Lawang (tuwuhan)
Lawang utawa tetuwuhan (illicium verum) yaiku sing ngasilake kembang lawang, sing akeh dikanggokake gawe empon-empon, obat lan bumbu masak. Dhuwure wit kembang lawang bisa nganthi 8 meter. wujud kembang lawang persis kaya lintang utawa kembang sing duweni wolung slaga pucuke lincip.Ambune khas banget,landhep lan wangi karo rasa saitik legi. Kembang lawang biasane didadekake empon-empon gawe panganan, padha kaya kulit kayu manis lan kembang cengkeh. Ing Indonesia, kembang lawang asring digawé bumbu ing saperangan dhaerah sing duweni titikan masakan bumbune tajem. Upamane gule Aceh, rendang Minang, masakan Jawa, lan Bali.
Sejene nyedepake masakan, kembang lawang uga duweni khasiat kasihatan. Kaya ta gawe ngatasi lara pencernaan lan fungsi diuretik utawa ngelancarake saluran kencing. Sejene kuwi digawé uga kangge obat tradisional ing Asia, tuladhane gawe lara sendi.Kembang lawang uga kerep dimanpangatake gawe omben tradisional kaya ta jamu lan campuran ngombe teh. Kaya teh khas Thailand sing ora liya campuran teh ireng lan bubuke kembang lawang. Uga wedhang pekak, ombenan tradisional khas masyarakat Kabupaten Demak.[1]
Arané désa
besutDesa-desa ning Jawa Wetan/ Jawa Tengah / DIY kang nganggo aran lawang ya iku :[1]
No | Desa/kelurahan | Kecamatan | Kabupaten | |
---|---|---|---|---|
1 | Bululawang | Bululawang | Malang | |
2 | Lawang | Lawang | Malang | |
3 | Sambilawang | Dlangu | Mojokerto | |
4 | Lolawang | Ngoro | Mojokerto | |
5 | Sumolawang | Puri | Mojokerto | |
6 | Mranggon Lawang | Dringu | Probolinggo |
Rujukan
besut- ↑ a b santosa, imam budhi (2017). suta naya dhadhap waru. Yogyakarta: Interlude 2017. kc. 269. ISBN 978-602-6250-42-1.