Kethoprak Pati ya iku kumpulan grup kethoprak ingkang asalé saking Pati lan ngrembaka ing laladan pasisir lor Tanah Jawa.[1] Ngrembakane Ketoprak Pati bisa diarani mrojol selaning agaru saking surute ketoprak-ketoprak ing Sala, Jogjakarta, Kediri, lan Tulungagung.[2]

Conto swasana panggung kethoprak

Mula BukanéBesut

Durung ana cathethan kang gumathok ngenani kapan wiwitane kethoprak digelar ing laladan Pati.[3] Nanging yèn ngelingi watara taun 1949-1950 wis ana grup ketoprak aran Budi Sampurna ing Désa Bakaran Kacamatan Juwana, bisa ditimbang manawa ketoprak wis nyawiji minangka èksprèsi kesenian ing wewengkon iki wiwit awal kemerdekaan Republik Indonesia.[3][4] Nganti taun 70-an, iringan lan busana paraga isih katon prasaja kaya déné kendhang, gong, balungan, bonang, lan keprak.[3] Manut ing jaman kelakone, ketoprak Pati diperang dadi grup ketoprak paguyuban lan grup ketoprak juragan. Ketoprak Paguyuban nengenake rasa guyub lan gotong royong, déné ketoprak juragan kabawah sawijining bos kang duwé wewenang nyepakake kabèh uba rempe pentas kalebu gedhé cilike upah juru main.[3]

Grup Ketoprak PatiBesut

Grup Ketoprak Pati watara ana 35 grup, nanging kang kalebu rangking sepuluh paling laris [1] ya iku

  1. Cahyo Mudho saka Bakarankulon Juwana,
  2. Siswo Budoyo saka (Growonglor, Juwana),
  3. Langen Marsudi Rini (saka Growongkidul),
  4. Wahyu Budoyo saka (Ngagel, Dukuhsekti),
  5. Bangun Budoyo saka (Karang, Juwana),
  6. Ronggo Budoyo saka (Rangga, Jaken),
  7. Dwijo Gumelar saka (Sidomukti, Jaken),
  8. Kridho Carito saka (Sumberejo, Jaken),
  9. Konyik Cs saka (Tlogowungu),
  10. Manggala Budaya saka (Pelemgede, Pucakwangi)

Lakon Ketoprak UnggulanBesut

Lakon-lakon kang dipentasake ing panggung, lumrahe diangkat saka carita rakyat, legéndha, lan dongèng kang misuwur ing masarakat Pati lan pasisir lumrahé.[5] Umpamane:

  1. Syekh Jangkung Lair
  2. Ontran-ontran Cirebon
  3. Geger Palembang
  4. Bedhahing Ngerum
  5. Sultan Agung Tani
  6. Lulang Kebo Landoh
  7. Ondho Rante
  8. Lonthang Semarang
  9. Maling Kapa, Maling Kentiri

Cathetan sukuBesut

  1. a b Ketoprak, Berpalinglah ke Pati(28 Maret 2011)
  2. Revitalisasi Ketoprak Pati(dipuntingali 28 Maret 2011)
  3. a b c d [Purnomo, Sucipto Hadi. 2008. Ketoprak Pati Tak Mati-mati: Kajian Fungsi dan Estetika Ketoprak Bakaran. Tesis. Semarang: Unnes. 60.] Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  4. Ketoprak Bakaran Melenggang bersama Zaman(28 Maret 2011)
  5. Membaca Dokumen Multikultural Di Kabupatèn Pati Saat Ini(28 Maret 2011)