Lukisan lenga iku laku kang mulas pigmèn nganggo srana cét lenga (drying oil) dinggo pengulené. Umum digunakaké pangatusan lengo kalebu lenga perila, lenga wiji poppy, lenga walnut, lan lenga safflower. Pilihan lenga kui bisa didelok saka wektu garinge utawa menguningé. Tartamtu béda, gumantung ing lenga, uga katon didelok saka gilapé saka cat. Artis bisa nggunakaké lenga sing béda-béda ing padha lukisan gumantung ing tartamtu pigmen lan efek sing dipengini. Cat piyambak uga mbentuk konsistensi gumantung ing medium. Lenga bisa digodhog karo resin, kaya ta pinus utawa menyan, kanggo mernis ben ketok kinclong.

Painting is a portrait of a lady smiling subtly with her hands crossed. She has smooth, white skin and is centered against a landscape background.
Mona Lisa, Leonardo da Vinci, c. 1503-06

Sanajan lukisan lenga iki pisanan dipigunakaké ning lukisan Buddha déning India lan Cina ing kulon Afghanistan antarané abad kalima lan sepuluh.[1] iku durung dikenal nganti abad angka 15. Prakték kui kayane pindah ana ing kulon  pas Abad Tengahan. Lukisan lenga akhire dadi médhia pilihan kanggo nggawé karya kagunan minangka sawijining kaluwihan dadi dikenal. Transisine diwiwite lukisan Netherland ing Eropah Lor, lan kanthi dhuwure teknik lukisan lenga Renaissance nganti meh ngganti anggoné cét tempera ing mayoritas Eropah.

Ing taun anyar, banyu campur cét lenga wis dadi kautaman lan, kanggo sawatara nggenteni lenga tradhisional. Cét kang larut ning banyu ngemot emulsifier ndadèkaké bisa luwih gampang diéncérké tinimbang pengéncér lenga (thinner), lan garingé luwih rikat (1-3 dina) nalika dibandhingake karo lenga tradhisional (1-3 minggu).

Rujukan 

besut

[2]

  1. Barry, Carolyn. "Earliest Oil Paintings Found in Famed Afghan Caves". National Geographic Society. Dibukak ing 7 Januari 2013.
  2. "Oil Painting: Centuries Old & Still Going Strong". artistdaily.com. 15 Juni 2015. Diarsip saka sing asli ing 2017-06-24. Dibukak ing 11 Sèptèmber 2017.