Jaé

(Kaelih saka Jahe)
Jaé
Jaé
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Spermatophyta
Klas: Monocotyledoneae
Ordho: Zingiberales
Famili: Zingibeaceae
Génus: Zingiber
Spesies

Zingiber officinale

Tuwuhan jaé karo kembangé

Jaé utawa jahé iku siji bahan masakan. Jaé wis misuwur dadi bahané masakan, bumbu lan dadi obat. Jaé kang jeneng latiné Zingiber officinale Rosc, iki wis kasebar saindhenging jagad lan akèh gunané.

Jaé wujud siji tuwuhan rimpang kang populèr dadi bumbon crakèn lan bahan kanggo obat.[1] Rimpangé duwé wujud driji kang nggembung ing ruas-ruas tengahé.[1] Jaé uga duwé senyawa keton kang karan zingeron kang marakaké rasa pedhes.[1]

Jaé kalebu suku Zingiberaceae (temu-temuan).[1] Jeneng èlmiah jaé saka William Roxburgh saka tembung Yunani zingiberi, saka basa Sansekerta, singaberi.[1]

Jaé kanggo masakan

besut

Ing masakan, jaé biyasa ditambahaké kanggo sedhep-sedhepan, mligi ing masakan Cina lan India. Sing biyasa dianggo jaé kang tansah nom tur seger. Jaé uga dianggo cuka, utawa dadi sedhep-sedhepan permèn pedhes. Saliyané iku dadi sedhep-sedhepan ing jajanan, utawa ing nagara Éropah didadèkaké bahan dhasaré Roti Jaé.

Saliyané iku, jaé uga didadèkaké unjukan, kaya ta STMJ (Susu Telor Madu Jahe), Ginger Ale, Jahe Telor, Sekoteng, Pokak lan sapanunggalé.

Jinising Jaé

besut

Jaé bisa dipérang dadi manéka jinis, kang diweruhi wong-wong awam yaiku:

  • Jaé biyasa
  • Jaé gajah
  • Jaé abang

Jaé kanggo obat

besut

Jaé uga didadèkaké obat kanggo rupa-rupa lelara. Wis kabukti yèn jaé kasiate pancen oye. Jaé parutan bisa dianggo komprès keseleo, pegel-pegel, lan sapanunggalé. Uga bisa dianggo tamba masuk angin, mules-mules utawa diemut kanggo wong wadon kang nembé mbobot kanggo ngilangi rasa kudu gumoh. Balsem ya ana kang nganggo bahan dhasar jaé kanggo ngréwangi ilangé lara.

Deleng uga

besut

Cathetan sikil

besut
  1. a b c d e [1] Archived 2011-09-27 at the Wayback Machine. (dipunaksés tanggal 17 Juni 2011).

Pranala njaba

besut

Cithakan:Bumbon crakèn