Kaisar Jiajing
Kaisar Jiajing (Hanzi: 嘉靖, 1507-1567) ya iku kaisar ka-11 saka Dinasti Ming kang nguwasani Dinasti Ming saka tauan 1521 nganti tekan taun 1567.[1][2] Kaisar Jianjing lair karo jeneng Zhu Houcong (朱厚熜).[1] Dhèwèké ya iku anak pisanan saka Zhu Youyuan lan sepupu saka kaisar sadurungé, Zhengde.[1] Dhèwèké dadi kaisar sawisé Zhengde mangkat tanpa ninggal katurunan.[1]
Papréntahan
besutSawisé munggah tahta, taun-taun pisanan kalakon kanthi apik.[1] Dhèwèké mbatalake kebijakan-kebijakan kang ngrugike saka rezim Zhengde lan nyingkirake pejabat lan kasim-kasim korup ana ing papréntahan.[1] Jiang Bin, pejabat militèr kang jahat uga dieksekusi saka prentahe.[1] Saliyané iku dhèwèké uga mènèhi prentah kanggo motong pajeg kanggo kang kena mala, lan wong wadon kang diwènèhake kanggo bebungah dibalekake manèh.[1] Ora let suwé sawisé munggah tahta, Jiajing mutusaké kanggo mènèhi gelar huangkao marang bapake, ssawijining gelar kang diwènèhake bapake ya iku gelar kaisar.[1] Dudutane iku diprotes déning mantri-mentrine kang nganggep iku mau ora padha karo tradisi amarga bapake Jiajing dudu kaisar kang ora pas yèn diwènèhi gelar kaisar iku.[1] Ora nuruti nasihat mau iku, Jiajing malah nglebokaké lan ngukum mati para mantri kang protes marang keputusane iku.[1] Perkara iku ndadèkaké akèh para pejabat kang mundur kang nyebabake akèh para pejabat kang padha korup lumebu ana ing papréntahan.[1] Jiajing iku sawijining wong kang percaya marang takhayul lan duwé obsesi kanggo golèk rahasia.[1]
Pranala njaba
besutCheng Qinhua, Tales of the Forbidden City, Bejing: Foreign Languages Press, 1997.
Didhisiki déning: Kaisar Zhengde |
{{{jabatan}}} (Dinasti Ming) 1521-1567 |
Diganti déning: Kaisar Longqing |
Cathetan suku
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |