Masjid Kraton Saka Tunggal

Masjid Saka Tunggal ya iku salah sawijing masjid ing Ngayogyakarta kang duwé saka guru cacahé siji. Amarga kuwi, masjid iki dijenengi Masjid Saka Tunggal. Masjid Saka Tunggal mapan ana ing komplek Kraton Kasultanan Ngayogyakarta, kampung Taman KT I/318, Tamansari, Ngayogyakarta. Lemah kang kanggo bangun masjid ya iku lemah Kraton Kasultanan Ngayogyakarta. Masjid Saka Tunggal dirancang déning arsitèk paling kèri saka Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, ya iku Raden Ngabehi Mintobudoyo. Bentuk wangunan masjid iki padha karo wangunan Tamansari. Masjid iki digunakaké déning para warga Islam ing Tamansari kanggo salat lima wektu, salat Jemuwah, pengajian, lan kagiyatan-kagiyatan agama liya.[1] Masjid iki uga ora mung warga Tamansari waé kang kena nganggo, nanging para wisatawan Tamansari uga bisa nganggo masjid iki kanggo papan ibadah. Masjid Kraton Saka Tunggal diresmikaké ing 28 Pèbruari 1973.[2] [3]

Masjid Karaton Saka Tunggal
Masjid Soko Tunggal - panoramio.jpg
Masjid Karaton Saka Tunggal
Informasi umum
Prenah Indonesia
Afiliasi agamaIslam
NagaraIndonésia
ProvinsiDhaérah Istiméwa Yogyakarta
DaerahTamansari, Ngayogyakarta
StatusDigunakaké
StatusAktif
Deskripsi arsitektur
ArsitèkRaden Ngabehi Mintobudoyo
Jinis arsitèkturMasjid
Gaya arsitekturArsitèktur Gagrag Ngayogyakarta (Joglo)
Yasa pratama simbulis1967
Taun rampung1972
Spesifikasi
Kapasitas500-700

SajarahBesut

Dhaérah Tamansari jaman biyèn kalebu dhaérah PKI. Nalika jaman semana, mung ana lima kulawarga muslim. Wong-wong liyané padha milih mèlu PKI amarga ora kuwat karo kahanan urip. Saliyané kuwi, wong padha kepéngin urip kepénak amarga diiming-imingi fasilitas urip kang kepénak. Nalika wis magrib ing jaman semana, wong kang padha mèlu PKI kuwi mau padha pating bengok ganggu para warga muslim kang nglakokaké ibadah salat magrib. Jaman semana ing Tamansari durung ana masjid kanggo warga muslim salat. Salat lan kagiyatan agama ing kana dilakokaké ing gedung sisih lor Tamansari kang biyèn digunakaké dadi pos jaga Tamansari. Sawisé G30S/PKI kadadéan ana ing Ngayogyakarta, pamaréntah nindak tegas wong kang padha mèlu G30S/PKI. Wong kang padha mèlu gerakan kuwi mau dicatheti déning warga muslim ing Tamansari, sawisé kuwi padha dicekel déning Brimob lan diusir saka wilayah Tamansari menyang Pulo Buru, Nusakambangan, lan ana kang dilebokaké ing kunjara. Telung taun sawisé warga Tamansari kang mèlu G30S/PKI dicekel lan dikunjara, para warga dibalèkaké ing masarakat dhaérah Tamansari supaya bisa srawung manèh karo warga masarakat Tamansari liyané.[1]

Sawisé warga kang padha mèlu PKI dibalekaké menyang masarakat Tamansari manèh, ana acara serah terima kanggo para warga kang padha dibalèkaké. Wakil masarakat Tamansari kandha yèn ana wong kang mbalèni mèlu PKI manèh, warga kuwi mau ora bakal dibalèkaké ing Tamansari lan ora bisa ketemu marang kulawargané manèh. Sawisé acara kuwi, para warga mantan PKI padha kandha marang anak-anaké supaya anak-anaké padha mèlu kagiyatan agama lan ngaji ing langgar. Gedung kang kanggo kagiyatan agama kuwi mau wis ora bisa nampung masarakat kang akèh lan metu gagasan kanggo bangun masjid ing dhaérah Tamansari supaya masarakat bisa duwé papan kanggo salat lan nglakokaké kagiyatan liya.[1][4]

PembangunanBesut

Tanggal 21 Agustus 1967, panitia pembangunan Masjid Saka Tunggal dibentuk. Panitia pembangunan masjid diketuai déning Imam Suhadi S.H. Nanging, sanajan panitia pembangunan wis kabentuk, isih tetep angèl anggoné mujudaké pembangunan masjid amarga rencana pembangunan tau mandek suwé. Rencana pembangunan Masjid Saka Tunggal tau mandek amarga ing wektu kuwi ketua RK ing wilayah Tamansari udu wong muslim lan kangèlan anggoné ngurus ijin. Nalika ketua RK Tamansari lunga, para warga nulis surat marang Sri Sultan Hamengkubuwana IX kanggo njaluk ijin supaya para warga bisa nglakokaké pembangunan masjid. Sri Sultan Hamengkubuwana IX akhiré mènèhi ijin marang para warga. Sri Sultan Hamengkubuwana IX uga mènèhi lemah Kraton kaang ambane 900 mèter persegi. Nalika semana lemah kuwi isih dadi lemah kuburan. Sri Sultan Hamengkubuwana IX nalika mènèhi ijin pembangunan duwé pesen marang para masarakat Tamansari. Sri Sultan Hamengkubuwana IX kandha yèn masjid bisa didékaké Monumèn Serangan Umum 1 Maret ing Alun-alun Lor Ngayogyakarta amarga ana 10 wong kang gugur lan disarèkaké ing Tamansari. Saliyané kuwi, masjid iki bakal mapan ana ing Tamansari, Sri Sultan Hamengkubuwana IX kandha yèn masjid iki bentuké kudu joglo, dipadhakaké karo arsitèktur Tamansari lan payon sirep. Ing 27 Oktober 1970, kabentuk panitia anyar amarga ana panitia kang sadurungé akèh kang pindhah lan wis séda. Saliyané kuwi, pembangunan masjid uga tau mandek amarga pembangunan dilakokaké déning pemborong. Panitia anyar pembangunan Masjid Kraton Saka Tunggal iki bisa ngusahaké duwit pembangunan marang pamaréntah. Nalika kuwi, Prèsidhèn Soeharto uga nyumbang dana kanggo pembangunan masjid lan ditampa nalika upacara Rumpun Diponegoro ing Tegalreja. Pembangunan Masjid Kraton Saka Tunggal iki ngalami akèh kadadéan. Panitia ora bisa nemokaké kayu kang digunakaké kanggo tiang masjid amarga ing Ngayogyakarta ora ana kayu ukuran gedhé. Panitia banjur njaluk surat marang Sri Sultan kanggo Perhutani Jawa Tengah supaya bisa olèh kayu jati kang ukurané gedhé. Panitia oleh kayu kuwi mau ing dhaérah Cepu, Blora. Kayu kang digolèk déning panitia ya iku kayu jati kang umuré wés 150 taun kanggo tiang kang nyangga masjid. Nanging, ana bahan pembangunan manèh kang kudu digolèk panitia. Panitia pembangunan ora bisa nemokaké ompak kang bisa nyangga tiang kayu jati kang ukurané gedhé. Ompak kuwi mau bisa ditemokaké déning para panitia pembangunan ing dhaérah Plèrèt, Bantul. Ompak kang dianggo bangun kuwi mau ya iku ompak bekas Istana Sultan Agung.[5][1][4]

ArsitèkturBesut

Masjid Saka Tunggal iki duwé bentuk joglo, duwé menara wesi cacahé siji lan saka cacahé siji. Pembangunan masjid iki dipadhakaké karo adat Jawa, ya iku nalika gawé wangunan mesti ana filosofi lan maksud-maksud liyané. Ing njero masjid ana saka bentung cacahé papat lan sakaguru cacahé siji. Saka bentung lan saka guru yèn dijumlah cacahé ana 5, kuwi nuduhaké lambang Pancasila. Saka guru kang cacahé siji nuduhaké sila kaping pisan, ya iku Ketuhanan Yang Maha Esa. Ing njero masjid uga ana ukiran-ukiran kanggo nambah kaéndahan lan kawibawan. Ukiran kang ana ing njero masjid uga ana tegesé. Ing njero masjid ana ukiran praba. Ukiran praba duwé teges bumi, lemah, lan kawibawan. Ukiran Saton duwé teges déwé lan sawiji. Ukiran Mirong dicipta déning Dwarawati Prameswari Prabu Brawijaya V lan duwé teges maéjan. Ukiran lung-lungan kembang kang ana ing dodopeksi saka Cirebon lan ukiran tetesan embun ing balok uleng duwé teges sapa waé kang ibadah ing masjid iki muga-muga olèh anugerah saka Gusti Allah. Saliyané ukiran, wangunan Masjid Kraton Saka Tunggal iki uga nduwèni akèh filosofi lan tegesé.[1][3]

Konstruksi masjid iki ana kang bentuké bahu dayung. Bahu dayung duwé teges yèn wong-wong kang salat ing masjid iki dadi wong kang bisa kuwat ngadepi goda iblis angkara murka kang teka saka papat penjuru lan lima pancer.Rangka masjid kang dibentuk uga duwé teges dhéwé-dhéwé. Saka brunjung duwé tlambang usaha kanggo olèh kaluhuran wibawa saka lambang tawonan. Sirah godo duwé lambang kasampurnaan sanjata kang ampuh saka jasmani lan rohani. Saliyané kuwi uga ana dudur kang duwé lambang cita-cita kasampuraan urip lan mustoko kang duwé lambang kaluhuran lan kawibawan. Arisitèk masjid iki, R. Ng. Mintobudoyo nalika gawé rancangan masjid kandha yèn ana pelajaran kang penting ing babagan urip manungsa ing donya supaya manungsa bisa olèh kasampurnaan urip.[1]

RujukanBesut

  1. a b c d e f Masjid Bersejarah Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Yogyakarta: Kantor Wilayah Departemen Agama Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. 2007.
  2. Media, Kompas Cyber. "Masjid Unik di Jogja Ini Hanya Punya Satu Tiang Halaman all". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-05-02.
  3. a b Ulung, Gagas (2013-07-30). Wisata Ziarah: 90 Destinasi Wisata Ziarah & Sejarah di Jogja, Solo, (ing basa Indonesia). Gramedia Pustaka Utama. ISBN 978-979-22-8298-6.
  4. a b Astuti, Dina; Wibowo, Arief Ardy. "Kajian Ikonografi dan Ikonologi Soko Guru Tunggal Pada Masjid Soko Tunggal Tamansari Yogyakarta". Jurnal Desain Komunikasi Visual dan Media Baru. 1(2): 23–32.
  5. faisal (2013-10-07). "SOKO TUNGGAL DAN MASJID MARGOYUWONO DALAM BENTENG KERATON YOGYAKARTA". Saraswati (ing basa Inggris). 0 (0). doi:10.24821/srs.v0i0.400.