Kécol
Kécol utawi kidal inggih punika langkung asring ngginakaken asta kiwa.[1][2] Miturut téyori kasehatan dipunjlentrehaken, bilih kécol utawi lefthanded inggih punika tiyang ingkang saben dintenipun ingkang wonten gegayutanipun kaliyan anggota gerakipun, tansah utawi asring ngginakaken asta kiwanipun lan ngraos sakeca tinimbang manawi nganggé asta tengen.[1] Kécol ugi asring dipungayutaken déning ahlinipun boten namung astanipun nanging ugi samparanipun, nanging punika kirang lazim, amargi samparan punika asringipun boten gadhah spesifikasi kiwa utawi tengen wonten ing saben aktivitas.[1] Nanging, wonten risét ingkang nyebataken bilih meh sadaya kasus asta kécol ugi wonten kacenderungan ngginakaken samparan kiwa, lan rata-rata sadaya punika sampun wonten wiwit lair.[1] Kécol ugi wonten ingkang dipunsebabaken amargi gadhah kepenginan nyinaoni piyambak lan kabiasaan.[1] Tiyang ingkang kécol limrahipun langkung kathah ngginakaken asta kiwa tinimbang tengenipun[2] ingkang sampun dados konsensus global wonten ing masalah etika kanggé aktivitas wigati ing saben dintenipun kados, nyerat, nyepeng, lan sanèsipun.[1] Wonten pamanggih bilih manawi kécol punika nerak angger-angger (aturan) lan kirang sopan.[1] Nanging, sajatosipun kécol punika sanès golongan cacat utawi kelainan kados limrahipun, ugi sanès kalebet lelara.[1]
Cathetan suku
besutPranala njawi
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |