Jeneng ing Kraton Ngayogyakarta

Jeneng dhiri iku minangka tandha kanggo ndangu lan sapa aruh marang sawènèh wong. Jeneng dumadi saka tembung-tembung kang nduwéné teges kang mengku pangajab. Tumraping wong Jawa mangkono iku jeneng kalebu pusaka mula ana unèn-unèn “asma kinarya japa”. Déné yèn miturut Filipec[1] tembung-tembung sajroning jeneng digunakaké kanggo nuduhaké entitas saben wong. Saben wong nduwéni sapérangan jeneng kang béda-béda, kalebu jeneng ngarep, jeneng kulawarga, lan gelar. Jeneng miturut Van Buren sajroning Wierbicka[2] kapérang dadi telu ya iku jeneng ngarep jangkep, jeneng celukan, jeneng celukan kang mengku katresnan (parapan), jeneng kuluwarga, lan jeneng gelar. Jeneng ora mung kanggo ciri dhiri pribadi, nanging jeneng uga mratandhani kelas sosial saben wong.

Babagan jeneng ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ora uwal saka tata paugeran kang dhedhasar sambung raketé dharah marang sultan, uga jejibahan minangka abdi dalem[3]. Tataran sesambung raket dharah iku kapèrang miturut kang paling caket marang sultan ya iku garwa Dalem, putra Dalem, sedhérék Dalem, lan sentana Dalem. Saka caket lan adohé sambung rakete dharah iku mau kanggo mbédakaké anggoné paring jeneng. Déné yèn tumraping abdi dalem, jeneng iku dibédakaké miturut ayahan pakaryané. Abdi dalem ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat kapérang dadi loro ya iku abdi dalem punakawan kang makarya ana ing kraton lan abdi dalem kaprajan ya iku para pegawé papréntahan dhaérah kang nampa SK gubernur lan nyadhong pangkat kalenggahan ing kraton[4].

Jeneng ana ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat dibédakké dadi telung jinis, ya iku jeneng cilik (timur), jeneng tuwa, lan jeneng cekak utawa jeneng celukan. Jeneng cilik (timur) ya iku kang diparingaké nalika nembé waé lair, déné jeneng tuwa diparingaké sawisé manjing diwasa utawa wus omah-omah. Tumraping abdi dalem jeneng tuwa kawujudaké minangka jeneng ngarep kang dhedhasar papan ayahan jejibahané. Jeneng cekak utawa celukan minangka wujud panyekaking jeneng cilik utawa jeneng tuwa. Jeneng cilik lan jeneng tuwa adat sabené kanggo ing kaanan formal lan informal, déné jeneng cekak mung kanggo ing kaanan informal[3].

Tatacara anggoné ménéhi jeneng ing kraton Ngayogyakarta dhedhasar kalenggahan lan pangkaté saben wong. Upama sawijining wong wus migunakaké jeneng tuwa, jeneng cilik (timur) mau ora digunakaké menéh, kajaba ditunggak semi déning wong-wong kang nduwéni sesambungan paseduluran luwih cedhak.

Asma kanggo kulawarga Sultan

besut

Asma kang diparingaké kanggo kulawarga Dalem Sultan katata miturut kalenggahané lan umur. Asma kanggo kulawarga Dalem iki dibédakaké dadi loro, ya iku asma kanggo garwa Dalem lan kanggo putra Dalem[3].

Asma Garwa Dalem

besut

Asma garwa Dalem kapèrang dadi loro, ya iku asma tumraping garwa padmi (pramèswari) lan asma tumrap garwa ampèyan (selir). Asma Dalem garwa padmi sultan migunakaké tembung-tembung kang nggambaraké samubarang kang sumorot mawa cahya éndah utawa agung.

Asma Dalem garwa padmi, kaya ta: Hemas, Kencana, Kedhaton, Hageng, Sultan, Kencana Wulan, Wandhan.

Déné asma Dalem kanggo garwa ampèyan luwih manèka warna, kaya ta: Surtikanthi, Puspitalangen, Hadiningdiah, Windyaningrum, Ciptamurti, Tilarsa, Pintakapurnama.

Asma putra Dalem

besut

Putra Dalem kakung andarbèni asma timur kang béda karo asma sepuh. Samengko yèn para putra Dalem kakung kang miyos saka garwa padmi utawa garwa ampéyan iku wus lenggah minangka pangéran migunakakè asma sepuh, kaya ta:

  • G.R.M. Sungangussamsi G.P.H. Purabaya
  • B.R.M Kartala B.P.H. Dipayana
  • B.R.M. Hérjunadarpita G.B.P.H. Mangkubumi
  • B.R.M. Sumyandana G.B.P.H. Jayakusuma

Putra Dalem pawèstri andarbèni asma timur lan asma sepuh dhedhasar sambung raketé dharah Dalem uga kramané. Yèn putra Dalem pawèstri kang miyos saka garwa padmi wus krama migunakaké asma paring Dalem lan ora migunakaké asma garwa kakungé, kaya ta: G.K.R. Pembayun, G.K.R. Condrokirono, G.K.R. Maduretno, G.K.R. Hayu, G.K.R. Bendara.

Putra Dalem pawèstri pambajeng kang miyos saka garwa ampèyan lan krama marang sawènèh priya kang ndarbéni pangkat kalenggahan Kanjeng Pangéran Harya utawa Bendara Pangéran Harya olèh paring asma kadya putra Dalem pawèstri saka garwa padmi. Nanging yèn anggoné krama marang priya kang nora andarbéni pangkat kalenggahan pangéran, kaya ta amung pangkat Kanjeng Radén Tumenggung dhèwèké bakal migunakaké asma garwa kakungé. Babagan iki kalebu uga kang sadurungé krama marang pangéran banjur pegatan lan krama manèh marang priya kang sipat bupati (K.R.T), mula kudu salin asma migunakaké asma garwa kakungé, kayadéné putra Dalem pawèstri saka garwa ampéyan lumrahé, kaya ta:

  • B.R.A.G. Siti Sundarumiyah + K.P.H. Pakuningrat K.R. Pembayun
  • B.R.Ay.G. Hangabehi + K.R.T. Gandakusuma B.R.Ay.G. Gandakusuma
  • B.R.A. Sri Mudiyatun + K.R.T. Murdakusuma B.R.Ay. Murdakusuma

Ing wektu samengko, asma putra Dalem pawèstri utawa sedhérék Dalem pawèstri kang wus krama mrangguli owah-owahan. Putra Dalem pawèstri saka garwa padmi kang sadurungé ora migunakaké asma garwa kakungé, wektu samengko ing wuri sinartakaké asma garwa kakungé, kaya ta G.R.A. Nurmagupita krama marang K.P.H. Suryakusuma, sabanjuré salin asma G.R.Ay. Nurmagupita Suryakusuma utawa G.R.Ay. Suryakusuma. Babagan iki mangkono uga tumraping sedhérék Dalem pawèstri kang sadurungé migunakaké asma garwa kakungé uga mrangguli owah-owahan. Para sedhérék Dalem pawèstri iki bisa migunakaké asma timuré kang sabanjuré nembé asma garwa kakungé, kaya ta B.R.Ay. Hj. Nuraida Jayakusuma (garwa G.B.P.H. Jayakusuma) utawa B.R.Ay. Jayakusuma.

Asma Abdi Dalem

besut

Jeneng kanggo abdi dalem kapérang dadi loro, ya iku :

Asma Abdi Dalem Punakawan

besut
Papan Jejibahan Pangkat Jeneng
KH Sri Wandawa Jajar nganti Wedana Purwa + Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

Hatmaja

Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka ....... + Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

Hatmaja

Pangeran Sentana ....... + Diningrat

Purwaningrat

Hadiningrat

Kusuma

KH Parentah Hageng Jajar nganti Wedana Murda Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

Hatmaja

Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka Candra Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

KHP Puraraksa Jajar nganti Wedana Pura Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

Hatmaja

Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka ....... + Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

Hatmaja

KHP Widyabudaya Jajar nganti Wedana Widya Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

Hatmaja

Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka ....... + Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

Hatmaja

KHP Kridamardawa Niyaga Jajar nganti Wedana Jeneng tembang, kaya ta Manggaladita
Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka Jeneng tinamtu, kaya ta Mangkuyuda
Lebdaswara Jajar nganti Wedana Jeneng tembang, kaya ta Kumudasmara, Sapatirtala
Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka Kaya ta Indra Asmara
Pedhalangan Jajar nganti Lurah Cerma + .......
Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka Jeneng tinamtu
KHP Purayakara Patehan Jajar nganti Wedana ....... + Dikara
Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka Danu + Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

Hatmaja

Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka Nata + Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

Hatmaja

KHP Wahana lan Kriya Jajar nganti Wedana Murda + .......
Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka Boja + Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Tepas Dwarapura Jajar nganti Wedana Jeneng tinamtu
Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka Jeneng tinamtu
Tepas Rantamharta Jajar nganti Wedana Hardana + ......
Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka Hardana + Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

Hatmaja

Tepas Banjarwilapa Jajar nganti Wedana Wilapa + .......
Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka Wilapa + Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

Hatmaja

Tepas Darah Dalem Jajar nganti Wedana Jeneng tinamtu
Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka Jeneng tinamtu
Tepas Witardana Jajar nganti Wedana Hardana + .......
Riya Bupati Anom nganti Bupati Nayaka Hardana + Winata

Pranata

Dipraja

Dipura

Wijaya

Seputra

Hatmaja

Réferènsi

besut
  1. Zgusta, Ladislav. (1971). Manual of Lexicography. Berlin: De Gruyter. kc. 117. ISBN 3111349187. OCLC 843207076.
  2. Wierzbicka, Anna. (1992). Semantics, Culture, and Cognition : Universal Human Concepts in Culture-Specific Configurations. New York: Oxford Univ Press. kc. 225. ISBN 0195360915. OCLC 191924693.
  3. a b c Sulistyawati, Sulistyawati (2004). "Nama dan Gelar di Keraton Yogyakarta". Humaniora. Volume 16, No.3: 252–262. doi:10.22146/jh.v16i3.1306. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung)
  4. Sulistyowati (1999). Sistem Sapaan Bahasa Jawa: Analisis Kasus Sapaan di Keraton Yogyakarta (Thesis). Program Pascasarjana Universitas Gadjah Mada.