonten ing Columbia University ing pundi piyambakipun damel tim sesarengan kaliyan Rudolph Schoenheimer, David Rittenberg lan T. I. Taylor.[3]

Nalika punika, Urey ngisolasikaken unsur deuterium kanthi kaping kathah nindakaken distilasi tumrap tuladha hidrogen cair. Nalika taun 1931, Urey lan kelompokipun nindakaken dhémonstrasi kawontenan air berat. Urey lajeng dipunparingi Penghargaan Nobel rikala taun 1934 amargi panalién mau.

Sadangunipun Perang Dunia II, Urey lan timipun makarya wonten ing sajumlah panalitén ingkang lajeng ngarah dhateng proyek Manhattan saperlu ngembangaken bom atom kanggé Amérika Sarékat. Bab wigati ingkang dipuncapai saking panalitén inggih punika metode pemisahan isotop ingkang dipun-ginakaken saperlu misahaken isotop uranium-235 saking uranium-238. Nalika mangsa palastra taun 1941, Urey sesarengan kaliyan G. B. Pegram mimpin misi diplomatik dhateng Britania Raya saperlu mbentuk kerjasama wonten ing pangembangan bom atom.[4]

Sabibaripun perang, piyambakipun dados profesor wonten ing babagan kimia ing Institute for Nuclear Studies. Urey lajeng mbiyantu ngembangaken babagan ngèlmu cosmochemistry. Piyambakipun lajeng nyerat buku kanthi judhul The Planets: Their Origin and Development (1952) ingkang wosipun kasil-kasil panaliténipun. Urey gadhah spekulasi bilih asal-usul atmosfer bumi kasungsun saking amonia, metana lan hidrogen. Bab punika dipuntedahaken déning siswanipun, Stanley L.Miller, bilih manawi campuran mau dipunpaparaken ing radiasi ultraviolet lan toya, badhé ngasilaken asem amino, inggih punika rante pambangun ingkang badhé mbentuk satunggaling pagesangan. Éwadéné makaten, para ilmuwan wonten ing wekdal punika langkung pitados bilih atmosfer bumi wiwitanipun kasungsun saking karbon dioksida lan uwab banyu[5].

Urey séda wonten ing La Jolla, California, lan dipunsarekaken wonten ing pasarean Fairfield wonten ing DeKalb County, Indiana.

Kajawi pikantuk penghargaan Nobel, Urey ugi pikantuk medali emas saking Royal Astonomical Society nalika taun 1966. Kajawi punika, saperlu maringi pakurmatan saking jasa-jasanipun, nama Urey ugi dipunabadikaken minangka salah satunggaling nama kawah wonten ing bulan (kawah Urey), nama asteroid (4716 Urey) lan penghargaan H. C. Urey inggih punika penghargaan ingkang dipunaringaken dhumateng para astronom déning American Astronomical Society.[6]

Cathetan suku besut

Pranala njaba besut