Layang Yohanes kang kapisan ditulis amarga nduwé rong alesan:

  • Sepisan, kanggo mènèhi dorongan marang para pamaosé supaya urip manunggal karo Gusti lan Putra Dalem Yesus Kristus.
  • kapindho, kanggo ngèlingaké supaya ora kapilut marang piwulang-piwulang luput kang bisa ngrusak kamunggalané karo Gusti lan Putra-Né Yesus Kristus.

Ajaran-ajaran kang luput iku didhasaraké marang kapercayan yèn apa waé kang sesinggungan karo donya, ngasialké kang jahat; dadi, Yesus Putra Dalem, ora mungel wis dadi manungsa. Guru-guru kang miwulangaké piwulang-piwulang kang luput iku nuturaké yèn dislametaké ateges diuwalaké saka urusan-urusan kauripan ing donya iki; guru-guru iku uga miwulangaké yèn kaslametan ora ana gandhèngané karo prakara-prakara ngenani kasusilan utawa tresna marang pepadha.

Tetentangan karo piwulang-piwulang iku, panulis layang iki nelakaké kanthi cetha yèn Yesus Kristus wus dadi manungsa sajati temenan. Panjenengané nelakaké uga yèn kabèh wong kang percaya marang Yesus sarta nresnani Gusti kudu uga tresna tinresnan marang pepadha.

Isi besut

  • Pambuka 1:1-4
  • Pepadhang lan pepeteng 1:5--2:29
  • Para putrané Allah lan anak-anaké Iblis 3:1-24
  • Sing bener lan kang luput 4:1-6
  • Kuwajiban supaya pada tresna-tinresnan 4:7-21
  • Kapercayan kang nggawa kamenangan 5:1-21