Mésias (asalé saka basa Ibrani mashiah) iku tegesé "kang diurapi".[1] Sajeroning basa Yunani, tembung mesias dijarwakaké kanthi tembung kristos, lan saka kono ditepungi sebutan Kristus kang dadi salah siji sesebutan Yésus.[1] Sebutan mesias oyoté saka pangertèn Yahudi ngenani siji tokoh ing mangsa ngarep kang bakal teka minangka wakil Allah kanggo nggawa keslametan kanggo umat Yahudi.[2] Konsèp mesianik iki ditepungi uga sajeroning agama-agama kang oyoté saka Abraham, yaiku kakristenan lan Islam. Sajeroning kakristenan, Yésus Kristus dianggep mesias kang wis diantu-antu kanggo nggawa keslametan saka Allah marang manungsa.[1][2] Éwadéné sajeroning Islam, konsèp mesianik ana sajeroning pamahaman Islam ngenani Isa/Yésus kang bakal teka ing dina penghakiman kanggo ngalahaké dajjal.[3] Pamahaman iki ora ana ing njeroning Quran, nanging sumberé saka Hadis.[3]

Bagéan saka seri babagan
Yésus Kristus

Barkas:Kölner Maler um 1450–1460 001.jpg

Asma lan sesebutan
YésusKristusMesiasIsa AlmasihJuruwilujeng

Yésus Kristus lan Kakristenan
KronologiKalairanSilsilah
PambaptisanPelayananMukjizat
PerumpamaanBujana AkirPanyekelan
PangadilanPanyalibanPati
PanguburanWunguMékrad
Rawuh kapindhoPenghakiman

Ajaran utama Yésus Kristus
MesiasKotbah ing Bukit
Donga Rama KawulaUkum Katresnan
Bujana WengiAmanat Agung

Pandhangan marang Yésus
Pandhangan Kristen
Pandhangan Islam
Pandhangan Yahudi
Yesus jroning sajarah
Yesus jroning karya seni

Tembung mésias ngrujuk marang wong kang diurapi Allah, selaras kabiyasan Israèl kuna kang ndeleng tindakan pangurapan minangka tengering pamilihan lan panyucèn Allah.[4] Wong kang diurapi dianggep duwèkané Allah lan éntuk jejibahan kusus.[4] Tokoh-tokoh kang dilantik kanthi pangurapan lumrahé raja lan imam, utawa uga tokoh kang dipilih déning Gusti dhéwé.[4] Sajeroning Alkitab Ibrani utawa Prajanjian Lawas, istilah mau diwènèhaké marang Raja saka wong-wong Yahudi kang diurapi nalika prastawa pelantikan dhèwèké (bdk. 1 Samuel 10:1, Mazmur 2:2).[5]

Deleng uga

besut

Réferènsi

besut
  1. a b c S.M. Siahaan. 2001. Pengharapan Mesianis dalam Perjanjian Lama. Jakarta: BPK Gunung Mulia.
  2. a b Barnabas Ludji. Karajan Mesias. Jakarta: UPI STT Jakarta.
  3. a b John Iskander. 2009. "Antichrist". In Encyclopedia of Islam. Juan Campo (ed.).New York: Facts On File.
  4. a b c C. Groenen. 1980. Pengantar ke dalam Perjanjian Lama. Yogyakarta: Kanisius.80-82.
  5. Bart D. Ehrman. 2004. The New Testament: A Historical Introduction to the Early Christian Writings. New York, Oxford: Oxford University Press.

Pranala njaba

besut