Mistik kejawén ya iku wujud saka salah sijining laku kang dilakokaké dèning aliran kebatinan lan pitados. Mistik kejawèn uga bisa awujud lakuné budaya Jawa kang nyoba kanggo nyedhakaké awak marang Gusti. Bab iku ngartèkaké yen laku mistik kejawen ya iku mistik, pitados, lan kebatinan. Iku telung sisi kultural kang padha jangkepi. Kanthi atur liya, mistik ya iku bagian saka jurus kebatinan ana ing praktèk kultural.

Titik temu besut

Ana bab-bab liyan kang ana gegayutané antara mistik kejawén, kebatinan, lan pitados. Keteluné kabeb padha nganggo laku spriritual ana ing kauripané. Nanging, yèn digatèkaké, masing-masing dhuwèni bebéda ana ing salah sijining bab. Kapercayan ya iku paham kang sifaté dogmatis kan kajalin ana ing adat-istiadat urip saben dina sama manéka suku bangsa kang percaya apa baé kang dipercaya dèning simbah buyut (nenek moyang). Déné kebatinan ya iku bentuk bakti marang Gusti kang Maha Agung pinuju kawujudé budi luhur lan kasempurnané urip. Kebatinan uga carane Indinesia kanggo ngentukaké kabegja. Kebatinan kui mau bisa awujud tasawuf, puruhita, theosofi, lan mistik. Ananging ana jerone iku tetep ngembangake aspek innee reality (kenyataan rohani).

Mistik kejawen ya iku perwujudan saka salah sijining laku kang dilakokaké dèning aliran kebatinan lan pangandel. Berarti, mistik ya iku bagian saka jurus kebaten ana ing praktèk kultural. Pandangan urip masyarakat jawa kang nganut aliran kwbaten uga laku mistik, bakal mertahanke pilar urip  ana ing katentreman batin, keselarasan lan keseimbangan kang didasari dèning sikap narima, sabar, awas èling, anoraga/andhap asor, lan prasaja.

Gaya urip besut

Gaya uripe penganut  batin ya iku gaya urip kang mupuk batiné. Amarga iku, dasarè batin kang awujud upaya panembusan pangerten ngemut alam raya kanthi tujuan nganakaké hububgan langsung marang antara manungsa lan Gusti. Kui mau bisa awujud ilmu gaib, sihir, arepo kui ireng apa putih, metafisika kang dipraktekaké ana ing kauripan lan kabèh kawruh lan laku gaib. Kabèh laku kui mau bisa utawa ora bisa dilebokaké ana ing kauripan kaim kebatèn. Rèsikoné saka bab kui mau bisa munculake rong pendapat ya iku kanggoné manungsa kang seneng kebatèn. Kaya ta wong abangan, bakal nganggep kui mau mistik ya iku laku sederhana, uga ekspresi uripe keagamaan kang paling luhur. Ananging sakwaliké, kanggi wong kang ora seneng, misalé kaum santri bakal nganggep mistik ya iku laku kang akèh dosa bahkan ana kang ngrèmèhaké yen kebaténan ya iku klenik. Gaya urip kebatinan kang sarat laku mistik ngemut kabèh bentuk kabudayan Jawa, kaya ta pitados babagan ramalan marang kedadéan kang bakal teka, penafsiran lambang-lambang lan kesaktian barang keramat lan makam. Kaitané marang kebatinan uga dilaksanakaké upacara kanggo nganakaké kontak marang alam gaib ana ing kabèh aspék. Kauripan kebatinan uga bakal ngemut babagan simbolisme magis lan pitados bab karma.

Praktek kebatinan besut

Ana ing praktik kebatinan kang nuansa mistik, pancen ana bedané antarané siji sèkté lan liyane, organisasi kang siji lan sijiné, malah ing antarané manungsa. Nanging, kabèh kudu pinuju ana ing manunggaling kalwula Gusti. Saben manungsa uga bebas ngembakaké eksprèsi lan daya intuisine supaya pikanthuk pengalaman batin saben berhubungan marang Gusti.

Lumrahé penganut kebatinan lan uga kabèh variasiné kudu ngèmut marang upaya kanthi tingkat suwung supaya bisa diisi dèning rawuhing Gusti. Mereka pancèn ana kang ora gelem gunakaké semèdi utawa mediasi ana ing hubungan dèning Gusti, ananging luwih seneng lewat olah rasa lan sujud pasrah. Sikap kui mau didasari rasa sumarah marang Gusti kanthi jangkep.

Sifat lan pola pikir kebatinan besut

Pol pikir etis ya iku pikiran mistis kang pinuju kawujudé manungsa berbudi pekerti luhur utawa manungsa waskitha. Kang kaping pindho ya iku pola pikir kosmis, ya iku manungsa ngarepaké lebur nyawiji kelawan alam donya. Kang ketelu ya iku pola pantheistis yaknk salah sijining pamikiran antroposentris kang kudu ngupayakake pinuju mnunggaling kawula gusti. Sifat lan pola pikir kang mangkono, uga asring dilakokaké dèning mistikawan ana ing nglakoni kauripané. Yen mangkono, bisa dimangertèni yen kebatinan, pitados lan mistik kejawèn iku amung "dalan"  kanggo nyedakaké awak marang Gusti. Ritual kang dilakoni uga padha karo agama ora bertentangan.

Misthik lan kebatinan pancèn cedhak banget, malah miturut keyakinan kontemporer, mistisisme uga berarti kebatinan. Miatisisme ya iku paham lan peradaban Jawa asli. Praktèk mistik kejawèn ora bakal ucul saka kebatinan. Andalan laku mistik ya iku daya batin. Nganggo batin, bakal bisa nyambung langsung dèning kasunyatan kang luwih duwur.

Rèferènsi besut

Mistik kejawèn[1]

  1. Endraswara, Suwardi, 1964- (2003). Mistik kejawen : sinkretisme, simbolisme, dan sufisme dalam budaya spiritual Jawa (édhisi ka-Cet. 1). Sleman, Jogjakarta: Narasi. ISBN 979-97564-2-1. OCLC 61130549.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)