Kurup Asapon
Kurup Asapon (Alip Selasa Pon) ya iku kurup kang diwiwiti tanggal 1 Sura dina Selasa Pon taun Alip 1867, Wuku Langkir, Windu Adi utawa tanggal 24 Maret 1936 nganti dina Ahad Legi tanggal 29 Besar taun 1986 Jimakir, Wuku Kulawu, Windu Sangara utawa tanggal 25 Agustus 2052 Masèhi. Petungan dina kurup iki kang saiki lumaku.
Kurup sadurungè Asapon ya iku kurup Abogé.
Wiwitan dina saben sasi ing sajeroné kurup Asapon ya iku :
Taun | Tibane dina ing tanggal siji | |||||||||||
Sura | Sapar | Mulud | Bakdamulud | Jumadilawal | Jumadilakir | Rejeb | Ruwah | Pasa | Sawal | Dulkaidah | Besar | |
Alip | Selasa Pon | Kemis Pon | Jemuwah Pahing | Ngahad Pahing | Senèn Legi | Rebo Legi | Kemis Kliwon | Setu Kliwon | Ngahad Wagé | Selasa Wagé | Rebo Pon | Jemuwah Pon |
Ehe | Setu Pahing | Senèn Pahing | Selasa Legi | Kemis Legi | Jemuwah Kliwon | Ngahad Kliwon | Senèn Wagé | Rebo Wagé | Kemis Pon | Setu Pon | Ngahad Pahing | Selasa Pahing |
Jimawal | Kemis Pahing | Setu Pahing | Ngahad Legi | Selasa Legi | Rebo Kliwon | Jemuwah Kliwon | Setu Wagé | Senèn Wagé | Selasa Pon | Kemis Pon | Jemuwah Pahing | Ngahad Pahing |
Je | Senèn Legi | Rebo Legi | Kemis Kliwon | Setu Kliwon | Ngahad Wagé | Selasa Wagé | Rebo Pon | Jemuwah Pon | Setu Pahing | Senèn Pahing | Selasa Legi | Kemis Legi |
Dal | Jemuwah Kliwon | Ngahad Kliwon | Senèn Wagé | Rebo Wagé | Kemis Pon | Setu Pon | Ngahad Pahing | Selasa Pahing | Rebo Legi | Jemuwah Legi | Setu Kliwon | Senèn Kliwon |
Be | Rebo Kliwon | Jemuwah Kliwon | Setu Wagé | Senèn Wagé | Selasa Pon | Kemis Pon | Jemuwah Pahing | Ngahad Pahing | Senèn Legi | Rebo Legi | Kemis Kliwon | Setu Kliwon |
Wawu | Ngahad Wagé | Selasa Wagé | Rebo Pon | Jemuwah Pon | Setu Pahing | Senèn Pahing | Selasa Legi | Kemis Legi | Jemuwah Kliwon | Ngahad Kliwon | Senèn Wagé | Rebo Wagé |
Jimakir | Kemis Pon | Setu Pon | Ngahad Pahing | Selasa Pahing | Rebo Legi | Jemuwah Legi | Setu Kliwon | Senèn Kliwon | Selasa Wagé | Kemis Wagé | Jemuwah Pon | Ngahad Pon |
Penanggalan jawa kang nggunakaké rumus ing ndhuwur iku ana kalane gèsèh karo penanggalan Hijriyah sanajan padha-padha dhedhasar lakuné rembulan. Gèsèhing dina iki bisa dadi pitakonan tumrap wong kang kurang mangerti penanggalan, kaya ta nalika pèngetan 1 Sura 1944 Bé (2010 M) kang ora bareng karo 1 Muharram 1432 H. Kedadéan iku malah banjur digayutaké karo prakara liya kaya ta masalah pulitik ing sajeroning Kraton Kasunanan.[1]
Kanggo amrih gampang nentokaké dina lan pasaran ing kurup Asapon, Johan Hudaya lan bapaké, Witono ngengréka piranti kang diarani kalèndher abadhi kurup Asapon rupa cakra kang bisa diputer. Kanggo nentokaké dina lan pasaran, larahané mangkéné :
- puter cakra werna ireng menyang sasi kang dipingini;
- puter cakra werna ijo lan dipaské jeneng tauné marang jeneng taun kang trep ing sisih ngisor
- cocogkaké cakra tanggal marang cakra dina lan pasaran kang pener.[2][3]
Umpamané conto ing gambar, ing sasi Bakdamulud taun Dal, tanggal sijiné pinuju dina Rebo Wagé.
Rujukan
besut- ↑ "Gesehe Pengetan Siji Sura | Joglosemar". edisicetak.joglosemar.co (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-01-24.[pranala mati permanèn]
- ↑ "Kalender Jawa Asopon Karya Johan Hudaya Dan Witono Bag II". Garda Bala. Diarsip saka sing asli ing 2017-09-26. Dibukak ing 2017-12-07.
- ↑ A Hasan. "Penentuan awal bulan Kamariyyah pada kalender abadi Asopon karya Johan Hudaya dan Witono". eprints.walisongo.ac.id.