Mesolitikum (Basa Yunani: mesos "tengah", lithos watu) atau "Zaman Batu Pertengahan" ya iku sawijinig periode ing perkembangan tèknologi manungsa, antarané Paleolitik utawa Zaman batu Tua lan Neolitikum utawa Zaman batu Muda.[1] Istilah iki dikenalake déning John Lubbock ing makalahe "Jaman Prasajarah" (basa Inggris: Pre-historic Times) kang diterbike taun 1865.[1] Nanging istilah iki ora patiya digunakaké nganti V. Gordon Childe mopulerake ing bukune The Dawn of Europe (1947).[1]

Salah sawijining peninggalan jaman mesolitik wujud Abris sous roche.

Nalika Jaman masolitikum ing Indonésia, mangsa uripé kaya jaman paleolitikum uaiku ngajak lan nyekel iwak, nanging manungsa ing mangsa iku uga wiwit duwé papan panggonan rada tetep la cocog tanam kanthi prasaja.[2] Papan panggonan kang dipilih racaké ing pinggir pasisir (kjokkenmoddinger) lan guwa-guwa (abris sous roche) mula ing panggona mau akèh tinemu berkas-berkas kabudayan manungsa ing jaman iku.[2]

Kjokkenmoddinger ya iku larahan pawon saka jaman mesolitikum kang tinemu ing pasisir wétan Pulo Sumatra.[3] Kedadeyan iki ditliti déning Dr. P. V. van Stein Callenfels taun 1925 lan panaliten kang dianakake, panguripan manungsa wektu iku tergantung karo asil anggoné golèk siput lan kerang amarga tinemu larahan kéwan loro mau kang duwure ngancik 7 mèter.[3]

Cathetan suku

besut
  1. a b c Linder, F., 1997. Social differentiering i mesolitiska jägar-samlarsamhällen. Institutionen för arkéologi och antik historia, Uppsala universitet. Uppsala.
  2. a b (Inggris)Susan G. Keates, Juliette Pasveer (2004). Modern Quaternary Research in Southeast Asia, Volume 17: Quaternary Research In Indonésia. Taylor & Francis. ISBN 978-90-5809-674-6.
  3. a b Soekmono R. (1973). Pengantar Sajarah Kebudayaan Indonésia I. Yogyakarta: Kanisius. ISBN 978-979-413-174-9.