Kebenan
Kebenan iku asalé sing tembung keben. Tegesé ya iku bentuk paésan kang mirib karo buah wit keben. Wit keben iku wit gedé kang duwé kembang lan buah kang bagus rupaé. Ning Kraton Yogyakarta ana rong karang Kemandungan utara iku ditanduri wit-wit keben dadi disebuté Keben. Kang wis disebutnang, kebenan iki dhapuré kaya buah keben, segi papat lonjong runcing kaya makuta[1][2]. Ning umah-umah ningrat, kebenan iki diukir kaya kembang kuncup[1][2]. Kebenan ini ana keding ning wangunan candi lan watu nisan kuburan. Kebenan sekien wis akèh warna-warna rupaé. Ning umah tradhisional kang nganggo bahan kayu akèh kang beli dipai warna. Amarga lumrah paésan iki langka warnaé, dadi polos kaya warna kayu[1]. Yén ning wangunan kang ana warna kaya ning umah wong ningrat, kebenan dipai warma. Ana kang polos baé, ana keding kang dipai warna sunggingan. Cara gawé kebenan iku diukir ning kayu atawa watu nganggo cara telung diménsi lan digawé sedurung dipasang ning umah. Kebenan biasaé dadi paésan ning kancing blandar tumpang ujung ngisor. Kebenan bisa dideleng ning umah-umah joglo. Makna kebenan ya iku nyimbolaken keanaan kang beli sampurna kang alon-alon dadi keanaan kang sampurna[1].
Rujukan
besut- ↑ a b c d Dakung, Sugiyarto, dkk (1982). Arsitektur Tradisional Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Depdikbud. kc. 136–138.
- ↑ a b Iswanto, Danoe (Juni 2008). "APLIKASI RAGAM HIAS JAWA TRADISIONAL PADA RUMAH TINGGAL BARU" (PDF). ENCLOSURE: Jurnal Ilmiah Perancangan Kota dan Permukiman. Volume 7 No. 2: 92. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2019-10-24. Dibukak ing 2017-07-12.
{{cite journal}}
:|volume=
has extra text (pitulung)