Jiddu Krishnamurti
Jiddu Krishnamurti (12 Mèi 1895 – 17 Fèbruwari 1986) iku filsuf lan juru nulis saka Indhi. Nalika isih enom dhèwèké digegadhang dadi Guru Sajagat kang anyar, nanging ing tembé dhèwèké nulak kalungguhan iku lan metu saka Paguyuban Téyosofi kang ana ing waliké.[1] Karyané gegayutan karo révolusi jiwa, bawané angen-angen manungsa, médhitasi, pitakon, gayutan ing antarané manungsa, lan owah-owahan ing masarakat. Dhèwèké sesorah babagan révolusi jiwa kang dibutuhaké manungsa kabèh lan pracaya yèn owah-owahan iku ora bisa dadi minangka kawusanan saka jalaran jaba, kaya agama, pulitik, utawa sosiyal.
Dhèk taun 1929 Krishnamurti kandha:
Aku pracaya yèn bebener iku kaya lemah tanpa dalan; mula, ora bisa dicandhak sarana dalan apa waé, agama, utawa paguyuban apa waé. Iki kang dakpracaya. Bebener iku ora nduwé wates lan angger-angger, ora bisa dicandhak sarana dalan apa waé; mula ora olèh ana paguyuban kang péngin nggawa utawa maksa manungsa menyang bebener. Aku ora gelem wong-wong mèlu aku. Yèn wong wiwit mèlu wong liyané, dhèwèké wis ora mèlu bebener manèh. Aku ora ngurus yèn kowé kabèh ngrungokaké aku apa ora. Ana bab siji waé kang péngin dakgawé lan arep dakgawé: nggawé manungsa dadi mardika. Aku péngin ngamardika manungsa saka kabèh kunjarané, kabèh wediné; ora péngin nggawé agama, paguyuban, rumus utawa filosofi anyar.[2]