Lisozim ya ikuenzim kang medhotake ikatan β-1,4-glikosida antarané asem-N-asetil glukosamin karo asem-N-asetil muramat ing peptidoglikan saéngga bisa ngrusak dinding sel bakteri.[1] Banyu banjur bisa lumebu ing jero sel lan nyebabake sel mlembung lan pungkasane pecah, prosès mau sinebut lisis.[1] Lisozim bisa tinemu ing sekresi kéwan kalebu luh, saliva, lan cuwèran badan kang liyané minangka mekanisme pertahanan badan tumrap infeksi bakteri.[1] Lisozim bisa matèni bakteri yèn lingkungan panggonan bakteri mau ora ana ing kaanan isotonis ya iku konsèntrasi zat terlarut ing jero sel lan ing jaba sel (lingkungan) seimbang saéngga sanajan dinding sel bakteri pecah, banyu ora bakal lumebu ing sel lan lisis ora kedadeyan.[1] Ing kéné, sel kng wis kelangan dinding sel mau diarani minangka protoplas.[2] Kaanan isotonis mau bisa digawé kanthi nambahake zat terlarut kaya ta sukrosa ing lingkungan sel (lumrahé wujud cuwèran kaya ta banyu).[1] Suwalikke, yèn sel ana ing lingkungan kang hipotonis ya iku konsèntrasi zat terlarut ing jero sel luwih dhuwur tinimbang lingkungane, banyu bakal berdifusi lumebu ing jero sel lan nyebabake sel pecah (lisis).[1]

Kristal lisozim.
Struktur lisozim dhedhasar analisis ngangggosinar-X

Uga delengen

besut

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f Madigan MT, Martinko JM, Brock TD. 2006. Brock Biology of Microorgnisms. New Jersey: Pearson Prentice Hall. Hal: 78. ISBN 0-13-196893-9
  2. Hogg S. 2005. Essential Microbiology. West Sussex: John Wiley & Sons Ltd.


Cithakan:Bakteri-stub