Minal 'Aidin wal-Faizin

Sekarang keluarlah semuanya kain yang bagus, tanda memuliakan hari raya. Tua muda, besar kecil, bersalamlah ketika itu sambil bermaaaf-maafan dan mengucapkan selamat hari raya, "Minal aidin wal faizin."
Berita Koto Gedang, No. 2, Februari 1933

Minal 'Aidin wal-Faizin iku tradhisi sing biyasa diucapaké antara sesama muslim Indonesia nalika mahargya Idul Fitri, sawisé ngayahi ngibadah pasa ing sasi ramadan. Ucapan iki kanthi barès diterjemahaké dadi "saka (sing) bali lan kasil", kanthi umum ditejemahaké "Muga-muga kita kabèh kagolong wong-wong sing bali (fitrah) lan kasil (sajeroning latihan nahan dhiri)" [1][2]

Pasulayan besut

Ngucapaké ukara "Minal 'Aidin wal-Faizin" nalika dina riyaya Idul Fitri lan Idul Adha, minangka budaya umat Islam ing Indonesia, sanadyan abasa Arab, ucapan iki ora bakal dimangertèni tegesé déning wong Arab, lan ukara iki ora ana sajeroning kosa kata kamus basa Arab, lan mung bisa ditemoni makna tembung mbaka tembung waé. Ora ana dhasar-dhasar sing jelas ngenani ucapan iki, sing wujud hadist utawa liyané. Miturut hadist nalika dina riyaya para sahabat silih ngucapaké "Taqobbalallahu minna waminkum" sing tegesé "muga-muga Allah nampa amalku lan amal panjenengan sadaya".

Panulisan sing bener:

  • . Minal 'Aidin wal Faizin = Panulisan sing bener.
  • . Minal Aidin wal Faizin = Uga bener miturut éjaan Indonésia.

Ucapan "Minal 'Aidin wal-Faizin" ora diprayogakaké supaya diucapaké ing dina riyaya, kaya déné Rasulullah ngucapaké "Taqabbalallahu Minna Wa Minkum" sing tegesé "Muga-muga Allah nampa (amalan-amalan) sing wis tak lakoni lan panjenengan sadaya lakoni".

Rujukan besut

  1. Nurcholish Madjid, Prisma Pergeseran Budaya Jawa ke Budaya Indonesia [1]
  2. Quraish Shihab, Lentera Hati [2]

Pranala njaba besut