Kimia organik iku pacabangan studi èlmiyah saka èlmu kimia ngenani struktur, sipat, komposisi, réaksi, lan sintesis senyawa organik. Senyawa organik diwangun mligi déning karbon lan hidrogen, lan bisa ngandhut unsur-unsur liya kaya ta nitrogèn, oksigèn, fosfor, halogen lan wlirang. Dhéfinisi asli saka kimia organik iki asalé saka kasalahpahaman yèn kabèh senyawa organik mesthi asalé saka organisme urip, nanging wis dibuktèkaké yèn ana sapérangan pangecualian. Malah sabeneré, kauripan uga gumantung banget ing kimia anorganik; minangka conto contoh, akèh enzim kang ndhasaraké kerjané ing logam transisi kaya ta wesi lan tembaga, uga untu lan balung kang komposisiné wujud campuran saka senyama organik uga anorganik. Conto liyané ya iku larutan HCl, larutan iki duwé peran gedhé ing prosès pancernan panganan kang mèh kabèh organisme (mligi organisme tingkat dhuwur) migunakaké larutan HClHCL kanggo nyerna panganané, kang uga digolongaké ing senyawa anorganik. Ngenani unsur karbon, kimia anorganik racaké ana kaitané karo senyawa karbon kang prasaja kang ora ngandhut ikatan antar karbon upamané oksidaoksida, garamgaram, asamasam, karbidkarbid, lan mineralmineral. Nanging prakara iki ora ateges yèn ora ana senyawa karbon tunggal ing senyawa organik upamané metan lan turunané.

Struktur dari molekul metana: ikatan hidrokarbon kang paling prasaja.

Sajarah

besut

Kimia organik minangka sawijining èlmu kanthi umum disarujuki wis diwiwiti ing taun 1828 kanthi sintesis urea organik déning Friedrich Woehler, kang kanthi ora sengaja nguapaké larutan amonium sianat NH4OCN.

Pranala njaba

besut
 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.