Tuduhaké menu pokok

Marco Polo (lair 15 Sèptèmber 1254 – pati 8 Januari 1324 ing umur 69 taun), punika satunggiling bakul lan panjlajah donya. Piyambakipun sangkanipun saking Venesia, sapunika wonten ing Italia. Marco Polo lajeng saking Éropah késah dhateng ing Cinten manglampahi Jalur Sutra, utawi jalur dharat (1271-1275). Sadhatengipun ing Beijing, rikala punika Cinten dipunkuwasani tiyang Monggolia (Tatar). Marco Polo lajeng ngabdi dhateng ratu Kublai Khan, laminipun 17 warsa. Lajeng wangsul dhateng ing Éropah. Sapunika manglangkungi segara, langkung tanah Jawi kaliyan pulo Sumatra (1292-1295).

Marco Polo
Marco Polo portrait.jpg
Potret Marco Polo[1]
Lairk. 1254
Venesia, Républik Venesia
PatiJanuari 8, 1324(1324-01-08) (umur 69)
Venesia, Républik Venesia
Gréja San Lorenzo
45°15′41″N 12°12′15″E / 45.2613°N 12.2043°E / 45.2613; 12.2043
BangsaVenesia (Itali)
PakaryanSaudagar, panjlajah
Kondhang ingPerjalanan Marco Polo
BojoDanta Badoer
AnakFantina, Bellela, lan Moretta
Wong tuwaBapa: Niccolò Polo
Asam ibu boten ngertos
tumb

Akeh carita kang misuwur lan aneh saka bangsa Éropah. Ing wektu iku, bangsa Barat ora ngerti donya Timur. Saperangane wong Pinter mènèhi panemu yèn ta marco Polo pancen lunga tekan Cina, nanging ora tekan kabèh panggonan kang digambarake ana bukune (kaya ta Xanadu).

Salah sijiné carita Marco Polo kang nyengsemake bangsa Indonésia ya iku caritane kang aran ’’unicorn’’ utawa jaran kang duwé sungu kang panemune dhèwèké weruh ana ing pulo Sumatra. Nanging Ilmu kawruh kang mbuktekake panemune iku dudu unicorn nanging ya iku kang diarani warak Sumatra.

Marco Polo lan IndonésiaBesut

Saperangane aran panggonan ing Indonésia kang ana ing buku cathetan Marco Polo, antarané:

  • Pulo Jawa Gedhe (pulo Jawa); kang dikira-kira amba banget amarga pasisir kidule ora sempet dijlajahi dhèwèké. Uja dicaritakake ana èkspèdhisi perang utawa serangan saka Kubilai Khan maring Jawa lan ora kasile.
  • Pulo-pulo Sondur lan Condur (durung cetha); kira-kira iku saperangane pulo-pulo cilik ana ing Laut Cina Selatan kang atu digawé dadi pathokane pelayaran.
  • Pulo Pentam (pulo Bintan); kang disebutake panggonane saka ing selat Singapura
  • Kutha Malaiur (Melayu, utawa Palembang?); uga dicaritakake raja-raja Melayu, kaya ta Paramasura.
  • Pulo Jawa Cilik (pulo Sumatra?); kang kira-kira bisa diarani Sumatra, amarga saka ciri khase ya iku ana komoditas lan kewane (gajah, warak, garudha ireng) kang disebtake.
  • Karajan-karajan Ferlec (Perlak) lan Basma (Pasai?); uga dicaritakake karajan tangga-tanggane sarta suku Battas (Batak) ing jerone alas.
  • Karajan-karajan Samara (Samudra) lan Dagroian (durung cetha); disebutake ana wit klapa (palem Melayu) lan legenda kanibalisme famili kang ninggal.
  • Karajan-karajan Lambri (Lamuri) lan Fansur (Barus); uga disebutake kanthi legenda wong manungsa kang duwé wulu lan buntut (orangutan?), kapur barus, lan sagu klapa.

Cathetan sukuBesut

  1. Sumber kang Pas durung mesthi iki, nanging foto iki saka lukisan abad ke-16 ing gladri Monsignor Badia ana ing Roma. Inskripsi: Marcus Polus venetus totius orbis et Indie peregrator primus. foto iki ana ing Nordisk familjebok Berg 1915, p. 1261

Sumber saka njabaBesut