Jinisé Jamu, seger lan séhat

Jamu ya iku obat tradhisional kang bahane saka tuwuhan, upamané saka oyot, godhong, woh, lan kulit kayu sawijining tuwuhan kang kena kanggo nambani warna-warna lelara.[1] Pèrangan wit-witan mau ana sing diolah kanthi digodhog lan ana uga kang dipangan mentah.[1] Wong Indonésia wis ngerti jamu nalika pirang-pirang abad kapungkur. Kang sepisanan jamu mung ana ing kupêngan kraton utawa pura, ya iku ing Kasultanan ing Yogyakarta lan Kasunanan ing Surakarta.[1] Jaman biyèn jamu mung dingerténi ing kalangan kraton lan ora éntuk disebarake ing masarakat njaba kraton.[1] Nanging kanthi owah ginsiring jaman kang saya suwé saya maju, jamu bisa diajaraké ing masarakat njaba kraton, saéngga masarakat njaba kraton wis akèh kang bisa ngracik jamu dhéwé.[1] Prastawa iki kang ndadékaké jamu ngrêmbaka lan digawé ora mung wong Indonésia nanging uga payu ing mancanagara.[1] Kanggoné masarakat Indonésia, jamu iku resép turunan saka leluhur kang kudu dijaga lan dingrêmbakakaké.[1]

Sajarah JamuBesut

 
Bakul jamu nyiapaké ombènan tradhisional ing pasar Yogyakarta. Foto kolèksi Tropenmuseum (1910-1930).

Indonésia wiwit mbiyèn mula wis kondhang karo gemah ripah loh jinawi, lemahé kang subur lan asil buminé kang akèh.[1]

RujukanBesut

  1. a b c d e f g h [1](dipunundhuh tanggal 31 Maret 2011)